Asal Aran Kampung Satriyan

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 26 Februari 2020 13:15 WIB)
- Esai



Sakpeninggale Wong Agung Wilis teka bumi Belambangan sakperlu ngeteraken Pangeran Pati ngadhep nong Keraton Mengwi, Belambangan sakteruse diperintah ambi I Gusti Kuta Bedhah utusan teka Keraton Mengwi. Wong Agung Wilis sakteruse manggon ana ring Bali ring umahe leluhure.

Ring Belambangan, rikala Belambangan di perintah I Gusti Kuta Bedhah kedhaton dipanggokaken ana ring Lemahbang. Masiya ibu nagari Belambangan ana ring kutha Lateng naming I Gusti Kuta Bedah milih manggon ana ring Lemahbang. Pancene Kedhaton Lemahbang dhung ditimbang-timbang iku  panggonan hang paling aman dibandhingaken ambi panggonan liya kanggo kedhaton. Mergane Lemahbang manggon ana ring papan hang dhuwur tinimbang panggonan liyane.

Lemahbang iki panggonane hang tepak kanggone piyayi teka Bali iku. Gumuk loro ring wetane didadekaken bentenge kedhaton.. Sakteruse Kuta Bedhah ndadekaken gumuk loro hang ring wetane iku dadi panggonane para perajurit lan kesatriya Belambangan.

Gusti Kuta Bedah pancene wong hang ngarti taktik perang merga iyane saktemene ya senapati perang teka keraton Mengwi. Iyane ngarti kadhung panggonan  hang dhuwur iku bisa gampang katon nyang musuh hang arep teka. I Gusti Kuta Bedhah penguwasa Belambangan iki pancene nduwe tugas teka Keraton Mengwi kanggo ngadhang lakune VOC ring bumi Belambangan makene sing terus melebu nyang Bali.

Teka gumuk loro iku para perajurit lan kesatriya bisa ngawasi pesisir Banyualit hang ana ring wetan kana. Masiya Pesisir Banyualit adohe pitung kilo teka panggonan kana naming kerana gumuk iku dhuwur magih katon bain. Sing kariya adoh antarane Pesisir Banyualit nyang Kutha Lateng hang wis dadi ibu nagarine Belambangan. Kadhung ana musuh hang arep teka lan arep nyerang Kutha Lateng mesthine tekane musuh mau ya teka Pesisir Banyualit. I Gusti Kuta Bedhah sakbenere ngarti kadhung anane musuh mestine ya teka wetan yaiku teka Pesisir Banyualit.

Gumuk loro hang ana ring wetane kedhaton Lemahang iku saiki wis dadi kampungane para perajurit lan kesatriya Belambangan. Saktemene I Gusti Kuta Bedhah ndadekaken gumuk loro ring wetane kedaton iku saktemene dienggo mbentengi kedaton Lemahbang hang ana ring kulon.

Kedhatone hang ana ring Lemahbang bisa dadi aman teka serangane musuh. Sakdurunge musuh gadug Lemahbang wis bakal ditumpes ambi perajurit lan para kesatriya hang ana ring gumuk. Merga kadhung ana musuh teka wetan mesthi bain hang keliwatan ya gumuk iku mau sakdurunge nggadug nyang Kedhaton Lemahbang. 

Ring panggonan kana, gumuk loro iku mau ngapit dalan hang teka wetan tumuju nyang kedhaton Lemahbang. Dalan iku mau dalan hang dienggo njujug nyang kutha Lateng, mula iku gumuk kiwa tengene bisa dadi benteng hang kuat anggone kedhaton Lemahbang. Gumuk hang ana pinggir elor dalan diarani Puthuk Elor lan gumuk hang ana ring kidul dalan diarani Puthuk Kidul. Puthuk Elor dikanggokaken  papan turu lan umah-umahe para perajurit, lan kesatriya. Kadhung Puthuk Kidul dienggo panggonan geladen lan olah kanuragan para perajurit lan kesatriya Belambangan.  

Naming Kuta Bedhah sing bisa lawas dadi penguasa Belambangan, Nalika I Gusti Kuta Bedhah gugur. Sakteruse Belambangan dikuwasani VOC lan manggokaken Mas Anom lan Mas Weka dadi Bupati Belambangan. Kutha Lateng dikuwasani VOC.

Wong Agung Wilis teka maning nyang bumi Belambangan lan bisa ngelumpukaken kekuwatan hang akehe 6000 kawula alit, sakmarine Kuta Bedhah duwe kuwasa. Paran maning ditambahi  Sayu Wiwit hang saiki milu ana ring barisane Rempeg.

Rumangsa kuwat Wong Agung Wilis sakteruse bisa ngajak para jagabela lan kesatriya hang manggon ana ring wetan Lemahbang, kayata Patih Dalem, Mas Purbo, Patih Jaba Kyai Ularan. Keraton Lateng diserbu  sakteruse dikuwasani maning ambi Wong Agung Wilis. Puthuk Elor lan Puthuk Kidul dipanggoni maning ring para perajurit lan para kesatriya sing luput ya Sayu Wiwit senapati wadon Belambangan hang pilih tandhing iku.

VOC sing terima kadhung Belambangan direbut maning ambi keturunan Tawang Alun yaiku Wong Agung Wilis. Sakteruse ring tahun 1768 keraton dikepung VOC, Mas Weka lan Mas Anom dibuwang nyang pulau Edam, Wong Agung Wilis dibuang ring Pulau Banda. Para perajurit, jagabela lan kesatriya uga Mas Pakis lan Sayu Wiwit hang magih selamet sakteruse melayu balik nyang wetan Lemahbang sakteruse cepak-cepak melayu nyang alas kulon yaiku Alas Bayu.

Tentara VOC sing arep meneng terus nguber nyang Mas Pakis lan para jagabela hang melayu nyang wetan Lemahbang mau, para jagabela lan Mas Pakis uga Sayu Wiwit ahire ninggalaken Puthuk Elor lan Puthuk Kidul wetan Lemahbang, Sakdurunge melayu para jagabela lan kawula nyengidakaken barang-barang hang sing keneng digawa mlayu nyang njero lemah ring Puthuk Elor wetan Lemahbang.

Barang-barang lan pekakas hang sing keneng digawa sakteruse dipendhem disengidakaken makne sing diempet VOC.  Sakmarine mendhem barang-barange kabeh Sayu Wiwit, Mas Pakis lan jagabela uga kawula ninggalaken Puthuk Elor melayu ngulon nyang alas Bayu.

Tentara VOC hang gadug puthuk ahire sing nemu paran-paran merga puthuk wis kothong sepi sing ana uwong-uwong lan barang-barang hang bisa dirampas. Tentara VOC sakteruse ngerusak paran bain hang ana ring puthuk iku mau, umah lan panggonan geladen diratakaken ambi lemah. Sakmarine nggerasak Puthuk Elor VOC ngerusak Puthuk Kidul aju nerusaken lakune nguber para perajurit lan para kesatriya ngulon nyang Alas Bayu.

Kerana puthuk hang ana ring Lemahbang iki dienggo panggonane para jagabela lan kesatriya Belambangan ahire sampek saiki puthuk loro iku mau diarani kampung Kesatriyan. Panggonane para kesatriya. Saiki Puthuk Elor dadi kampungan hang rame lan ring kana diedekaken Masjid hang diarani Masjid Baiturohim. Puthuk Kidul saiki magih wujud gumuk hang dadi kebonane masyarakat dusun Satriyan. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sejarah lokal

Editor: Moh. Syaiful