Aja Kakehan Sereyat Tinggalane Wak Hasnan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 17 September 2022 08:14 WIB)
- Obituari

Cathetan redaksi: Kanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan hang sampek umur dina Rebo kepungkur, belambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina seminggu suwene.
Paran hang diengeti ring ruwahe Wak Hasnan Singodimayan. Isun nulis pirangane cathetan hang kadhung hing teka ruwahe, isun hing weruh bab iki, utamane hang ngenani Balambangan. Tuladhane gedigi:
1. Ungkapan “Aja Kakehan Sereyat”
Merga latar pendhidhikane pesantren, Wak Hasnan gampang ngenali ucap-ucap hang dijuwut teka basa Arab. Bengen Islam buru melebu ring Belambangan, akeh wong hang durung ngarti agama Islam. Kadhung ana laku hang sing cocog, ana wong hang ngengetaken, ”Cara syariate gedigi.” Suwi-suwi ana hang hing terima, diengetaken sithik-sithik agama digawa. Sampek njumbul: "Aja kakehan sereyat.” Saiki artine wis uwah. Kadhung ndeleng kamus Using-Indonesia karangane Pak Hasan Ali, kakehan sereyat artine 1. Terlalu banyak aturan 2. Terlalu banyak tingkah. "Mangkane tah aja kakehan sereyat" artine aja kakehan polah.
2. Hadrah Kuntulan
Asal-usule kesenian Hadrah Kuntulan iku ya teka basa Arab. Hing maido polae dirujuk teka tradhisi pesantren. Aran aseline Hadara kuntu lailan fi kullu layalin. Rada mambu Timur Tengah, kesenian hang ngerandhu tekane dalu mula laire teka pesantren. Bengene malah mung ditampilaken wong lanang. Arti aseline basa Arabe mau Hadirnya setiap malam dan semalam suntuk. Teka kene nyebar ring masarakat dadi Hadara Kuntu Lailan, lan ring kupinge wong malah dadi saya cendhek maning Hadrah Kuntulan. Malah suwi-'suwi mung kari mung Hadrah utawa mung Kuntulan. Suwine suwi, ring Banyuwangi metu Kuntulan Dadaran (Kundaran) lan hang tampil ana wadone pisan. Saiki saben ana Kuntulan utawa Hadrah hang tampil lalare wadon. Tetep nganggo penganggo hang nutup aurat wadon naming hing ninggalaken gerak pencak hang dadi ekstra kurikuler wajib jaman bengen ring pesantren.
3. Gerajaban
Aran panggonan ring kutha saiki iki hing weruha teka Pager Njaban. Polae bengen jaman Landa kuthane mung sampek kono watese, ana pagere njabane. Suwi-suwi keterak cepete wong-wong ngomong dadi Gerjaban, aju Gerajaban.
4. Kelembon
Tanggane Gerajaban ana Kelembon. Bengen Kelembon panggonane pasar sapi, bengene disebut lembu. Ke-lembu-an suwi-suwi dadi Kelembon. Panggonan iki asal-usule kesenian janger. Bengen ana salah sijine wong hang aran Mbah Darji, hang uga dodolan sapi. Mangkane iyane kerep melaku nang Bali sakperlu golet dagangan sapi Bali. Tepak nong Bali iku Mbah Darji kerep ndeleng kesenian Arja. Aju iyane nggawa mulih kesenian iku lan diadhaptasi dadi janger. Ceritane hang digawakaken cerita Damarulan lan Minakjingga, suwi-suwi ana hang nyebut Damarulan, ana hang nyebut Jinggaan.
Magih akeh maning cerita liyane bab asal-usul panggonan ring Banyuwangi hang ditulis Wak Hasnan ring buku Enam Mata Tentang Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.