Amening, Ana Thuyul Windhul

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Oktober 2020 06:11 WIB)
- Kuliner



Wong Using gok nguweni aran panganan mula sing anjerah. Kacang Ijo dadi kolek, wis biyasah. Dadi kaldu kaya olah-olahane wong Kampung Arab ya wis anjrah. Kacang Ijo dadi peyek, ya wis biyasah. Kadhung kacang ijo dadi Thuyul, kelendi? Ana maning iki, thuyul taping windhul.

Gedigi resepe.

Bahan: 
Kacang Ijo 1/4 kilo
Kelapa sesigar (dijuwut santene)
Gelpung beras 1/2 kilo (kadhung nyelep dhewek, berase dikum sulung sewengi, nganggo gelpung tukon ya keneng. Paceke nganggo gelpung Rosebrand, sak bungkus takeran santene nganggo limang gelas)
Gula sak sire hang olah (isun nganggo 1/4 kilo)
Uyah secukupe (sak sendhok teh)

Kelendi nggawene? 
Kacang Ijo diekum sewengi, makene rambangane kemambang, lan kala diolah sing ana keretes-keretese,  ngulube ya makene sing kari suwi. Ludhuh, saya enak. Mariku, kacang ijo bisa dikulub sampek embuk.

Gelpung beras, santen, gula ambi uyah, diuled dadi siji aju dijenang ring dhuwur wajan. Dijenang kaya wong nyumping. Tengerane kudu sampek kalis. 

Mariku, kuluban kacang ijo biso diuled dicampuraken ambi gelpung hang wis dijenang mau. Aju dipincuki ring godhong, sepincuk kira-kira isenan rong sendhok mangan. Makene paran? Sing gancang kuweleh tepak mangane. Kadhung sepincuk diiseni lebih teka rong sendhok, ya sing paran-paran, bara gelis wareg! Teka resep iki mauka, sepincuk rong sendok, ulihe 40 pincuk.

Mari dipincuk, aja lali disemati. Dikukus sampek kira-kira keringet noring bungkus godhonge iku ilang. Utawane, kira-kira seperapat jam.

Wis mateng, aja lali dientas. Diedhemena sulung, makene ilat sing kelepesen. Dipangan anget-angetan, enak.

Cacaken ring umah. Yong gampil! Panganan murah, ambi ngenteni korona ilang. Kelaksan mangan thuyul.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf