Apresiasi Gendhing: Ining-Ining Es (Bagian 1 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 Maret 2025 08:53 WIB)
- Opini
-51450.jpg)
APRESIASI GENDHING USING (Bagiyan 1 teka 3)
Using rasa Jawa ring gendhing-gendhing
Anggitane: Hasan Sentot
Ketapaan nemu link Youtube, ana album rekaman antarane kawitan tahun 1980-an (merga sing ana tulisan angka tahune). Tabuhan "Kendang Kempul" jaman semono pancen sedheng moncer-moncere, sak uwise ARBAS (Arek Banyuwangi Selatan) GROUP ngetokaken album kaset "Ketemu Maning". Artise jaman semono ruwahe Alif S lan Mbok Sumiati. Orkes hang dipimpin Bung Sutrino iki pancen nawakaken konsep anyar, sing padha ambi sak durunge. Kadhung tabuhan tradhisional, kabeh ya tabuhan tradhisional umume. Kadhung tabuhan moderen hang jaman semono kasebut Orkes Melayu, kabeh tabuhan ya sarwa moderen. Naming pas Kendhang Kempul, tabuhan mau digabungaken lan ndadekaken masarakat duwe hiburan anyar.
Album "Arum Manis" iki pantese kepingin milu ngerasakaken suksese ARBAS GROUP mau, makane aju rekaman nggawe aran ARBEN (Arek Benculuk - pantese) Gaya Baru Pimpinane Moch. Syafe'i. Kaset hang direkam Pusaka Cassette iki uga sing nyebut ning endi alamat setudhiyo rekamane. Pancen jaman semono, angger Kecamatan gedhe (kawedanan) ana setudhiyo rekaman. Atase kota Kabupaten, nawi kegolong arang ring Indonesia. Merga jaman semono wis akeh setudhiyo rekaman kaset. Kesenian ring Banyuwangi, uga banget-bangete urip sak uwise 10 tahun sedurunge keneng perahara “Genjer-Genjer” hang dianggep lagune PKI.
Mbalik nang album "Arum Manis", ana 10 gendhing. Angger sak rai (Side-A) ana 5 gendhing, semono uga Side-B uga 5 gendhing. Kanggo Side-A, dikawiti gendhing "Ining-Ining Es".
INING – INING ES
Ining-ining es abang-abang setrup
Muring sing ngerees, paran hang dijaluk
Manis gula batu pait brutawali
Nangis ambi celathu sapa hang nggarahi
Ref.
Lare-lare cilik ngerti barang apik
Embah mbedhedheg dhadhane mikire putune
Lare-lare cilik ngerti barang apik
Embah mbedhedheg dhadhane mikire putune
Ining-ining es abang-abang setrup
Muring sing ngerees paran hang dijaluk
Syair/Lagu :........
Tahun Cipta/Populer : ......
Intstrumen : Kendang Kempul
Arben Gaya Baru
Produksi Rekaman : Pusaka Cassette
Gendhing iki nyeritakaken lare-lare cilik jaman sak mono wis akeh hang cerdhas, sampek embahe bingung ngerasaken. Suwara "Ining-Ining Es" iku hang digawe mbukak, ngilingaken nang donyane lare-lare. Ya terima iku thok, paran anane (sederhana) idene. Paran maning ujar hang dienggo, kari seru paran anane. Kerep ditemoni nang saben dinane, nana kathik aling-aling lan disengidaken kaya adate gendhing-gendhinge Seblang. Iki uga ana hubungane ambi asal muasal hang nganggit gendhing iku, pantese dudu Using asli. Kadhung ndeleng carane ngunekaken ujar Using, jelas hang nembang dudu wong Using.
Penganggit (ya sing disebut arane) emeh kabeh nganggo basanan, taping mung rong baris. Baris kawitan sangsangane (sampiran), baris kapindhone isi teka basanan mau. Naming kadhung diurut teka "Guru Wilangan", akehe ujar angger baris kayane akeh hang sing pas. Malah "Guru Lagu" (padhane unek angger pungkasan baris) hang dienggo kesane rada meksa.
Basa Using hang dienggo, kayane Basa Usinge wong Sumberjeruk, Benculuk, Kecamatan Cluring. Akeh campuran ujar-ujar Jawa Kulonan, merga asline wong Jawa Kulonan hang "dikepung" kampung Using sak kiwa tengene. Damakena tah, hang nembang lanang lan wadon, katon dudu wong Using. Ujar-ujar hang kudune kandel, kerungu tipis diucapaken. Semono uga ujar-ujar hang dienggo, akeh ujar Jawa Kulonan.
NASEHAT
Masiya rika ditinggal aja kari bingung temenan
Iku kabeh yara wis godane setan
Aja rika pikiri maning
Engko tuwas awake gering nelangsa temenan
Kadhung bisa ya lalekena aja sampek rika mikiri
Turuten bain nasehat isun nyang rika iki
Uwasena rika saiki aja sampek duwe lara ati
Insyaalloh liya dina rika olih ganti
Aja rika enget-enget cerita bengene
Barang hang wis ilang iku sing ana gunane
Aja rika enget-enget cerita bengene
Barang kang wis ilang iku sing ana gunane
Kadhung bisa ya lalekena aja sampek rika mikiri
Turuten bain nasehat isun nang rika iki
Uwasena rika saiki aja sampek duwe lara ati
Insyaalloh liya dina rika olih ganti
Syair/Lagu :
Tahun Cipta/Populer :
Intstrumen : Kendang Kempul
Arben Gaya Baru
Produksi Rekaman : Pusaka Cassette
Gendhing hang judule "Nasehat", iku ya sing jelas kapan mbukake lan kapan dadi pucuke lan mudun maning (alure ceritane). Karepe penganggit, wis tah manuta nang omonganisun. Aja ngiling-ngiling barang hang wis uwis. Kadhung ujar Using, gendhing iki bisa diweni judul "Warah-warah", merga isine marahi, utawa nguweni weruh kancane hang tahu duwe luput nang laku urip sak durunge.
Carane nembang marek ref dibaleni maning, aju dibaleni separuh aju ditutup. Tabuhan kendhang lan kempule katon gedigu-gedigu (monoton) bain terus. Ana ombake kapan kendho lan kapan cepet, kaya umume gendhing lan tabuhan Banyuwangi hang membat mayun kaya ombake segara.
OJEK SEPEDHAH MONTOR
Ojek sepedhah montor thengak-thenguk ring pinggir dalan
Ngenteni penumpang mata ngantuk mbetah-mbetahaken
Ojek sewengi melek mung golet sak tempuran
Langganan teka dhewek lega rasane pikiran
Tapi kadhang kala tepak penumpang lanang
Ongkose sing keneng ditawa malah digenjot larang
Liya penumpang ayu ongkos ora usah padu
Masiya adoh panggonane bensin tekor ya wis mane-mane
Syair/Lagu :
Tahun Cipta/Populer :
Intstrumen : Kendang Kempul Arben Gaya Baru
Produksi Rekaman : Pusaka Cassette
Jaman sak mono wis ana ojek, masiya durung ana ojek online kaya saiki. Gendhing iki nyeritakaken lare enom-enoman hang megawe dadi tukang ojek sepedhah Montor. Biyasane wong Using iku kadhung ngomong "Ejek", yaiku wong hang ngeteraken numpak sepedhah utawa kendaraan sarana golet upah.
Gendhing "Ojek Sepedhah Montor" iku cetha seru ilate hang nempang kari tipis lan duduk wong Using. Semono uga pantese hang nganggit ya dudu wong Using. Buktine ana ujar "Thenguk-Thenguk", biasane wong Using iku ngomonge "mangu-mangu". "Ora Usah" (sing kathik), "wis mane-mane" (dimakene).
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Sentot