Asal Aran Singa Singa ring Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 Maret 2023 09:18 WIB)
- Opini



Nong kutha Banyuwangi ana petang panggonan hang nganggo aran Singa: Singomayan, Singotrunan, Singonegaran lan Singodilagan. Teka endi asale? Cumpu dudu arane wong Singamaya, Singateruna, Singanegara lan Singadilaga. Mula ring basa Jawa, aran panggonan akeh hang diarani teka aran wong. Kaya nong Yogyakarta, ana wong aran Sasrawijaya, panggonane diarani Sasrawijayan.
  Jare budayawan Banyuwangi hang rungu teka kuncene makam Buyut Jaksa ring Boyolangu hang saiki wis hing ana umur, ceritane Temenggung (bupati) kawitan Banyuwangi Mas Alit arep mbangun lurung teka Banyuwangi ngalor, supaya ana dalan tembus sampek nong Situbondo. Taping dalane kebuntu watu gunung ring panggoban hang saiki diarani Watudodol.
   Proyeke mandheg ring kono masiya wis dianakaken sayembara nana hang sanggup. Aju Mas Alit ngutus telung patih-patihe: Singamaya (patih urusan nagari njaba), Singataruna (patih urusan Lare Enom), ambi Singadilaga (patih hang ngurusi keprajuritan lan peperangan) nemoni Ki Martajaya, wong sakti asal Lumajang kang bengene dadi juru ramut jarane Mas Alit.
   Ki Martajaya hang kejuluk Ki Buyut Jaksa merga diangkat dadi jaksa agama manggon minggir ring Silangu (saiki Boyolangu) manggon nong pondhoke Kik Lemani kang duwe anak arane Nuriman. Wong telu iku nemoni Buyut Jaksa, hang bisa ngomong ambi raja Jin, sakperlu nyampekaken pesene Mas Alit.
   Cendheke cerita, kelawan bantuan tentara jin, watu hang nutupi dalan bisa didhodhol. Lan seperene diarani Watudhodhol (taping ditulis Watudodol).
   Raja jin sedurunge mbantu, njaluk telung sarat. Siji, dipenging ndhodhol lebih teka anjir kang wis dipathekaken. Loro, digawekaken panggonan lungguh ring wetane dhodholan kang parek ambi segara. Telu, Ki Buyut Jaksa lan sak turunane kudu gelem nyambangi
ngutus diwani panggonan lungguh lan anak putune Ki Buyut Jaksa tetep njaga semaya nang raja Jin kelawan marani panggonan iku saben taun. Mangkane wong Boyolangu magih kerep ampyak-ampyakan puter kayun saben ulan Sawal nang Boyolangu, nunggang dhongkar.
   Kanggo mengeti utusan kang aran Singa Taruna, Singa Madya, lan Singa Dilaga ahire saiki dadi aran panggonan yaiku Singotrunan, Singomayan, lan Singodilagan.
   Dadi disimpulaken hang aran Singa Singa iku setemene aran jabatan, dudu arane wong. Aju paran artine Singojuruh lan Singolatren? Nong kamus Jawa kuna ucap Manjuru artine sekutu. Kadhung mung juru kira-kira artine padha ambi tukang. Sedheng ucap Ratri hang paling parek teka ucap ratri hang artine dalu/bengi (wis digoleti ucap Latri hing nemu, hang paling parek ya Ratri). Tapi persise Singojuruh lan Singolatren iku patih hang ngurusi paran ya kudu digoleti  maning.

 

*Dijuwut teka maneka sumber

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf