“Arabian Street Food” ditekani Ridwan Kamil, Gubernur Jawa Barat

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 27 Desember 2019 14:16 WIB)
- Kuliner



Buru sak ulanan melaku, kegiatan “Arabian Street Food” (Arasfo) utawa olah-olahan Arab hang didol ring dalan Lateng, Banyuwangi, mulai nyolong kawigaten uwong nomer siji ring Jawa Barat, yaiku Ridwan Kamil. Bareng ambi keluwargane, uga ambi mantan Menteri Luar Negeri Dino Patti Jalal, Ridwan Kamil ngaku seneng teka nyang  Banyuwangi hang sugih panggonan wisata alam lan panganan.

Sakat teka bandara Belimbisari, Gubernur hang uga arsitek Tata Ruang Kota iki, wis gawok ambi arsitek Bandara. Aju melaku-melaku nyang Songgon, dalu-dalu munggah Gunung Ijen sak perlu ndeleng geni biru hang mencorong tengah wengi. Gumun lan gawoke Ridwan Kamil, sakkal diomongaken nang pejabat Banyuwangi hang milu ngancani makili bupati Banyuwangi hang ana alangan ngancani.

“Kanggo wisata panganan Arasfo, Isun seneng seru merga panggonan katon guyub dulur-dulur keturunan Arab. Panganane uga enak-enak, ngilingaken nang wilayah Timur Tengah. Sing suwe engkas, Isun nak utusan staf teka Bandung kanggo teka nyang Banyuwangi. Perlune mane belajar kelendi bisa nggawe kegiyatan gedigi ring Bandung, merga ring Bandung uga ana komunitas Arab”, jare Ridwan Kamil hang dikancani Camat Kota Banyuwangi, Mochammad Lutfi lan Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata, Moh. Bramuda.

Rombongan Ridwan Kamil teka ring Arasfo, dipapag ambi dulur-dulur keturunan Arab. Ridwan Kamil hang nganggo celana lan kaos polo, aju dienggoni kafiyeh has Timur Tengah. Marek iku, Ridwan lan Dino Patti Jalal diajak njoged Jafin, has jogedane wong Timur Tengah. Kabeh wong-wong lanang Keturunan Arab, aju njoged bareng kelawan nggawe bunderan hang diubengi jogedan.

“Masyarakat kene geromyoh nang dayoh, iki hang dadi kesengseme wong njaba kadhung teka menyang merene," jare Ridwan Kamil ambi kongos-kongos kekeselen njoged bebarengan kanggo nduduhaken lan ngeraketaken paseduluran. Paran maning sak dawane dalan, Ridwan Kamil sing kalah geromyoh nyapa emak-emak hang jejer. Sak liyane rebutan salaman, uga padha emuk kepingin potrek bareng. Masiya tah beda wilayah, wong-wong mau kaya wis kenal suwe lan kaya pimpinan dhewek.

Angger ana olah-olahan Arab hang ditemoni, Ridwan Kamil mandheg aju takon paran bain ragine hang ndadekaken panganan mau enak. Pitakone wong nomer siji ring Jawa Barat, ambi seneng ati dijawab nyang wong-wong keturunan Arab mau. “Ragi hang akeh dienggo olah-olahan Arab yaiku kapulaga, jinten cemeng lan liya-liyane”, jare Bang Asad, sesepuhe Arasfo.

Serta mandheg milih panganan, Ridwan Kamil ambi rabine milih  Sega Kebuli, Jajan Menthuk, Kaldu Kikil Kacang Ijo. Ambi ngerasakaken panganan mau, Ridwan Kamil sing leren-leren ulihe ngelem lan muji panganan hang bisa ditemoni ajeg angger dina Kemis Malem Jemuah mau.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf