Artis Using Padha Nggawe Channel Youtube (2, entek)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Minggu, 16 Februari 2020 11:15 WIB)
- Opini



Siji-siji, artis lawas Using hang tau moncer arane ring donya rekaman, saiki padha ewuh nggawe akun Youtube. Mbarengi Virgia Hassan, artis hang suwarane ulem, Adistya Mayasari uga umik milu ngga gawe aku Youtube arane:  ADISTYA MAYASARI OFFICIAL. (Bengen nong kasete nganggo aran Adistya Mayangsari, nggo ng). Sak liyane artis loro mau, magih akeh artis hang kepilu nggawe akun Youtube. Naming arang pati dirumat, dadine kurang urip.

Jare Eko BECE hang ngerumat akun Adistya Mayasari Official, saiki tim-e magih ngumpulaken gendhing-gandhing Adistya lawas aju diaransemen ulang. Buru diposting awal taun 2020, subcribere wis sak arat-arat. Paran maning hang komen, merga kangen nyang Adis lan suwarane. Uga gendhing-gendhing Adis hang wis jangget nyang atine.

“Iki isun ambi ngenteni ana pesenan (request) teka penggemar, gendhing paran bain hang perlu diunggah. Mesisan mane weruh karep hang disenengi penggemare Adis, uga produksine sing eman-eman langsung dienteni lan disenengi. Ambi nyulungaken pesenan mau, bisa ngitung biaya produksine. Maklum iki kan independen, bunci dhewek lan produksine uga magih paran anane. Engko mengarepe terus diapikkaken, sampek mareki nyang sampurna”, ujare Eko BECE hang dadi Produsere Adistya Mayasari Official.

Eko BECE hang uga Dokter iki seru karepe, ngunggah maning gendhing-gendhing lawas Adis. Pancen diakoni, kadhung ring video-ne magih kurang sampurna, merga ditangani dhewek ambi alat para anane. Mengarepe Eko janji, arep nggawe hang mareki nyang semupurna. “Utamane masalah suwara, Isun gatekaken seru mane sing ilang suwara hase Adis hang ulem. Kadhung video pancen terus diapiki, kelebu sak animasi lan editane”, gedigu tambahe Eko.

Eko lan Adistya, wis suwe melaku bareng nulis syair lan nganggit gendhing bareng. Sakat magih gabung ring Rollas Group Rogojampi, akeh gendhingan hang dianggit Eko lan Adis. Ana uga gendhingan anggitane Yon DD hang populer digawakaken Adis, yaiku Semebyar. “Gendhing Semebyar wis sung aransement ulang lan Sun unggah ring Youtube, langsung atusan penggemare Adist padha rebut komen. Iki nguwene tenaga anyar nyang Isun sak kanca, kadhung jangkah iki ana asile lan akeh hang nganteni”, jare Eko.

Gendhing Tabaheno anggitane Adistya lan Eko uga wis diunggah ring Youtube, aju semembur komen hang seru senenge nyang Adis. Syair kelebu hang magih njaga aseline Basa Using, uga ngerti nyang urut-urut gendhing. Ana pambuka, mupus aju pesene hang nganggit nyang hang ngrungokaken. Kaya dene penganggit lawas, cerita ring gendhing mau dipungkasi ambi warah-warah kelendi kadhung ngadepi masalah iku.

TABAHNO

Duh kari abot..kari sara kari kesiksa

Sakat rika wis ninggal dunya

Merga lara hang rika gawa

 

Sedina dina sun kangeni lan sun tangisi

Kadung isun enget nang rika

Njaluk isun kanggo selawase

 

Wis sing ana angen isun

Bisa urip nyanding riko

Kari seru sarane

Gudane wong urip

 

Ya durung tuwuk welas asih hang sun terima

Kari cepet rika ninggal isun

Cuma ninggal aran ring paesan

 

Ya kelendi maning kadhung rika semono umure

Aran rika tetep nong ati

Sampek mbesuk isun sing lali

 

Cumo dunga hang sun kirimeno....

Muga-muga senengo ring kana

Gusti Allah tulung tabaheno....

Makne awak isun....sabar nerima

 

Syair/lagu             : Adistya Mayasari/Eko Bece

Tahun Cipta                   : 2016

Arranger                        : ECHO ADITYA

Mixing                  : NARA Studio

Video                   : PEOX

Produksi               : ADISTYA MAYASARI PRODUCTION 2019

Link                      : https://www.youtube.com/watch?v=FQ169YnYYIU 

 

Urut-urutan gendhing teka pambuka sampek pungkasan, kaya dene ngenut gendhing-gendhing Using lawas hang dianggit para sepuh. Iki kadhang gampang dilalekaken ambi penganggit enom saiki, kebimbang ring apiken uni sampek isi lan urutan digawe lali. Muga-muga bain Adistya lan Eko bisa njaga jejege pelanggeran hang sing ketulis, mane gendhing-gendhing Using mbisuke sing gampang kalis. Aja seru nuruti karepe pasar, merga pasar iku kadhang ya perlu kudu nurut nyang rika. Makane iki hang kudu dadi ugemane para penganggit gedhing Using, supaya karya-karya anggitane bisa abadi.

Mbalik nyang masalah kepilune para seniman penganggit gendhing nyang chanel Youtube, merga sak suwene iki para seniman sing bisa bebas ngetokaken unek-unek ati la pikirane. Kabeh hang dianggit, kudu liwat pilihane Produser hang ngertine nang musik secara umum, naming sing ngerti Basa Using hang dadi alat ucape gendhing-gendhing mau.

Para penganggit lan seniman gendhing Using nyadari, kadhung dunyane IT (Information Technology) mekare sing kaya-kaya. Telepon cekethem saiki wis akleh gawe tekhnologi android, gampang seru dienggo nyambung nyang internet. Malah masyarakat wis arang tuku CD lan DVD. Kepingin gandhing, aju gage ngundul nyang intrnet gratis kari banda pulsa utawa paket data. Teka iku, aju para seniman gendhing mau ambak-ambakan gawe channel Youtube kanggo nduduhaken nyang masyarakat asil anggitane.

“Nggarahi prioduser rekaman iku umume seneng nyang artis-artis hang wis duwe aran, timbangane nggolet bakat nyang artis-artis anyar hang durung duwe aran. Mangkane kerep produser mau rebutan artis, kanggo diajak rekaman nurut proyeke iyane. Kadhung Youtube lebih bebas, malah ngeregani seru nyang karya cipta, ambi nguweni royalty kadhung ana klaim teka cover hang digawakaken wong liya”, jelase Eko.

Bengen seniman lan penganggit, nggantungaken seru nyang Produser. Pengasilane ya sing mesti, merga gendhing hang wis dianggit kadhang dimentakaken produser ambi macem-macem dalih. Saiki penganggit wis bisa ambegan lega malah ana hang ngomong kadhung VCD iku 99% wis sing payu. “Jaman saiki, seniman bisa ngadeg dhewek sonder njagakaken produser. Malah isun rungu, saiki wis akeh produser kangelan golet gendhing. Iki akibat teka kiprahe para seniman gendhing, wis bisa produksi lan ngunggah langsung nyang Youtube”, pungkase Eko BECE.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf