Apem Selong

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Juni 2021 09:45 WIB)
- Kuliner



Apem iki ring dhaerah liya uga dikenal kelawan aran Apem Selong, Serabi Solo, Kue ape lan liya-liyane.

Kadhung ring Banyuwangi, biyasahe apem gedigi diolah tepakane ana selametan.

Dina iki nak nyacak ngedum resep lan cara olahe.

Bahan hang dibutuhaken:

1 kilo gelepung beras
1 on gelepung kanji
2 iji endhog
1 sendhok teh uyah
2 liter santen teka 2 iji kelapa
3 lonjor godhong pandhan wangi
10 gram ragi instan
7 on gula pasir

Santen kanil, meses, keju utawa nangka lan sepiturute dinggo nggawe maneka rasa sak dhemene.


Cara olahe:

1. Santen digodhog, dicemplungi godhong pandan, tambahana uyah, lan digaluh sampek gemulak makene santene hing bencah. Geningaken sampek anget sumer-sumer.

2.  Gelepung beras, gelepung kanji, ragi, gula dicampur dadi siji, aju tambahana 3 gelas santen anget mauka lan digaluh sampek adonan rata lan alus.

3. Endhog dikopyok sampek alus aju campuraken nyang adonan gelepung santen mauka, digaluh sampek rata lan alus.
Kadhung kepingin lebih apik maning, adonane bisa uga disaring.

4. Geningaken sulung sak jam makene ragine ndadi ring adonane.

5. Kadhung wis mari digeningake, tubleken sisane santen mauka lan digaluh maning sampek rata. Adonan wis siyap dicithak.

6. Siyapaken wajan cilik hang sing jangget hang biyasah dinggo nyithak apem utawa serabi. Eser-eserena lenga utawa mertega makene kalis.

7. Sunteken sak cinthung adonan nyang wajan hang wis panas ambi rada diginyer ring wajan makene pinggirane apem rada tipis kaya peyek.
Tambahana rasa sak dhemene, santen kanil kadhung dhemen hang rasa aseli, bisa irisan nangka, keju, soklat meses, lan sepiturute.

8. Kadhung pinggirane wis rada soklat kelire lan adonan ring tengahe wis katon uwah kelire, apem wis bisa diangkat teka wajan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf