Asal Aran Desa Kenjo
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Senin, 14 April 2025 10:37 WIB)
- Esai

Asal Aran Desa Kenjo
Desa Kenjo weruh rika? Desa kang kesuwur akeh wong pintere ika. Wong pinter iku tegese sakti utawa pinter bangsane kang gaib-gaib, barang kang sing keneng dideleng mata. Taping iku jare, jare wong bengen. Kadhung panggonane, Desa Kenjo iku nong kecamatan Glagah pucuk kulon. Tapel wates ambi desa Jelun kecamatan Licin.
Asale desa Kenjo iku kawitane ana telung pasang mbah buyut kang manggon nong puthukan tengahe alas. Umahe nong pinggir jurang, jurange mari-mari jeru. Ring ngingsore jurang iku, ana banyu gedhi kang iline mari-mari deres. Banyu Cawan arane. Ring banyu gedhi iku bisa ana belabur kang mara-mara teka, ambekana sing ana udan ring kono. Belabur teka sak wayah-wayah kadhung ring gunung Ijen diterak udan deres sing terang-terang.
Keseron ana belabur ring banyu Cawan iku, para mbah buyut ndeling kambang nyang laut, kuwatir! Mbah buyut kuwatir anak putune keli digawa belabur. Polae ring panggonan iku ana mung siji banyu mili. Sing ana banyu mili maning kanggo adus, umbah-umbah, asah-asah lan ngeleb sawah. Kadine Mbah Dakir salah sijine mbah buyut lanang ngajak rembugan dulur-dulure ketelon. Rembugan sakperlu arep golet panggonan kang jembar, nggarai pernah, aman kanggo keluwarga lan sing kurang-kurang banyu mili.
“Mayo Dhik, melaku-melaku nggolet panggonan anyar kang keneng dipanggoni sak anak putu. Makene sing kuwatir digawa belabur lan bisa urip tentrem.” Mbah Dakir ngajak rembug dulur-dulure.
“Iya rawis, Kang. Eh, Rika wis golet dina kang apik tah?” Adhik landhese mbah Dakir takon.
“Uwis Dhik. Tanggal selawe, dina Kemis. Iku dina kang apik. Sun itungaken artine ketiba pangan, naga dina melaku ngalor ngetan.”
“Mayo wis digancangi! Selak lohor, tuwas luput teka itungan.” Adhik kemunjilane Mbah Dakir semaur.
Semasa Mbah Dakir lan dulur-dulure iku melaku ngalor ngetan, nemu panggonan kang kiwa tengene ana banyu mili, lan ana sumber cilike. Mbah Dakir ngajak dulure mandheg sulung.
“Dhik, wangune panggonan iki cocog. Mangkat rijig-rijiga wis! Rika rijig-rijiga kang kulon! Rika kang wetan Dhik! Isun ngerijigi ring tengah,” Mbah Dakir marahi lan ngedum pegaweyan nyang adhik-adhike kanggo ngerijigi panggonane mandheg.
“Nggih pun, Kang. Gedigu ya dadi,” adhik-adhike Mbah Dakir semaur barengan.
Wong telu mauka mangkat mbabad alas, aju rabi lan anak putune diajak ngungsi nyang panggonan kang anyar. Suwi-suwi anak putune nganak-gumanak dadi telung pantha. Ana kang manggon nong kulon, ana kang manggon nong tengah, lan ana kang manggon nong wetan.
Ring panggonan kang anyar iku sumbere ana mung siji, lan panggonane rada adoh teka kampungan. Kanggo nyukupi kebutuhan ngombe lan adang, uwong-uwonge padha ngangsu nyang sumber nggawa kunja. Merga jaman bengen iku durung ana temba pelastik. Paran maning ledheng, anaa. Rika tau weruhtah paran iku kang aran kunja? Kunja iku wadhahe banyu kang digawe teka jajang. Uwong ngarani iku kunja. Ana kang ngarani gunja. Kunja ambi gunja iku padha bain wis.
Wong-wong kang ngangsu lan nyelindhang kunja iku diceluki aran Wong Kunja. Suwi-suwi aran Wong Kunja dadi Wong Kenja. Pungkasane panggonane Wong Kunja iku diarani desa Kenjo.
Kelendi cerita asale aran desanrika?
(Heni Kurniawati)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.