Aran Paling Kesuwur Sak Indonesia (Bagiyan 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Januari 2025 05:56 WIB)
- Opini



Masalah aran, setemene sakat jaman kerajaan bengen (Kediri, Singosari, Majapahit, uga Mataram), wis ana aturane, gedigu jare Dita ring koran Media Indonesia.
   Enget yara, para pejabat kerajaan bengen mesthi nduwe aran anyar tepak iyane madeg ring jabatan anyar. Taping arurane hing kanggo wong biyasah.
   Nong kerajaan Belambangan ya ana pisan. Umpamane Mas Alit tepak madeg dadi bupati Banyuwangi arane dadi Temenggung Wiraguna.
   Adhike Mas Alit yaiku Mas Sanget/Mas Thalib ganti aran dadi Kanjeng Raden Temenggung Wiraguna II.
   Naming ana pisan pemimpin hang ngatur aran kanggo wong kabeh rakyate. Tepak jamane Kesultanan Banten, Sultan Haji (1682-1687) nggawe perintah kanggo rakyate, lanang tah wadon, hing ulih nganggo penganggo jawa. Lan arane, kudu nganggo aran Arab.
   Pejabat Landa uga tau ngatur bab aran. Taun 1864, Landa ngetokaken aturan kanggo wong Alfuru (Sulawesi Utara) hang milu agama Kristen kudu nganggo aran rong ucap. Hing maido seperene wong Sulawesi Utara seperene mituhu njaga aran margane. Dene wong hang dudu Kristen, aran ngarep dianggep minangka aran keluwarga.
   Taun 1872, Landa uga ngatur wong-wong hang amprah surat tanah kudu nduwe aran cilik.
   Tepak jaman Jepang, pemerintah ngetokaken aturan yaiku saben wong Jawa kudu duwe aran cilik lan aran tuwek. Tujuwane kanggo kepentingan administrasi pemerintahan.
    Aju ana Peraturan Menteri Dalam Negeri (Permendagri) Nomor 73 Tahun 2022 tentang pemberian nama orang.
   Ring Pasal 4 ditamtoaken gok aran kudu paling sithik rong ucap. Mula rada aneh sebab akeh wong Jawa arane mung sak ucap.
    Kadhung aturane metu jaman bengen, kelendi hukume aran presiden bengen, Sukarno lan Suharto. Aju sing ruwet?
   Saiki aran sapa hang paling kesuwur sak Indonesia?
   Nurut cathetan Kemendagri, aran hang paling akeh dienggo ring e-KTP yaiku kanggo wong wadon: 1. Nurhayati (254.922 uwong), 2. Sulastri (192.979), 3. Sumiati (172.759), 4. Sri Wahyuni (163.189), 5. Sumarni (158.882), 6. Sunarti (135.891), 7. Siti Aminah (121.588), 8. Ernawati (118.045), 9. Aminah (117.490),10. Kartini (114.879).
    Dene kanggo wong lanang: 1. Sutrisno (144.497 uwong), 2. Slamet (115.354), 3. Mulyadi (111.685), 4. Herman (101.990), 5. Supardi (93.202), 6. Ismail (89.732), 7. Supriyanto (87.929), 8. Wahyudi (85.502), 9. Junaidi (85.375), 10. Suparman (84.749).
    Cumpu Agus hing kelebu hang paling kesuwur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor