Anggitane: Hani Z. Noor
(Selasa, 31 Desember 2019 09:25 WIB)
Ana Welas ring Pucuke Godhong Poh-pohan
Edheng-edheng sepur wis mulai melaku ninggalaken setasiun Gubeng. Soren mau Pia nggadug Surabaya nunggang sepur teka Jakarta. Kutha hang wis akeh pisan ngembangi uripe Pia pirang taun iki. “Isun mulih Mak, Pak.. muga Ndika keloron bisa nampa kahananisun hang kaya gedigi.” Usike atine Pia keranta-ranta.
Ayang-ayangane umah, uwit, lampu-lampu kaya melayu mundur, suwi-suwi Pia kerasa ngantuk, pungkasane Pia kesirep sing rungu paran-paran maning.
Ngeliwati tengah wengi sepur mandheg ring setasiun Jember, Pia tangi aju muni njero atine, “Yeeh, wis gadug Jember, kaya wis parek Banyuwangi.”
Sing kerasa telung jam-an, ambi rada ngantuk lan ngelempuh seru Pia kebuled angenan. Sepur wis nggadug ring setasiun Karang Asem. Serngenge magih intep-intep ring bucu wetan, sedhilut maning sepur mandheg ring setasiun Ketapang. Pia siyap-siyap, masiya sing patiya akeh hang digawa, ya aja sampek ana hang kelalen.
Mudhun teka sepur, Pia melaku edheng-edheng ambi narik koper geledhekane. Setasiun seru ramene, kerana akeh pisan uwong nunggang sepur mudhun Ketapang iki hang arep nerusaken nyabrang nyang Gilimanuk, Bali.
Metu teka setasiun, Pia nunggang lin hang wis akeh hang nganteni penumpang nong njaba. Rongpuluh menit maning iyane wis gadug umah. Sing serantan, masiya tekane iki bisa bain nggawa susahe ati nyang wong tuweke. Pia ngundha ambegan, pikirane ngelayung, angenane ngumbara nyang dina-dina pungkasan ring Jakarta.
“Emak apakisun tetep sing bisa nganggep Rika mantune Dhik, masiya wis ping sewidak jaran Sun belani Rika.” Gedigu Kang Urik ngawiti gesahan ring sewijine dina seminggu kepungkur.
Mula Pia ambi Urik dadi laki rabi sing kathik ulih restu teka keluwargane Urik hang manggon ring Jakarta. Sing kerana paran, wong tuweke wis kadhung duwe janji nyang kanca rakete gok arep besanan. Kanca rakete duwe anak wadon, hang umure mung kacek setahun nyang Urik, dadi pantes kadhung jakloron iku dijodhohaken. Naming wektu mula nggawa cerita liya, Urik dines nyang Bali mampir ring Banyuwangi. Kenalan ambi Pia, sisik melik ring desane hang tepak nong Ketapang arep ngelencer nyang Bali. Welas wis temeblug ring sak kelerepan sesawangan, ati kaya dipuket pelanthetan ring uwangan. Mari pungkas sak ulan dinese nong Bali, Urik nekani umahe Pia. Nemoni wong tuweke Pia lan sakkal njaluk dicelukaken pengulu. Wong tuweke Pia sing nulak, kerana weruh jakloron wis padha dhemene. Jodho mula paceke sing dinyana kapan nak teka. Akad wis sah, walimahan ya sing kathikan gedhen-gedhen. Urik ambi Pia wis dadi laki rabi.
Urik mboyong Pia nyang Jakarta kelawan restu emak apake Pia, masiya atine kerasa seru abote. Pia sing tau urip adoh teka wong tuweke, teka desa tanah kelairane. Rada abot rasane nyang wong tuweke, kelendi ndane kadhung ana larane anak wadon siji-sijine. Adoh seru teka pucuk paling wetan nyang pucuk paling kulon pulau Jawa iki. Kelendi kadhung anake nemu masalah ring kana? Taping ndileng bungahe ati kang cemelorot teka peraenane Pia hang rijig ayu, wong tuwek endi hang sing nak ngalahi?
Sakat kawitan nggadug ring jakarta, Pia digawa nyang umahe wong tuweke Urik. Sakat kawitan pisan Pia wis weruh lan rumangsa gok iyane sing ditampa kelawan jembare ati. Setaun rong taun wis dilakoni, kahanan sing uwah. Malah sering ana ucap hang ngelara ati. Wetenge Pia magih kothong, durung bisa isi. Pia durung bisa ngewani keturunan nyang Urik. Iku hang kadhang dadi camahan nyang wong tuweke Urik. Taping Pia magih dibela lan dikongkon sabar nyang Urik. Sampek seminggu kepungkur, serta umah-umah wis melaku emeh petang taun. Urik sing sanggup maning mbelani Pia, polae wong tuweke wis kepingin seru ulih putu. Gedigu jarene.
“Timbang Rika lara ati sing mari-mari Dhik, keranta-ranta ring kene sing ulih tamba. Sakmentara wong tuwekisun ya semono uga. Cobak awak dhewek ngadoh sulung, muliha sakwetara nyang desanrika. Sapa weruh kahanan bisa adhem lan wong tuwekisun aju bisa nerima Rika. Iki mung sakmentara Dhik..” abane Urik.
Pia taker sing bisa nangis, atine tatu. Jakloron seperene sing tau padu, kadhung ana tukar cilik ya mung pekara wong tuweke Urik hang saben-saben nyamah utawa celathu. Taping Pia mula sabar lan nerima, kabeh sing didadekaken pekara gedhi.
Pia magih durung mantep arep mulih ngetan, sampek sing diseja rungu abane maratuwane ngomong nyang Urik gok kanca rakete wis nyepakaken kabeh kanggo nikahaken Urik ambi anake. Undangan wis disebar, panggon acara wis dipesen, kabeh werangkat nikah ya wis cemepak. Pia sing rungu maning paran semaure Urik, iyane sing kuwat lan melebu kamare, nangis mesesegen.
“Dadi iki ya Kang kareprika nundhung Isun mulih ngetan? Makene Rika bisa bebas rabi maning nyang anake kancane wong tuwekrika hang wis dijodhohaken sabene?” gedigu usike atine.
Pungkasane iku hang nggarai mantep atine Pia, aju nyiapaken barang-barange hang arep digawa ngetan. Urik ya sing menging, masiya teka matane katon nahan susahe ati hang seru gedhine. Sampek tepak ngateraken Pia nyang setasiun Gambir, sakdawane dalan ya sing ana abane Urik ngomong sakkecapa belaka. Cuma tepak Pia arep melebu nyang panggone nganteni sepur, Urik ngomong edheng seru kaya kesandhet ring gorokane, “Sepuranen Isun ya Dhik, Isun welas temenan lan Isun janji iki mung sakmentara..”
Pia wis sing rungu maning, iyane ya wis gupuh nata usike atine dhewek hang ramene ngalah-ngalahi suwarane sepur lan ramene uwong hang ana ring setasiun, atine durung bisa anteng, kabeh suwara iku nggarai sing bisa nggadugaken suwarane Urik mauka.
Lin mandheg nong ngarepe gang umahe wong tuweke Pia. Nggeret kopere Pia melaku edheng, ngelempuh, karanta-ranta.
“Laaahh.. Beeng... kok mara-mara nggadug merene tah?” abane apake mberak tepak weruh anak wadone ana nong ceracaban lawang. “Maaakk.. kek, Pia teka!” berake maning.
Gupuh emake Pia melaku teka pawon, ngambungi Pia anak wadon hang wis pirangane taun sing ngidek latar umahe.
Pungkasane Pia nyeritakaken kabeh kedadean hang wis nggarai iyane gadug ring umah. Wong tuweke mung bisa nangis, mikiri nasibe anak wadon kang diwelasi kari kaya gedigi.
“Hoeekk.. hoeeekk..” abane Pia nong cedhing, Pia mutah-mutah. Nawi kekeselen mari menyang adoh teka pucuk kulon pulau Jawa, gedigu pikire.
Taping sedina rong dina, seminggu rong minggu, sakulan terus Pia sing mandheg mutah-mutah saben isuk. Pia kepingin mangan lalapan godhong Poh-pohan tandurane, godhong hang wis bisa muket atine ring Jakarta.
Kahanan iku sing nggawe emak apake gupuh lan kuwatir, malah wong tuweke katon girang. Pia dhewek sing weruh magih kudu keranta-ranta tah, yong saiki girange wis ngalah-ngalahi sekabehe kedadean hang tau ngelara ati.
“Assalamu’alaikum..” abane wong lanang ambi nothok lawang.
Pia ngengek lawang, Urik ana nong ngarepe. Ngethem godhong Poh-pohan, nong sebelahe ana koper gedhi lan pirang-pirangane kerdhus kaya nak pindhah umah.
“Isun mulih merene Dhik, ketang umahe atinisun sing Rika tinggal. Kelendi nak ngabeti welas iki kadhung umahe atinisun Rika gawa? Maningan godhong poh-pohan dhemenanrika sekaken sing ana hang ngerawati, sing ana pisan hang methiki.” Suwarane Urik ngempet iluh hang emeh cicir.
Saiki Pia wis sing duwe alesan maning arep nggeningaken atine hang keranta-ranta.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)