Aran MiloniJaman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 30 September 2023 07:02 WIB)
- Opini

Kaya jare wong-wong, aran miloni jaman. Ring saben generasi ana bain warta habg dadi conto wong-wong tuwek hang kepingin dadi kaya hang duwe aran. Umpamane, nganggo aran para Nabi: Adam, Idris, Soleh, Ismail, Ishak, Yakub, Yusup, Musa, Sulaiman, Yahya, lan hang paling akeh Muhammad. Hing maido polae umate Kanjeng Nabi Muhammad ya kepingine kaya Rasul junjungane. Malah nong Inggris, 10 taun iki Muhammad dadi aran hang paling akeh dienggo. Nduduhakwn wong Islam saya akeh ring Inggris.
Durung maning kadhung ana kabar-kabar hang nggawe cengeng wong. Umpamane, kelendi hebate bengen wong hang bisa melaku ring ulan hang sedurunge mung ana ring angen-angen. Mara-mara akeh lare hang laire ring bungase taun 1960an, diarani Antariksa.
Ana pisan hang apake dhemen tembung. Saben petang taun sepisan ana aran hang dadi bintang ring gelaran Piala Dunia: Maradona, Zidane, Beckham, Ronaldo, Messi lan sepiturute. Aju wong-wong hang latah anake kepingin kaya bintang-bintang tembung iku padha niru dienggo anake.
Hing kalah akeh hang nggawe bintang-bintang pelem lan bintang nggendhing minangka idolane.
Kelendi ring Banyuwangi? Kelendi 100 taun kepungkur ring Banyuwangi? Ana cathetane Pak R. Soedira lan R. Binata hang nyathet aran-aran wong Banyuwangi jaman taun 1920an.
Kayata, aran hang lanang: Bakir, Barian, Basah, Bodhos, Darma, Darum, Dasiman, Dul, Harun, Jaja, Jaya, Jamin, Karim, Kariya, Karmin, Karsa, Karta, Kasan, Kasim, Labu, Martam, Marsan, Marsim, Merta, Musin, Mustam, Naya, Samud, Sanah, Sariman, Sarmin, Siman, Sura, Suta, Sutab, Taman, Umar, Waluh, Warta, Wartam, Yunan.
Dene hang wadon: Inem, Mariyam, Mariyun, Mudah, Tayen.
Wis anjrah aran wong Jawa umume bengen iku mung sak ucap. Beda ambi adate wong ring Sumatera, wong Sulawesi utawa ring Maluku, paling using nduwe rong ucap, yaiku siji arane dhewek lan siji aran keluwarga/margane. Malah kadhung wong hang agama Katolik tambah siji maning aran baptis.
Hing maido aran presiden hang kepisan ya mung Sukarno lan presiden hang kepindho mung Suharto, polae wong Jawa jaman bengen. Dene hang mburi-buri Bacharuddin Jusuf Habibie wis nganggo telung ucap. Padha ambi Abdurrachman Wahid hang teka embah-embahe wis nganggo rong ucap: Hasyim Ashari, buru anake yaiku Wahid Hasyim buru Abdurrahman Wahid. Aran bapake dijuwut aran ngarepe. Rada merene, wis mangkat nggawe aran hang lebih teka sak ucap kaya Megawati Sukarno Putri, uga Susilo Bambang Yudhoyono lan Joko Widodo.
Merga miloni lakune jaman, lalare Banyuwangi saiki (satus taun sakwise cathetan aran taun 1927), milu-milu nduwe aran telung ucap. Ring ngingsor iki aran-aran murid ring Glagah, Licin lan Blimbingsari.
Aira Azzahra Syahputra, Airin Nur Karimah, Aisha Nada Nahdliyina, Annisa Ayu Salsabila, Asila Vina Azzahra, Ferly Al Thafandra, Gigih Arung Samudra, M.Januar Rifky Akbar, Qhevanno Dega P., Tegar Aziz Al Aufa.
Farisya Noermala, Zahra Mahmudi, Nazwa Alizia Virgin, Kharisma Putri,Dwi Nita Wulandari, Kristian Arifiantoq, Muhamad Azka Bakhtiar, Muhamad Fauzan, Dino Alfian, Nazril Bayu Pamungkas.
Gessica Tirsanada Putri, Naura Anggun Az Zahra Latief, Jihan Putri Savira, Dian Sasmita, Cytra Herny Meysetyawaty, Moh. Bintang Febrian, Moh. Rizal Bakri, M. Damar Cristiyanto, M. Imaduddin Kamil, Alfian Putra Rollistiawan.
Aran-aran lare Banyuwangi saiki wis padha ambi aran-aran lare ring panggonan liya ring Indonesia. Lalare iku, lare Glagah, Licin lan Blimbingsari, dudu mung lare Banyuwangi naming wis dadi warga Indonesia.
Kontribusi aran: Heni Kurniawati, Wiwik, Istipadah
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.