Adang lan Istilah-Istilahe (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 Februari 2024 06:53 WIB)
- Kolom Bahasa Using
![](https://belambangan.com/assets/upload/foto_artikel/Adang_lan_Istilah-Istilahe_(Bagiyan_1_teka_3)-18704.jpg)
Wis anjrah kanggone wong Indonesia panganan pokoke yaiku sega. Semono uga wong Using Banyuwangi, saben dinane panganan utamane yaiku sega. Ana istilah husus kanggo mangan sega yaiku madhang, kadhung mangan bisa paran bain.
Sega iki asale teka beras hang kudu diolah sulung. Sakdurunge dadi sega, mesthine ya ana proses hang kudu dilakoni ambi emak-emak ring pawon kanggo ngolah beras sampik dadi sega iki mau.
Proses ngolah beras sampik dadi sega iki ya akeh maceme. Sakliyane proses hang kudu dilakoni, mesthine ya ana pekakas pendhukung kanggo ngolah beras sampik dadi sega iki mau. Ring tulisan iki arep sun jelasaken istilah-istilahe, kelendi lan paran bain alat pawon utawane peromongan hang dienggo ngolah beras sampik dadi sega iki mau.
Umume ring masarakat Using Banyuwangi sedurunge ana rice cooker utawa magicom, ngolah beras dadi sega iki ana telung macem yaiku, adang, ngeliwet lan ngeroncong/nyubluk.
1. Adang, yaiku ngolah beras nganggo dandang lan kukusan. Jaman saiki ana hang lebih praktis teka dandang lan kukusan yaiku nganggo subluk utawa sublukan. Prosese adang yaiku :
a. Mucusi, yaiku ngumbah beras nganggo banyu. Mucusi iki tujuwane mberseni beras teka elas hang magih kelalen ring beras, kerikil lan kothoran liyane hang magih katut ring beras. Banyu pucusan beras diarani leri (air cucian beras).
b. Ngekum beras, beras hang mari dipucusi digeningaken saksuwene setengah jam utawa sampik beras katon mekar. Ngekum beras iki tujuwane makene beras hang diedang, segane bisa mekar lan empuk.
c. Kotosan, yaiku beras hang mari dipucusi langsung diedang sing kathik diekum sulung. Biyasane adang beras kotosan iki mergane adange gupuh. Kaya tah tepak ring wong iwuh kadhung ketelatan sega merga akeh dhayoh, hang ring pawon adang beras kotosan makene nutut ambi dhayoh hang teka. Kadhung leren diekum mesthine ya kesuwen.
Jaman bengen wadhah hang dienggo mucusi iki diarani cethok utawa pengaron kadhung jare jaman saiki diarani baskom. Baskom biyasahe digawe teka pelastik lan ana uga hang teka seng. Cethok iki bengen asale digawe teka kayu. Sakliyane iku uga ana kedhuk, pekakas hang dienggo nguled lan njuwut sega. Cethok uga digawe teka kayu, ring jaman saiki wis nganggo pelastik hang disebut enthong.
(Satria Pujangga)
(ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Satria Pujangga
Editor: Hani Z. Noor