Wong Using lan Tumpeng Serakat

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 13 Mei 2026 08:08 WIB)
- Laporan



Wis anjrah uripe wong Using hing adoh ambi selametan, njaluk selamet uripe nang Pengeran uga andum panganan nyang dulur lan tangga.
   Kaya jare sesepuh masarakat Kampung Dukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik, hang arane tumpeng serakat keneng dienggo macem-macem. Kadhung ring Dukuh akeh kanggone, kayata:
Ngaturi dahar (biyasahe kanggo wong hang arepe duwe gawe)
Tingkeban
Nyunati
Penganten
Nyelameti semaya putu
Nyelameti kebonan
Ngebangi umah
Sepasaran wong mari duwe gawe
Nyukit lemah
Mudhun lemah
Nyelameti awak
Lokatatan/Ruwatan
Ngethok kuncung
Mbuwang jangan
Kalawan
   Kadhung dikenceti tumpeng iku ngemu pitudhuh Tumrap maring Pengeran/ Tuntunane muji nyang Pengeran (Gusti Alloh).
   Dene Serakat nduweni karep Serah/pasrah tirakat ngalap berkat/ngarah barokah.
   Isine tumpeng serakat dhewek ya nduweni arti kang jeru. Sega tumpeng wujude ngerucut (lincip ndhuwur), dongane kanggo Gusti hang Maha Luhur/Dhuwur.
   Janganane: tegok, terong, kara, bayem lan manisah, ngemu maksud mergane uripe menungsa ana ring donya iku Gusti kang Maha Kuwasa nasibe ana rong perkara yaiku ana (bayem) ayem uga (manisah) susah.
   Sawen/ godhong sawi, godhong ranti, manisah, kacang, pakis lan genjer maksude
nawi atine (kang duwe hajat) susah  ya gancanga lan gelis-gelis dibujara ring Gusti kang Maha Kuwasa.
    Godhong sawen, pare, langkir/kenikir, ranti godhong bayem, pakis lan katu maksude nawi kang duwe hajat diparingi pikiran ayen/seneng ya gelis-gelisa keturutan karepe.
   Pelas: Pengeran selaluwa maringi kawelasan saklawas-lawase nyang hang duwe hajat.
   Anane suket lalang/alang-alang lan godhong serakat ambi kembange jajang (paren) tambah kembang apa-apa. Sedulur (arane) kang duwe hajat waktu samarine muga-muga Gusti Alloh maringana selamet sakteruse serta aja sampik nemu alangan paran-paran utawi mboten manggihi alanga napa-napa.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Kangedai

Editor: Antariksawan Jusuf