Aja Keloyong-loyong Mangan Pindhang Koyong

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 17 April 2021 06:32 WIB)
- Kuliner



Pindhang Koyong kayane wis anjerah dadi salah siji janganan sedina-dina ring Banyuwangi hang mula seru gampange ulih iwak seger teka segara.
Ring kutha liya nawi memper-memper ana pisan, umpamane Pindang Serani, Asem-asem lan liya-liya arane.
Dina iki nak ngedum olahan iwak hang kudune wong Banyuwangi kabeh bisa olah.

Bahan hang dibutuhaken:
Iwak segara hang seger, bisa Tengiri, Kakap, Mernying, Putihan lan liya-liyane. Dirijigi kadhung iwake ana sisike, dibuwang insang ambi isi wetenge. Ditugel dadi pira tah wutuh sak dhemene.

Ragine:
Bawang putih telung siyung gedhi.
Bawang abang limang bungkul.
Jahe rong jempolan.
Laos sak jempolan.
Kunir rong jempolan.
Sere rong lonjor.
(Ana hang dhemen ragi iki dibakar sulung, ana hang sing kathik dibakar, sukake wih.)
Godhong bawang pitung ler (ana hang dhemen nganggo bawang pre ya bisa pisan kira-kira telung lonjor).
Godhong salam telung lembar cilik.
Lobok litik abang pitung iji, lebih utawa kurang sakkarepe.
Lobok Jawa abang telung iji, bisa dibuwang wijine.
Belimbing wuluh lima sampek pitung iji ndileng gedhi cilike (kadhung ana hang dhemen nganggo Asem Wadhung ya hing paran-paran, kira-kira cukup telu sampek limang iris).
Uyah secukupe.
Gula sak sendhok mangan.
Banyu secukupe.

Carane:
1. Kabeh ragi mauka sakliyane godhong bawang utawa pre ambi salam, kabeh diiris aliyas dirajang tipis-tipis.
Godhong bawang diiris rong sentian, kadhung nganggo bawang pre dirajang sak sentian bain.
2. Sakliyane belimbing wuluh utawa asem wadhung, ragi mauka digerengseng sampek arum.
3. Kadhung wis arum tambahana banyu sakcukupe.
4. Tambahana uyah lan gula secukupe.
5. Cemplungaken belimbing wuluhe, geningaken gemulak aju tilikana rasane, jangkepana paran kurange.
6. Kadhung rasane wis pas ambi selera, cemplungaken iwake. Geningaken sak gemulakan aju kebesen genine. Iwak segara kadhung magih seger sing perlu suwi ngolahe, dadi rasa manise iwak magih bisa dirasa.

Saiki Pindhang Koyong wis siyap dirahabi, wong umah aja dilali.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf