Anggitane: Samsul Hadi
(Minggu, 05 Juli 2020 09:06 WIB)
Asal-usul Barong Sumur
Bedhug Magrib isun wis kesusu-susu nyang langgar merga rada kasep kegawa memengan layangan. Liwat pawon ngiteri senthong isun mambu emak nggoreng iwak lemuru hang buru tuku nang Man Untung. Nyelindhut nang mburine emak hang nggoreng lemuru isun njumput lemuru hang magih panas sun deleh nang kethu. Aju sun amik-amik ambi melaku nang langgar.
Mari solat magrib aju diajari ngaji a-ba-ta hang sak iki arane Iqra. Mari ngaji diterusaken solat isak. Salam pindho durung mari, wis padha gerudugan metu sulung-sulungan mulih. Gadug umah hang dijujug piring, dikedhukaken segane ambi iwak lemuru tunggale mau taping iki wis adhem. Mari madhang isun njaluk kelon anang. Sedurunge isun turu wis anjerah isun njaluk kelon nyang Anang. Isun njaluk dongengane Barong Sumur. Ambi nyedhot udud kelobot, anang mangkat ndongeng .
Jaman bengen nang ereng-erenge Gunung Raung pinggir wetan, iku ana alas hang wingit kepati-pati yaiku hang diarani Alas Jajang, mergane nang kana akeh merujuk uwit jajang petung lan peting hang akeh digoleti uwong.
Jajang-jajang iku mau dienggo sakane layare perau. Keneng diarani alas angker jalma mara jalma mati, mangkane sing ana uwong hang golet jajang wani melebu menjero kadhung golet jajang, akeh hang wangkot sing percaya malah dadi lan patine.
Sewijine dina, Kik Sorip ambi anake hang aran Buang nyeja melebu rada menjero nang Alas Jajang. Buang wis alok nang apake, "Pak aja kari melebet Pak, pados teng ngeriki mawon!”
“Jeh… Sira iki dadi percaya nyang gugon tuhon Lik," saure apake.
“Nggih sak kajenge Ndika empun Pak! Kula manut," jare Buang ambi nginthil ngetutaken apake.
Serta melaku melebu nang Alas Jajang ulih satus meteran Kik Sorip kaget. Merga ngatonaken sak kiwa tengene ana pecake dalan akeh pating keleleran belunge kewan lan belunge menungsa hang wis dilumuti. Kik Sorip tetep njangkah melebu terus, merga iyane weruh ana uwit jajang hang gedhe-gedhe lan kenceng-kenceng sing ana melengkunge blas. Nang njero atine Kik Sorip celathu.
“Byek, bisa payu larang iki gok diedol nang Ulu Pampang Muncar, merga keneng dienggo sakane layar perau hang gedhe.”
“Muga selamet Gusti,” nang batin Buang sing leren-leren ndonga.
Serta wis nang barongan jajang petung hang gedhe lan kenceng mauka, Kik Sorip aju ngetokaken tali lan perkule uga budhing hang disengkelit. Kik Sorip mangkat mbabati carang jajang hang nyelengkrah. Serta wayahe ngethok jajang hang gedhe mauka, mbarengi unine suwara perkul hang ngantem bonggole jajang. Buang rungu suwara Mbaung, "Whoouuuuuuuuuuuu..!” Gemeter sikile Buang rungu suwara iku. Dhengkule kothekan, matane pencilakan nulih ngalor lan ngidul, iyane wis tangar kadhung sewayah-wayah ana kedadiyan. Ambi celathu Buang nyeluk Kik Sorip.
“Pak! Apak! Ayo wangsul Pak. Enten abane macan Pak!” jare Buang.
“Sira iki, wis sing nulungi meden-medeni Isun," bentake Kik Sorip ambi rada bangkel nang Buang.
“Enggih Pak. Setemene nika enten hang nerabas wit-witan kaya kebo melayu ngeriki Pak!’ jare Buang ambi gancang ngampret lengene apake arep diejak melayu. Taping Kik Sorip sing mingser blas teka panggonane ngethok jajang, malah tangane Buang dikipataken ambi celathu, “Kana muliha sulung Sira wis!’
Buang kaget. Kewan hang nerabas wit-witan mauka tambah parek. Sing perduli bapake wis, Buang aju melayu ngetepeng ninggalaken Kik Sorip.
Kik Sorip kaget setengah mati, paran hang diomongaken Buang mula bener. Serta weruh kewan hang marani iyane nerabasi witi-witan, awake rasane kaya sing ndayani, liprek nang panggonan ngethok Jajang merga weruh ana kewan hang banget medeni gedigu .
Kewan mauka endhase macan rawise sampek dhengkul. Siunge putih campur getih gedhene sak gedhang warangan. Hang aneh nang baune kewan mauka ana seriwine. Sikile metu kukune cemeng-cemeng lan lancip kaya erine jajang gesing. Kik Sorip neguhaken atine. Iyane langsung nyekel perkul. ngadhepi kewan mauka, taping kasep. Buru arep nyabetaken perkul. Kukune kewan mauka wis temancep nang dhadhane Kik Sorip.
Kik Sorip Njerit melung kelaran, kumandhange jerite Kik Sorip mecah sunute alas jajang hang sintru. Getih melancer teka dhadhane Kik Sorip. Kik Sorip tawar, dibarengi suwara mbaung hang dawa.
“Whoouuummm..!!” suwara jerite Kik Sorip lan kewan mauka lamat lamat dirungokaken Buang. Buang rungu jerite bapake, tansaya ngetepeng ulihe melayu ngetan ambi berak-berak njaluk tulung. Tepak nang tegalan akeh uwong hang padha nggolet uwoh selo. Buang mberak, "Wak Seloan.! Tuluung….Ana baoong!” merga ucape Buang. Panggonan ketemune Buang ambi uwong golet uwoh selo mauka, panggonan iku dadi desa Paseloan. Uwong-uwong padha geger padha wedi ulih ceritane Buang. Aju melayu ngetepeng ngulon ngidul. Angger kecaruk uwong, hang padha melayu mauka ditakoni, "Ana paran?” jawabe Buang lan uwong hang milu melayu mauka,
“Ana baoong!” uwong hang takon mau malah milu melayu keciran anter-anteran ulihe melayu nggembirit sing kakaruan ambi obyog ana baong.
Panggonan uwong hang padha melayu nggembirit mau diarani desa Gembiritan. Pungkasane uwong-uwong hang padha melayu nggembirit mau padha leren. Ambi ngerungokaken ceritane Buang lan bapake. Serta wis surup, uwong-uwong hang magih keweden ana baong mau pungkasane padha rembugan.
“Sing aman kadhung magih nang ngisor umah, enake nang ndhuwur bain. Pungkasane uwong-uwong mauka padha turu nang ndhuwur gentheng. Mula panggonan hang dienggo rembugan mau diarani desa Genteng.
Warta ilange Kik Sorip sampek nyang kupinge Nyai Genitri. Nyai Genitri iki biksuni hang sakti mandraguna. Sandhangan meraji abang kabeh. Uwonge ayu rambute dawa nganggo selendhang abang. Nyai Genitri wektu iku magih nandhang susah merga kelangan murid kesayangan yaiku Calon Arang. Iyane mati nang tangane Empu Baradah. Rungu kabar ana uwong ilang nang Alas Jajang, Nyai Genitri atine kemesut. Agage ngutus muride hang aran Mahesa Gumarang ndileng kahanan Alas Jajang. Mahesa Gumarang mangkat nang Alas Jajang lan meruhi panggonane Macan Baong, aju mulih ngabari Nyai Genitri gok mula bener ana macan baong nang Alas Jajang kana.
Nyai Genitri lungguh nyang senthong penyepi njaluk pitudhuh nyang Hang Maha Kuwasa kanggo ngalahaken macan baong.
***
Isuk wis rantag serngengene, suwarane manuk dheluk saut-sautan. Manuk cucak nang gedhangan ya padha gendhingan. Nyai Genitri wis dianti nyang rakyat Genitri. Nyai Genitri metu ambi nggawa teken cemeng wernane, gemilap keneng sunare serngenge isuk. Tekene mambu ganda semebrung wangi, dudu arume cendana ya dudu arume kemuning. Nyai Genitri ngadeg nang lawang pertapane ambi celathu.
“Hei rakyat Belambangan, aja wedi sira ing pati. Aja padha keciran colong pelayu. Sakiki padha goleta jajang kanggo phentongan. Padha minggira, Isun hang ndhepani amuke Singa Barong.”
Rakyat Belambangan padha nggawe penthongan ambi Nyai Genitri dietutaken Mahesa Gumarang lan cantrik liyane nuju nang Alas Jajang. Gadug kana, uwong-uwong padha meneng kabeh. Saya melebu nang alas, saya sunut lan sintru, cumpleng kaya-kaya angin bain emong liwat nang kana. Sing nganteni suwe, wis ana suwarane berake macan baong. Nang tengah alas jajang, nang kana ana sumur lan lemah pelataran hang wera kaya ara-ara taping akeh belung menungsa pating keleleran.
Sing let suwi Nyai Genitri celathu.
“Mahesa Gumarang dhepanana Singa Barong,” Mahesa Gumarang mungkruk njaluk restu nyang Nyai Genitri. Mahesa Gumarang nyeluk Singa Barong kon metu.
“Hei.. Singa Barong metuwa Sira!” Let sedhela suwarane Singa Barong mbaung teka sumur nang tengah pelataran. Metune Singa Barong teka sumur mau, uwong-uwong padha mberak:
“Barong… Teka… Sumur… Barong teka sumur. Barong Sumur!” Mula iku kawitane dadine aran Barong Sumur.
Uwong-uwong padha gemigil keweden weruh wujude Singa Barong hang metu teka sumur. Mahesa Gumarang adhep-adhepan ambi Singa Barong lan dadi perang tandhing, padha kuwate padha saktine ulihe perang, hang maune alas dadi tegalan. Tegalan mau diarani desa Perangan.
Tandhinge Mahesa Gumarang ambi Singa Barong, Mahesa Gumarang asor. Awake tatu kabeh, getih temetes nang lemah. Mahesa Gumarang tawar, ambi digotong rakyat Belambangan digawa ngulon, panggon matine Mahesa Gumarang dadi desa Gumarang. Nyai Genitri gentenan hang tarung musuh Singa Barong.
Sedurunge tarung, uwong-uwong hang nggawa penthongan mau kon nabuh. Suwarane penthongan ngggawe Singa Barong jugedan. Gampang bain nyai Genitri menthung endhase Singa Barong nganggo tekene hang aran teken Kyai Rajeg Wesi. Singa Barong liprek sing duwe daya lan njaluk disepura. Singa Barong gelem dadi abdine Nyai Genitri saklawase. Lan ninggalaken sumur panggonane. Sumur mau dadi desa Sumur ring kidule Songgon ring jaman saiki. Lan Tengara utawane penthongan hang dienggo nabuhi Singa Barong mau ditumpuk nang panggonan elore Sumur dadi desa Tengororeja.
Pungkasane Singa Barong dadi abdine Nyai Genitri hang patuh. Bumi Belambangan wis aman teka amuke Singa Barong. Alas Jajang hang maune sunut diobong lan dijumputi jajange kanggo keperluan rakyat Belambangan. Pecake alas jajang mau dadi desa Jajangan Kidul, kulone Songgon ring jaman saiki.
Elet setaunan Nyai Genitri rungu kabar kadhung Empu Baradah arep nyang Bali liwat telatah Belambangan merga kalah perang Paregreg. Nang kana Nyai Genitri masang sungga kanggo nyambut bala tentarane Empu Baradah. Bala tentarane empu Baradah kari separo liyane padha mati keneng sungga. Panggonan hang dipasangi sungga nang Nyai Genitri Iku dadi aran desa yaiku arane desa Songgon. Nyai Genitri nyegat Empu Baradah nang Watu Ulan lan panggonan iku dadi desa Wastulan. Pungkase Nyai Genitri kecaruk Empu Baradah, njaluk tanggung jawab matine murid kinasihe hang aran Nyai Calon Arang. Empu Baradah mula wong sakti mandraguna. Tarung pitung dina pitung bengi ambi nyai Genitri sing ana lerene. Pungkase, teken kyai Rajeg wesi ketangkis nang Empu Baradah lan melesat nyang pesisir segara kidul. Mula aran cicire tekene Nyai Genitri iku diarani telatah Rajegwesi. Tandhinge Nyai Genitri lan Empu Baradah padha asore padha ajure. Getihe semembur, ngepusi lemah sampek dadi abang. Nang panggonan iku dadi desa Lemahbangdewo.
Nyai Genitri digotong ngidul, gadug kidul Nyai Genitri nggembor sedurunge tekan pati, panggonan nggembore Nyai Genitri mau dadi desa Gambor. Nyai Genitri mati dikubur nang Gumuk Genitri. Empu Baradah digotong ngalor. Gadug panggonan hang ana uwit kelapa gadhing. Empu Baradah nuding ambi ngomong pedhot-pedhot,
“Cung… king…” Karepe arep ngomong mancung kelapa gadhing mula dadi desa Cungking.
Ulihe punggawane hang nggotong Empu Baradah, tepak melaku sikile ketatab watu hang ndadekaken Empu Baradah cicir teka pundhake punggawa. Natabe sikil punggawa mau dadi desa Penataban. Mari gediku melaku ngalor, nang kana ana banyu mili hang kening lan pinggire banyu mau ana purine. Panggonan mau dadi desa Kalipuro. Ambi digotong ngalor Empu Baradah sambat,
“Hyang Widi… Hyang Widi..” Panggonan sambate Empu Baradah mau dadi desa Sukowidi. Empu Baradah dijunjung ngaloraken, ngalor sampek gadug ereng-erenge gunung kapur. Nang kana sing ana wit-witan, anane mung pesisir hang ombake anteng. Kabeh punggawa lan cantrike Empu Baradah sing ana hang cemuit, mula panggonan iku diarani desa Meneng. Nulih ngidulaken nang pesisir kidul katon ijo royo-royo akeh wit-witan hang kaya payung melibeng. Empu Baradah ngiyup nang ngisore wit iku ambi nganteni uwong hang mapag teka negari Kelungkung. Uwit hang dienggo ngiyup mau arane wit Ketapang, sampek saiki diarani desa Ketapang. Empu Baradah kasil digawa nang Bali. Pungkase Empu Baradah mati nang Tampak Siring tepake nang Candi Kuning gedigu ujar dongengane mbah Anang.
Kudus, 26 Des 2015
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)