Aran Desa Sak Ubenge Kutha Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 05 Mei 2020 07:01 WIB)
- Esai
Kutha Banyuwangi dibangun Landa hang nekakaken tukang-tukang teka dhaerah liya taun 1773-1774 bengen magih arupa alas. Sedurunge dibangun taping wis ana desa-desa hang ana ring sak ubengane kono. Jare budayawan Hasnan Singodimayan sakmareke perang Bayu ana 59 aran desa, taping saiki mung kari separone.
Grup FB Jejak Sejarah Kerajaan Balambangan, nyebutaken sak sithik-sithike wis ana wolung desa hang ana ring Banyuwangi taun 1773 yaiku setaun sedurunge Banyuwangi didadekaken ibukota:
1. Tirta/Wanatirta
2. Pakissiram
3. Cungking
4. Majarata
5. Bayalangun
6. Wanasura
7. Welaran
8. Papakem
Hang magih keneng dititeni merga arane magih ana seperene yaiku Cungking, Majarata, Bayalangun (saiki Bayalangu), Welaran lan Papakem (hang saiki mung kesebut Pakem).
Cathetan teka wong Inggris John Joseph Stockdale, The Island of Java, taun 1760-1800an, nduduhaken wis ana desa Socoradaija (Sukaraja, perkebunan hang ana ring kulone Cungking) duwene wong Jerman aran Baron Wikermann. Bengen nong kene ya ana umahe petinggi Landa hang sakiki wis hing ana pecake. Hang uga disebut-sebut ambi Stockdale iku kampung Melayu lan kampung Cina.
Ring buku Perebutan Hegemoni Blambangan tulisane Sri Margana, wis disebut ana dhaerah hang aran Ketapang, Bincak (penulis: daerah endi saiki iki?) lan Pakem minangka dhaerah sub administrasi hang nduweni hubungan nyang pos militer Landa ring Panarukan. Ketapang bengene uga dadi panggonan ngelencer kanggone pasukan teka Panarukan lan Belambangan.
Dhaerah ketelon iku disebut-sebut merga penting kanggone pelabuhan. Bincak lan Pakem masiya diwarah hing pati diopeni taping nduwe pelabuhan alternatif kanggo lawang melebu perajurit Bali lan Bugis nyang Belambangan.
Sakuwise kuthane dipanggoni, buru ana aran-aran anyar hang miloni, ana hang disebut kaya aran pangkate wonge, ana hang pegaweyane, ana hang disebut miloni asale wonge.
Jare Hasnan ring buku Enam Mata Tentang Banyuwangi, hang teka pangkate wonge umpamane: Temenggungan (panggonane temenggung utawa bupati), Kepatihan (panggonane patih), Biskalan (panggonane biskal utawa jaksa), sak ubengane masjid jamik ana Kauman (panggonane wong alim para kaum) lan ring kulone ana Kasepuhan (panggonane wong hang dituwekaken), Kelituran (panggonane tukang kolektor hang narik pajek wong dodolan), Kempon (Kaempuan, panggonane para empu tukang nggawe keris uga diarani Besalen, tukang besali), Panderejo (panggonane pande wong hang nggawe alat-alat teka wesi), Tukangkayu, Kelembon (panggonane wong dagang lembu). Ana pisan kampung parek-parekan yaiku Kampung Kukusan lan Kampung Sublukan.
Ana maning kampung hang nduduhaken asale wonge: Kampung Arab, Kampung Bali, Kampung Kulandan (panggonane Landa), Inggrisan, Kampung Mandar, Kampung Melayu, lan Pecinan. Aran panggonan iki nduduhaken gok sakat bengen Banyuwangi iki wis dadi kutha internasional.
Aran desa ana pisan hang dijuwut teka arane wong lan teka dongeng. Singomaya, Singonegara lan Singotruna, jare wong-wong tuwek bengen aran pembantune temenggung hang dikongkon ndhodhol Watudodol. Wong telu iku aju njaluk tulung wong pinter aran Buyut Ronggo ring Boyolangu. Sakuwise dalan ring elore Ketapang kedhodhol, wong telu iku mau dihadhiyahi lemah hang sakiki diarani Singomayan, Singonegaran, Singotrunan.
Hang uga ana dongenge yaiku Dandang Wiring (dandang iku arane manuk kaya manuk gagak lan wiring iku nduduhaken kelire wulune hang abang semu kuning). Saiki Dandang Wiring diarani Penganjuran.
Ring panggonan rada kulone kutha, ana Gerajaban hang setemene panggonan iku teka Pager Jaban watese kutha jaman bengen.
Magih akeh aran-aran desa liya hang kudu dijugeri minangka pengenget Banyuwangi jaman bengen.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Enam Mata Tentang Banyuwangi; Perebutan Hegemoni Blambangan; Sejarah Tanah Jawa
Editor: Antariksawan Jusuf