Aran Kluivert Kecaruk Del Pierro (1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Januari 2025 08:37 WIB)
- Opini
-58349.jpg)
Aran Kluivert Kecaruk Del Pierro
Aran menungsa iku tandha, donga lan penting kanggone negara. Mangkane kadhung wong bengen, nguwah aran lare mesthi diselameti nganggo jenang abang (setemene soklat dudu abang).
Masiya gedigu wong Kemiren bisa sak munine ngganti aran tanggane. Marijah dadi Marijuk, Basuki dadi Basukil, Sapiyah dadi Sapiyuk, Rajuni dadi Rajunil, Sumiati dadi Sumiatun, Ahmad dadi Ahmadun.
Aran biyasahe miloni jaman. Lare Banyuwangi saiki arane ninggalaken hang dirasa lawas. Sapiyah, Janurik wis hing ana generasi anyar hang nganggo. Saiki lalare SD arane kaya gedigi (iki aran temenan): Aira Azzahra Syahputra, Airin Nur Karimah, Aisha Nada Nahdliyina, Annisa Ayu Salsabila, Asila Vina Azahra, Ferly Althafandra, Gigih Arung Samudra, Januar Rifky Akbar, Qhevanno Dhega, Tegar Faiz Al Aufa.
Rata-rata saiki aran lare nganggo telung ucap. Nawi merga kabeh kepingin anake milu munggah aji utawa umroh mbisuke dadi hing kathik nambah aran. Pemerintah Saudi mula ngewajibaken aran wong nang paspor iku dadi telung ucap.
Alae bengen aran wong Banyuwangi biyasahe mung sak ucap: Buwang, Gelundung, Sapari. Setemene suku-suku liya ya ana hang duwe kebiyasahan nganggo aran sak ucap. Ring Waropen, Papua (Akai, Aubini), Aceh (Boento, Poeteh), Gayo (Itom, Bidin), Alas (Dekah, Djohor) lan liyane.
Dene suku liyane nggawa aran marga kaya ring Batak, Menado lan Maluku. Dadi paling using arane rong ucap.
Aran mula biyasahe miloni perkembangan jaman. Wong tuwek kadhang njuwut aran wong hang kesuwur ambi ndonga makene anake mbisuke bisa kaya wong hang arane diconto.
Kadhang aran bintang pelem lan mburi-buri sakjege tipi kerep nyiyaraken tembung, akeh bintang tembung hang arane ditiru.
Umpamane Patrick Kluivert hang saiki ngganteni Shin Tae Yong minangka pelatih PSSI. Jaman iyane mbela Landa ring Piala Dunia, akeh wong tuwek hang kesengsem. Saiki pirangane lare nggawa aran Patrick Kluivert kaya ring daptar mahasiswa hang diterima ring perguruan tinggi. Semono uga aran pemain Itali Alessandro del Piero.
Wong tuweke iku embuh hing ngarti tah hing weruh gok Kluivert lan Del Pierro iku setemene aran marga hang digawa turun temurun ring anak putu hang duwe marga.
Kasuse padha ambi aran Abdul Haris Nasution, pahlawan nasional, arane dipiloni wong-wong sak Indonesia masiya dudu wong Batak hang nggawa marga Nasution.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.