Apresiasi Gendhing Using (Bagiyan 2 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Maret 2025 07:12 WIB)
- Opini
-37527.jpg)
Album Arum Manis (Bagiyan 2 teka 3)
SURAT RIKA
Wis terima surat rika sulung
Ya sun waca ati kaya wong bingung
Isun dhewek kang ya sing bisa turu
Kangen nang rika kepingin ketemu
Adhuh kelendi karep rika iki
Apa rika wis karep ning ati
Apuwa isun kang kari sing percaya
Isun sing keneng pisah ambi rika
Rasane ati sing bisa ninggalna rika
Raina bengi isun katon-katonen ring mata
Isun dhewek ya seru welase
Pisah sedina kaya setahun lawase
Kadhung gedigu seneng rasane ati
Kaya-kaya isun wis dadi siji
Isun dhewek kang sing bisa lali
Enget nang rika raina lan wengi
Syair/Lagu :
Tahun Cipta/Populer :
Intstrumen : Kendang Kempul Arben Gaya Baru
Produksi Rekaman : Pusaka Cassette
Gendhing "Surat Rika", iki rada aneh. Nyeritaken Surat hang marek diwaca teka dhemenane. Lha isine malah kaya wong omong-omongan nyambung welas. Kabeh ujar hang dienggo dibalen-baleni, nana kathik kanggo umpama lan paribasan. Kabeh janji-janji welas lan urip bareng iku kaya wong omong-omongan biyasa.
Ale, kudune kadhung ana wong hang kasmaran lan nyambung welas, biyasane mara-mara penter basanan. Ndadak dadi wong hang penter ngeronce ukara, kanggo nari kawigatene pasangane. Iki isine malah kaya wong gesah sak koncoan.
USING GETUN
Isun tetep sing getun kadhung rika dhemen nang isun
Isun sing muring-muring masiya rika tinggal golet maning
Isun tetap sing gela masiya rika golet liya
Isun sing kebingungan masiya rika gandhengan tangan
isun iki wong lanang dhik merana nyawang bisa nyawang
Rika lare perawan kadhung sing payu paling obralan
Isun tetap sing gela masiya rika golet liya
Isun sing kebingungan masiya rika gandhengan tangan
Syair/Lagu :
Tahun Cipta/Populer :
Intstrumen : Kendang Kempul Arben Gaya Baru
Produksi Rekaman : Pusaka Cassette
Gendhing pungkasan ring Side-A tetep kaya gendhing-gendhing sedurunge, ujar hang dienggo paran anane. Nana ukara hang dironce kanggo nyingidakaken karepe penganggit. Kabeh katon ketelo-telo, sonder ana aling-alinge kaya adate karya sastra.
Nah, mbalik nang isine album iki, isine magih katon paran anane kadhung sing gelem diarane endhep temenan isine. Jaman sak mono, mungkin bain kurang ana hang wigati nang isi. Utawa kanggone wong Banyuwangi kidulan iku wis cukup, merga ana unsur Usinge. Ale kadhung didamakaken lebih jeru lan teliti, akeh ujar hang duduk ujar using dilebokaken didakaken ukara using. Jaman sak mono, wong kidulan seneng diceluk “Rek” timbang “Lare” hang katon Usinge. Iki uga pengaruh Jawa lan iyane seneng tetep diarane wong Jawa, timbang wong Using.
LANCING SOMBONG
Eee aja sombong aja dumeh dadi lare lancing
Aja diregani lemudhing perawan dienggo memengan
Masiya rupane ngganteng kadhung sing kathik duwe
Merana merene awak rika sing direken perawan
Eh eh aja sombong aja dumeh dadi lare lancing
Aja diregani lemudhing perawan dienggo memengan
Masiya rupane ngganteng kadhung sing kathik duwe sopan
Merana merene awak rika sing kira direken perawan
Ref.
Masiya lancing rika kang, kang duwe sopan
Aja gampang maido lare perawan
Rika ngomong dhuh kakang aja sak enake
Tuwas sing ana ngemuk bingung atine
Eeh aja sombong aja dadi lare lancing
Aja diregane likmudhing perawan dienggo memengan
Gendhing "Lancing Sombong" ring ndhuwur, katon paran anane. Nyeritakaken lare lancing hang dianggep sombong, seneng nggawe memengan lan ngeremehaken lare wadon perawan. Isine mung njaluk duwe sopan nang lare wadon, merga kadhung sing, ya akibat ana hang ngerees utawa ngereken. Kadhung wis gedigu, jare penganggit mau, lare lancing mesti bingung atine.
Masalah sopan santun jaman sak mono bener-bener dadi tuntutan urip, iki perubahan teka jaman tertekan dadi jaman terbuka. Tahun 1970-an, pemerintah magih mepeng-mempenge mbangun negara lan daerah. Mesti bain ana pengaruhe nang urip sedina masyarakat, kelebu ya cara urip lan tingkah laku. Kemajuan jaman, kadhang uga nggawa perubahan nang urip lan laku ning masyrakat. Akeh lare enom kurang ngajeni wong tuwek, malah nyepelekaken seserawungan ambi sak padha-padha.
KEJUTAN
Eh eh aja latah sithik-stihik ngomong kejutan
Mandeng nang isun mripat rika jelalatan
Isun rada kaget nyawang kari menyala
Lakonan rika goyang bokonge dadi kejutan
Ref.
Rika penter ngucap, penter gawe omong
Apa karep rika supaya isun seneng
Isun using ngelem dhik mula ya nyatane
Rika tambah gedhe tambah ayu rupane
Gendhing kapindho ring Side-B judul "Kejutan", magih kaya gendhing sak durunge isine paran anane. Nana bungkus karep, ambi milih ujar (diksi) hang apik kanggo ninggule karep sakbenere. Malah gendhing iki abete miloni "Slang" hang mencungul wayah sak mono. Ujar "Kejutan" iku slang (unen-unen hang usum ring masyarakat wayah sak mono) teka Bahasa Indonesia. Merga wis ana televisi, kadhung sing salah iku ujar dijuwut teka Iklan televisi. Sithik-tithik ngomong "Kejutan", masiya tepak tah sing. Pokok ana hang aneh lan ngagetaken diarani "Kejutan".
Masalah "Slang" iki, Banyuwangu iku sugih lan mbanyu-mili (dinamis). Kaya tah "Awu-awu", "Nguyuh Mus", Ngacaa Pa Sulung". "Galur Lorek", "Siridin" lan liya-liyane. Malah sebarane sing terima sak ubenge Banyuwangi, naming bisa nang Jember, Lumajang sampek Probolinggo. Slang mau disebaraken liwat awak kendaraan umum, kaya angkutan Bus lan tukang ngamen.
Mbalik nang gendhing "Kejutan", akeh ujar-ujar teka Bahasa Indonesia kaya "Menyala". 'rika kare menyala", maksude kari barak, meromong penganggone. Jare wong saiki "Ngejreng". Iki hang sun maksud paran anane, sonder diolah lan dipikir hang mateng sulung sak durung dironce dadi ukarane gendhing. Carane ngucap para penyanyi ring album iki, pancen dudu wong Using. Rungokaken katon tipis, malah karepe basa using bisa dadi Basa Jawa merga ucape hang sing tepak mau.
Gendhing "Kejutan" iki milih nganggo Basanan rong baris lan sahut-sahutan (duet) penyanyi lanang wadon. Kadhung isi magih tetep mandheg tengah dalan, paran hang dikarepapen sing jelas. Mung milone jaman merga ana slang "Kejutan" mau.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Sentot