Abete Ibu-ibu Nulis Buku
MUTTAFAQUR ROHMAH (dipublikasikan pada Selasa, 11 Februari 2025 08:59 WIB)
- Opini
Abete Ibu-ibu Nulis Buku
Saktemene, aran nulis iku kabeh bisa ngelakoni, hing mung ibu-ibu, bapak-bapak, utawa adhik-adhik. Hang nong sekolahan, nong kampus, nong kantor, nong umah, nong pawon, nong endi bain, lan sapa bain. Nulis hing mung nulis bain, aran nulis dikawiti ambi payung hang gedhi, arane tema. Kaya kegiyatan sore ika hang dilakoni ibu-ibu berbaju putih, kerudung biru, cantik sekali pantas ditiru. Tema gedhi kegiyatan sore ika, 7/2/25 Ibu-ibu Banyuwangi Nulis Puisi (Ibu Bumi: Sri Tanjung Banyuwangi) nong lantai 3, mini bioskop Untag Banyuwangi.
Acara iku pungkasan teka acara sakdurunge, yaiku workshop nulis puisi hang diisi ambi Bu Novi Anoegrajekti Guru Besar Ilmu Susastra Universitas Negeri Jakarta lan Bu Yulitin Sungkowati teka Balai Bahasa Jawa Timur, nong acara iku ibu-ibu hang arepe nulis buku puisi mauka diajari kelendi carane nulis puisi hang bener lan apik, taping hing mung iku bain. Bu Novi hang mula akeh penelitiyane ngomongaken soal Banyuwangi ngengetaken nong ibu-ibu kelendi carane makene puisi-puisi hang ditulis hing mung sukur puisi bain, kudu ana isine, yaiku teka cara pandang sosial, budaya perempuan-perempuan hang berdaya guna. Beda ambi Bu Yuli. Bu Yuli malah hing akeh ngomongaken puisi-puisi lan cara-cara nulis puisi, taping nyeritakaken penelitiyan lan cathetane Bu Yuli sak suwine lebih teka sak dekade menthelengi perempuan-perempuan Banyuwangi lan Jawa Timur hang wis pating nulis puisi utawa karya liyane.
Launching lan Bedah Buku, sore iku dadi acara puncak kegembiraan Ibu-ibu Banyuwangi hang wis asil nulis puisi aju dikomentari ambi Pak Samsudin Adlawi, Pak Hasan Basri, lan Pak Fatah Yasin. Puisi-puisi hang ditulis ambi ibu-ibu mauka jare para pembedhah hing ana hang elek, kabeh apik, kabeh padha ngunekaken isine ati lan bibit perkawit urusane wong wadon. Jare para pembedhah, _"Perempuan yang menceritakan soal perempuan adalah perempuan yang sejatinya mengerti dirinya, kemudian bisa mengerti dan memahami orang lain, juga bisa memberdayakan keluarga dan sekelilingnya dengan sepenuh hati"_.
Seliyane launching lan bedhah buku, diisi ambi maca puisi, ana wong enem hang maca puisi, sakdurunge acara diangkati ambi sakmarine acara, arane bain launching lan bedhah buku puisi hing afdol kadhung hing ana maca puisine. Hing bisa maca kabeh polae hing nutut wektune, hang istimewa Rektor Untag Ibu Yovita Atmajaja milu nulis lan maca puisi, seru temenan sampek nggawe nangis salah siji peserta saking milu ngerasakakene, hang diwaca alihe ya perkara ibu, taping diiringi ambi musik mendayu teka tutulan derijine salah siji dhosen Untag hang mula ahli musik, yaiku Ibu Yusmia, hang milu nulis pisan nong buku puisi iki. Mula temenan arane puisi iku membawa kesan magic tidak hanya bagi penulisnya, tapi juga untuk para pembacanya atau pendengarnya, sore iku kabeh pating kemesar, tepak Bu Rektor maca puisi hang ditulis bu rektor dhewek ambi penghayatan penuh. Peserta hang maca puisi, ana hang hing maca puisine dhewek. Kaya Bu Lina Kamalin (Dinas Pendidikan) maca puisine Bu Nuchbah Baroroh (pensiyunan guru bahasa Indonesia SMAN 1 Banyuwangi), ana Bu Vieva teka Lentera Sastra, Bu Nazil guru agama SMAN 1 Glagah hang nggawa murid-murid nulis lan maca puisi; celukane Tirta lan Mutiara, ana Bu Diah Dhomi hang jare kadheman taping meksa teka nong acara sore iku, uga macakaken puisine dhewek, pungkasan ana muride Bu Nurul Ludfia hang dikongkon ambi Bu Ludfi macakaken puisine iyane.
Ana 33 perempuan penyair hang melebu ring New Forum 28, apuwa gok "new", soale bengen ana forum 28 taping isine campur, ana bapak-bapake, saiki murni mung ibu-ibu bain. Nyeja mula digawe digu forum 28 iki, makene ibu-ibu hang jare mung abet lan ribet ambi urusan domestik sak ubengane pawon bisa mencungul katon siunge nong donya seliyane pawon, yaiku donya nulis, nyekel pulpen, hing nyekel suthil ambi wajan, tah canthuk ambi jebeg. Makene katon kadhung ibu-ibu ya duwe wadhah kanggo berkarya.
Muga alah, buku iki dadi kawitan buku-buku liyane hang lebih apik lan nggawa mampaat kanggo liyane, kang kawitan iki ditulis ambi-ambi ibu-ibu thok, Insha Alloh mbisuk sak ibu bisa "menelurkan" sak buku, lan bisa ngejaki ibu-ibu liyane kanggo ubet lan abet ngganggit nulis buku puisi tah paran hang bisa ditulis, bab Banyuwangi lan soal donya lan sak isine minangka wujud perdhuli lan nguri-uri donya literasi.
Muttafaqur Rohmah
Inisiator (New) Forum 28 Banyuwangi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.