YALI Kudu Saya Propesional
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Januari 2026 08:21 WIB)
- Laporan
YALI Kudu Saya Propesional
Ketua Yayasan Aura Lentera Indonesia (YALI), Nurhadi Windoyo, ngajak kabeh anggotane kudu nduweni laku hang saya propesional.
"Hing ana pilihan liya, kene kudu saya propesional, paran maning kene wis nggawe kerjasama ambi lembaga internasional," jare Windoyo.
YALI Banyuwangi nutup taun kelawan ngurubaken tekad lan semangate kanggo merjuwangaken martabat wong disabilitas makene bisa inklusip.
Inklusip artine laku hang ngelibataken kabeh uwong hing mesthi ndeleng latar burine lan uga setatuse. Utawa nerima anane maneka macem wong lan ngewani kesempatan hang padha nang kabeh wong.
Ring acara Refleksi Akhir Tahun, Windoyo ngomong gok taun sore minangka taun kang penting merga sakat diedegaken taun 2006 YALI buru ulih setatus nduweni badan hukum taun 2025.
Dadi sak suwine emeh rong puluh taun, YALI ngadeg minangka komunitas, tanpa badan hukum, jare Windoyo ring acara hang digelar ring Ajeg Resto, ring tepis wiring antarane Desa Rejosari lan Kelurahan Bakungan Kecamatan Glagah.
Masiya gedigu, kabeh laku katone sepele naming bisa nggawe ubahe masarakat Banyuwangi, malah Indonesia kanggo mbangun urip hang inklusip, dikawiti teka lingkup keluwarga lan pendidikan. Windoyo dhewek iyane tunanetra sakat umur 17 taun.
Aguk Darsono, minangka sesepuh lan pengawas YALI, negesaken pentinge ajeg netepi perjuwangan sakperlu ngangkat martabate wong disabilitas lan merjuwangaken hak inklusip lan advokasi nyang Pemda bab infrastruktur lan pelayanan publik sampek ring regulasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


