Wong Jerman Milu Teka Kemantenan ring Andong, Glagah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Juni 2025 08:20 WIB)
- Laporan



Wong Jerman Milu Teka Kemantenan ring Andong, Glagah

Ana rong macem wong kelenceran teka negara manca. Hang siji istilahe turis yaiku wong hang mung ngentekaken picis merga sarane golet wektu ring sela-selane pegaweyane. Wong-wong digi iki dhemenane mung ngentekaken wektu dienggo iyane dhewek. Kilah-kilah caring nong pesisir hang sepi, kadhang disambi maca buku. Aja sampik ana wong hang nyalah nggacah nyela wektune hang mung semono-monone. Iyane wani mbayar larang pereiyane pokoke ana wektu nyepi kanggo awake. Biyasahe wong-wong gedigi manggone ring hotel bintang paling dhuwur, kepingin dilayani sak apik-apike, hing ngereken ubrede wong sak ubengan ring panggonane nginep. Pokoke bisa ngelangi, caring, maca buku, ndeleng tontonan teradhisional ring panggonan hang enak, aja ana hang ngganggu, pikiran ayem.
   Hang nomer loro hang diistilahaken traveller, hang iki kelenceran naming uga kepingin weruh, wong aseli kono uripe kelendi ya? Budayane kelendi ya? Panganane paran ya?
    Ring umahe Kang Purwadi kerep nginep traveller, hang akeh-akehe sedurunge munggah Ijen. Seliyane kepingin ndeleng endahe pemandhangan ring gunung uga kepingin weruh budayane wong ring panggonane nginep.
   Kaya pasangan Pascal lan Cora, wong teka Jerman hang nginep ring umahe Kang Purwadi Kemiren.
Tepak weruh Kang Pur lan rabine nganggo kelambi adat, sakkal takon-takon paran pardune. Sarta dijelasaken arep menyang iwuh wong kemantenan, iyane takon lan ambi Kang Pur dijelasaken tata carane  kemanten adat Using. Aju jak loron kepingin milu.
   Ambi Kang Pur diidini kelawan nganggo penganggo adat. Wong loro saya girang. Hang lanang nganggo kelambi cemeng-cemeng udhengan, hang wadon nganggo tapih bathik lan kebaya cemeng.
   "Sangking senenge sampek teka kundangan penganggone sing diothak-othak," ceritane Kang Pur.
   Kabeh dhayoh negara manca kang nginep ring umahe Kang Pur mesthi diejak gesah lan diejak mara nyang kerukunan warga (wong duwe gawe), jare Kang Pur.
   "Sun kongkon nggawa sumbangan kaya kang biyasahe cara kampung, wadon nggawa beras lanang nggawa picis sak pantese."
    Wonge saya girang, merga arane disiluri pisan ambi aran Using. Hang lanang diarani Senari lan hang wadon disiluri aran Atijah.
   Dadi bengi dina Rebo (18/6), Senari lan Atijah menyang kondangan ring dulur Andong, ndeleng kemanten 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf