Aljin lan Kesenian Pacul Gowang
Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Jumat, 06 Januari 2023 07:10 WIB)
- Tokoh

"Belencong uwohe pile.. Man Aljin moncong, bacote akeh upile.." gedigu basanan hang diuncalaken Katirin, kala iyane kebentel kemisinen merga dielokaken ambi Aljin, hang dadi kanca maine nung ndhuwur genjot. Dibales gedigu Man Aljin ya sing gelem kalah. Seniman, juragan lan uga hang ngedegagen kesenian ‘Pacul Gowang’ iku aju mbales nganggo basanan maning, sampek karo-karone ‘tokaran’ pathok-pathokan endhas nganggo jajang.
Ya kaya iku tah wis anjerahe genjot kala Man Aljin ambi kanca-kancane grup Macaan Pacul Gowang, hang ngalami jaya nung tahun 1980-an, main. Sindhir-sindhiran, wadan-wadanan lan guyonane nung ndhuwur genjot iku mesthi nggarai hang ndeleng kepingkel-pingkel.
Minangka seniman, Man Aljin mula bener-bener bisa nggawe sebrake terob sampek sewengi jampleng. Kepinterane Man Aljin mainaken lakon nung genjot kesenian tradhisional Macaan ‘Pacul Gowang’ iku kaya-kaya angel seru digoletaken padhanane.
Guyonane, geredhoane, lan basanan-basanane hang kaya sukur cemeplos teka lambene iku nggarai kesenian hang didhemeni wong akeh iku dadi sing bisa dipisah ambi arane. Pungkasane masarakat ngarani kesenian hang wis ngadeg sakat tahun 1950-an iku nganggo aran: Kesenian Aljin. Arep nong endi? Ndeleng Aljin! Pacul Gowang suwi-suwi ketutup ambi gedhene aran Aljin.
Sing mung terima ngedegagen, naming nung njerone kesenian ‘teater rakyat’ iku iyane ya kedhapuk main pisan, malah dadi lakon penting. Seniman kelairan tanggal 30 Juni 1921 iku uga hang nyiyapaken dhewek cerita utawa lakon paran hang bakal disuguhaken kala nerima undangan main.
Kesenian hang bibit-kawit muntupe dijuwut teka tradhisi macaan kitab Lontar Yusup iku mula wis arang muntup, naming ya magih ana. Sak peninggale man Aljin hang wis nampa timbalane Gusti ring tahun 1987, salah siji anak pupu hang uga anggota grup yaiku Jubaidi, wis nerusaken lelakone kesenian iku kelawan ngedegagen grup Macaan Pacul Gowang "Lare Osing" hang markase ana ring Dusun Bades, Desa Karangbendo, Kecamatan Blimbingsari.
Sak liyane guyonan nung ndhuwur genjot, guyonan lan basanan ala man Aljin ambi grup keseniane iku uga wis tahu direkam nung pita kaset. Malahan, ana kaset rekamane hang wis semebar sampek nggadug nung negara Landa kana.
“Tau bengen Man Aljin cerita nyang Isun, jare iyane tau arep ditanggap main nung negara Landa. Naming iyane nulak, merga jare sing bisa ngomong cara Landa. Kala iku iyane ngomong; …byek, wurung bain wis lik. Mengko aju nung kono kelendi ngomonge…,” ujare Katirin, hang wis milu nung grup kesenian Aljin sakat tahun 1970-an.
Sak njabane kesenian Pacul Gowang, seniman asal Desa Genteng Wetan, Kecamatan Genteng, seniman hang dhemen guyon, hang uripe belaka-suta lan paran anane iku saban dinane ya duwe pegaweyan liya yaiku makelaran sepidhah. Kadhung tepak sing ana tanggapan, iyane mesthi ngumpul ambi kanca-kancane makelaran sepidhah hang dadi siji nung PDS (Persatuan Dagang Sepeda) pasar Loak Genteng Wetan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : liputan
Editor: Hani Z. Noor