Andisep Kurniawan, Kerawat Desa Hang Aktip Nulis
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Januari 2021 04:27 WIB)
- Opini
Sakat tahun 2013 Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nganakaken Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using. Noring lomba iki ana telung kategori yaiku SMP, SMA lan Umum. Setemene ring kawitan ana kategori SD, naming ring taun-taun pungkasan sing ana lare SD hang miloni. Sakliyane kanggo nyaluraken bakat ring penulisan, lomba iki uga dikarepaken bisa dienggo nguri-nguri lan ngelestarekaken Basa Using ring masyarakat Banyuwangi. Kekarepan hang lebih gedhi maning, Basa Using iki aja mung dienggo ring basa lisan bain naming uga bisa terdokumentasi liwat tulisan-tulisan arupa buku kayatah novel, kumpulan cerita cendhek lan sakpitunggale.
Ring pengalamanisun dadi juri lomba Cercen Basa Using iki, akeh karya-karya hang apik teka peserta lomba. Tepak mbiji, juri sing weruh sapa penganggite saben-saben karya hang dibiji. Dadine juri bisa obyektip ulihe nguwani biji nyang karyane peserta. Serta wis pungkas ulihe mbiji lan diputusaken juwarane, buru juri weruh judhul cercen iku anggitane sapa.
Ring kene isun arep ngomongaken salah sijine peserta lomba Nganggit Cercen Basa Using Tahun 2020 hang ulih juwara 3 ring kategori umum yaiku Andisep Kurniawan. Andisep iki, lare enom asal teka Desa Pondoknongko Kecamatan Kabat. Lare hang sedinane dadi kerawat desa iki, temakaken nduwe hobi lan bakat nulis. Andisep uga aktif milu kegiyatan sosial hang duwe kawigaten nyang lingkungan.
Kadhung ngomongaken bab prestasi ring penulisan, tahun 2019 kepungkur Andisep iki tau ulih penghargaan Juwara 2 ring Lomba Esai Nasional UIN Maliki Malang ring Kegiyatan Festival Budaya Humaniora. Tulisane nggawa Basa Using kelawan judhul “PERAN GENERASI MUDA NGURI-URI BUDAYA LAN BASA USING DALAM MENGHADAPI ERA GLOBALISASI”. Sakliyane iku akeh karya teka tangane Andisep iki antarane buku kumpulan puisi Terbangun (2019), aju buku hang judhule Melangkah Menuju Terang (2020). Sakliyane buku-buku hang kesebut mau, magih akeh karya-karya cercen tulisan Andisep. Cercen karyane Andisep iki uga ana hang tau diuwot ring harian Bisnis Banyuwangi yaiku Cemingkring.
Sakat tahun 2015, iyane wis miloni dadi peserta ring lomba nganggit cerita cendhek Basa Using hang dianakaken ambi SKB. Sakdawane gelaran lomba iku Andisep wis ngirim pirang judhul cerpen ring antarare : Angenane anak (2015), Damarwulan Pertama (2016), Cemingkring, Pungkas Kuwade (2017), Iwak Layur, Uyah Asem Kang Sutaji (2018), Kesandhung Kembang, Nyaglok (2019), Lakaran Kemanten, Luput Dalane, lan Getun (2020).
Gelaran lomba ring tahun 2020 iki dadi tahun hang nyenengaken kanggo Andisep, kerana ring lomba taun iki cercene hang nduweni judhul Getun ulih juwara 3. Masiya sakat kawitan lomba dianakaken iyane durung tau ulih juwara, naming tekade sing tau surut ulihe milu andhil ring lomba nganggit cerita cendhek Basa Using. Dhasare wis mula atine dhemen nulis, iyane sing tau putus asa. Angger-angger lomba dianakaken iyane langsung milu ngirim cercen karyane. Jare larene hang penting usaha terus, perkara ulih juwara tah using iku urusan mburi. Hang penting netepi tujuwan utamane yaiku milu ngelestarikaken lan njejegaken Basa Using ring telatah Banyuwangi.
Kudune akeh lare nom-noman kaya Andisep iki, hang nduweni tekad lan kawigaten hang gedhi kanggo nguri-nguri lan njejegaken Basa Using ring urip sedinane. Kadhung sing dikawiti teka awak dhewek lan rika kabeh iki, aju ngenteni sapa hang bisa njejegaken Basa Using iki. SKB hususe lan masyarakat Banyuwangi umume ngenteni lare-lare hang kaya Andisep Kurniawan iki ring dina-dina mengarep.
Husus kanggo Andisep Kurniawan, isun terima hang gedhi nyang usahane njejegaken Basa Using liwat karya-karya cercen. Magih tetep terus sun anteni tulisan-tulisan liyane. Pungkasan wekasisun aja mandheg ulihe nulis, hususe Basa Using. Sun anteni karya-karyane rika hang liyane. Muga Rika bisa dadi inspirasi kanggo lare-lare enom liyane khususe ring desanrika Pondoknongko lan umume lare Banyuwangi kabeh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cathetan Satria
Editor: Hani Z. Noor