WikiKathā: Dokumentasi Ucap Basa Using kanggo Kamus Digital Wiktionary
Nur Holipah (dipublikasikan pada Rabu, 03 Desember 2025 06:40 WIB)
- Laporan
Hing kabeh uwong bisa ginau lan belajar teka buku. Saikine, lare enom-noman, wong tuwek, sasate mesti nyekel HP. Paran-paran nyageraken HP. Mula ya sing bisa dipenggak maning, uwong nggoleti paran bain anggere liwat internet. Jare, dhung sing ana ning internet, kala-kala malah dianggep sing ana.
Jare Bang Taqiuddin teka Pengurus Besar Aliansi Masyarakat Adat Nusantara (PB AMAN), Bahasa Using iku dadi Bahasa Besar mulane sampek seperene magih ana.
Manggon ring Kedaton Wetan Kemiren, iwuhe Wikimedia Indonesia hang megawe bareng ambi AMAN ring Banyuwangi diangkati Sabtu, 29 Nopember 2025. Instruktur ditekakaken teka Wikimedia pusat (Jakarta). Ana Rafif Aufananda teka Wikimedia Indonesia lan Ulum Rafika teka Wikimedia Surabaya.
Ana sangang (9) bahasa hang dadi sasaran kanggo pegiyetan iki. Antarane: Bahasa Balik (ibx), Bahasa Sasak (sas), Bahasa Using (Osing, osi), Bahasa Kutai (Tenggarong /vkt utawa Kota Bangun (mqg)), Bahasa Isam, Bahasa Punan (Punan Merah (puf), Punan Merap (puc), utawa Punan Tubu (puj)), Bahasa O’hangana Manyawa, Bahasa Sakai lan Bahasa Talang Mamak, Bahasa Orang Rimba.
Mula Basa Using wis duwe kode internasional yaiku [osi] ring Wikimedia. Temune, kanggone nambahi lema (ucap) wis kari input. Mangka AMAN hang salah siji kekerepane masilitasi dulur adat kanggo ulih pengakuan hukum salah sijine liwat program iki. Basa-basa lan ucap masarakat adat hang durung ulih pengakuan hukum utawa keseren, diweni panggon kanggo tampil.
“Kadang ahli bahasa tidak seluruhnya berhasil mengidentifikasi bahasa di seluruh dunia. Melalui kegiatan ini, harapannya pengetahuan yang dimiliki masyarakat bisa ada di internet,” gedigu jelentrehe Bang Taqi wayah ngemblang lawang kawitan.
“Ya emane bain wis duwe kode internasionale. Mulane kari nambahi lema-lema bain. Muga dadi apike,” abane Wiwin Indiarti Ketua Pengurus harian AMAN OSING.
Kanggo basa Using, aturan nulise hang dienggo miloni aturan hang ana ring kamus Using-Indonesia hang disusun ruwahe Pak Hasan Ali. Umpama mengarepe ana hang ngelebokaken hing nganggo aturan iku, bisa dibecikaken.
Penutur Jati akehe wong sepuluh. Suwarane direkam nyang Wiki, saben ucap hang wis dipilihi kelawan Seleksi Lema. Seleksi Lema Hasan Basri lan Nany Asiany MS teka Dewan Kesenian Belambangan (DKB), Venedio Nala teka AMAN OSING, uga Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Dene lema-lema hang wis kepilih, direkam suwarane kelawan Penutur Jati antarane: Haidy Bing Slamet, Ahmad Ali Murtono (Kenthus), Adi Purwadi (Kang Pur), Muhammad Ikhwan, Mbah Rahman, Sarino, Samsul Lasmidi, Ilham Saifulloh, Nur Holipah lan Heni Kurniawati. Saben Penutur Jati iki uga wis dipasangaken ambi penginput siji-siji. Saben penutur jati lan penginput duwe tugas ngelebokaken rekaman suwara 200 ucap.
Ring Wiki, buru ana 51 Halaman alias ucap Using kang wis kecathet. Alihe wis akeh lema Using hang kaya ring Kamus Using Indonesia hang wis disusun ruwahe Pak Hasan Ali.
"Dhemen seru katut diejak ring pegiyetan iki, tengere dalan ginau saya padhang," abane Heni Kurniawati, salah sijine Penutur Jati.
Masiya wis pungkas pegiyetan ring tanggal 29 lan 30 Nopember, sapa-sapaa bisa tetep nulungi lan dadi kontributor ring Wikimedia. Temune, hing mandheg nung pegiyetan hang diacarani bain. Liya dina, tetep bisa nginput sak akeh-akehe gena tambah akeh hang kecathet ring Wiki.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumentasi AMAN OSING
Editor: Antariksawan Jusuf



