Asal-usul Benelanlor (Kabat) lan Benelankidul (Singojuruh)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Februari 2021 09:01 WIB)
- Opini



Ring Banyuwangi ana desa hang aran Benelanlor hang melebu ring kecamatan Kabat hang nduwe sedulur yaiku desa Benelankidul. Dulur desa biyasahe parek-parekan panggonane, tapi desa Benelanlor ambi Benelankidul rada sewang-sewangan. Saking adohe pisahe, saiki desa loro iki melebu kecamatan hang beda. Benelanlor melebu Kabat, Benelankidul melebu Singojuruh. Paran maning teka rong desa iku diwatesi ambi desa Cangkring (kecamatan Rogojampi) uga desa Lemahbangkulon (kecamatan Singojuruh). Kadhung ana wong ditakoni umahe nong endi aju jawabe Benelan, mesthi pemahamane yaiku Benelankidul. Kadhang kadhung diwarahi Benelanlor, akeh hang hing weruh gok ana desa Benelanlor. Mula kayane Benelankidul lebih kesuwur timbang dulure hang nong elor. Kanggone wong Benelanlor kadhang nggawe kepikiran apuwa gok gedigi. Bengen tau ana kedadeyan tandhing tembung antarane rong desa iki. Akeh uwong-uwong tuwek hang padha ndeleng aju ngomong ring para pemain tembung hang magih enom-enom kadhung Benelanlor ambi Benelankidul iku seduluran sakat bengen. Dadi maine aja pati kasar nyang dulure. Mula kadhung dideleng teka arane mula kembar, tapi magih akeh hang sing paham, sing weruh, uga sing nelusuri tali sedulure iku njumbul teka endi masiya tah iku uwong hang wis urip suwi uga asli desa Benelanlor ambi Benelankidul.

Diintep teka ring pirangane bukti hang wis digoleti ambi penulis, ana telung cerita hang nduduhaken gok desa Benelanlor ambi Benelankidul iku setemene berondhot.

Hang kepisan yaiku teka salah sijine warga Benelanlor hang aran pak Paat. 

Ceritane bengen ana keluwarga hang mbukak lemah babat alas ring Benelan. Panggonan kepisan hang dibukak yaiku hang saiki dadi desa Benelanlor. Kadhung dideleng ring daptar kepala desa Benelanlor, ketuwa kawitan yaiku “Durahman bergelar Tompo Wijoyo". Aju tepak ketuwa desa iku ngerasa kadhung iyane emeh ninggal donya, iyane nggawe wasiyat nyang rabine. Ring cerita iku kepala desa jaman semono iku mau duwe rabi loro. Hang dikarepaken merga tanah Benelan iku wera aju bisa diwarisaken nyang rabine keloron iku mau. Makene dienggo selamete ring jaman ngarep, tanah desa benelan diedum wong loro, rabi hang nomor siji ulih hang pinggir lor (cikal bakal desa Benelanlor) aju hang rabi nomor loro ulih tanah hang pinggir kidul (cikal bakal desa Benelankidul). Kepala desa iku mau uga ngewani wekas nyang rabine makene sing padha tukar hang bisa medhot seduluran anak putune ring antarane desa iku mau kudu digawe wates hang adoh. Wekase maning nyang rabine jak keloron yaiku cerita asal-usule desa Benelan iki kudu diuri-uri aja sampek pedhot kanggo mengeti gok setemene bibit perkawit desa loro iki padha. 

Hang kepindho yaiku teka artikel hang wis tau diunggah ring media sosial (blog) hang sumbere teka pemerintah desa Benelanlor ring taun 2014.

Cerita dikawiti kelawan perjalanan Prabu Tawangalun hang ngumbara ambi perajurite teka Macanputih hang ana ring Kabat melaku ngidulaken. Prabu Tawangalun mandheg tepak weruh ana alas hang rapet ambi wit-witan lirang kang nggerombol akeh. Cekake cerita ring kana Prabu Tawangalun nggawe desa hang aju diarani desa Gombolirang. Prabu Tawangalun nerusaken lakune ngidul maning, tepak ngeliwati alas wit lirang hang dadi wates desa Gombolirang iku mau Prabu Tawangalun nemokaken alas hang diperujuki barongan jajang benel. Alas hang akeh jajang benel iku mau dibabati sampek akhire dadi desa hang njuwut aran teka anane jajang benel yaiku ditengeri ambi aran desa Benelan. Serang werane tanah hang akeh jajang benele iku mau saya suwi melakune wektu tanah iku dipecah dadi loro. Benelanlor ambi Benelankidul.

Ring Benelanlor uga ana cerita hang dipercaya turun temurun sampek saiki ambi masyarakat Benelanlor kadhung bengen wis ana hang njaga desa Benelanlor yaiku anak keturunan Prabu Tawangalun hang arane Raden Joko Pekik hang urip ambi rabine. Tapi sakat emeh jaman penjajahan sampek saiki, desa Benelanlor dijaga ambi rabine Raden Joko Pekik hang kelawan kesaktiane Joko Pekik dhewek mencala dadi golongane bangsa alus merga Joko Pekik arep ngumbara.

Hang ketelu, yaiku laporan teka asile KKN-PPM hang wis digawe jurnal lare Institut Agama Islam Ibrahimy Genteng Banyuwangi ring taun 2020 hang ditulis ambi Ellyana Ilsan Eka Putri lan Mufidah Yusroh.

Ceritane ring jaman bengen ana uwong hang aran pak Tompo Wijoyo, umahe ring dusun Gombol (saiki melebu wilayah desa Benelankidul kecamatan Singojuruh). Pak Tompo Wijoyo kesuwur minangka wong tani hang patheng lan telikas kadhung tandang gawe. Saya suwi sawah hang dirumat iku mau saya wera sampek gadug pinggire banyu Antogan (saiki melebu desa Benelanlor,  Kabat). Serang werane sawahe iku pak Tompo tuwuk mulih dalu kadhang ya sing mulih serang kesele nggarap sawahe hang wera. Kedadeyan iku mau nggawe pikiran, aju pak Tompo mbangun pondhok cilik makene sing kaudanan kepanasan. Saya suwi pak Tompo kepikiran nyang rabine hang ditinggal ring umahe hang ana ning dusun Gombol tapi mikire ya sekaken kadhung dijak ning sawahan emeh saben dina. Aju pak Tompo golet rabi maning kanggo tamba dhewekan mauka,  sampek akhire ulih lare wadon hang umahe ana ring pinggiran banyu Antogan hang parek sawahe iyane. 

Saya suwene wektu melaku, pak Tompo ambi rabine hang nomer loro iku mau duwe anak sampek putu hang ngedegaken umah ana ring dhaerah sawahe dhewek. Suwine suwi dadi perkampungan hang akeh umah-umahe. Jare bapakisun hang aseli Benelanlor, pak Mumparid, nyambung ceritane iki yaiku sebabe perkampungan hang dikawiti ambi pak Tompo mau saya suwi saya rame merga anak putune hang rabi nggawa mantune manggon ring kono. Aju kabeh diedumi tanah dienggo nggawe umah. Terusane cerita mau tepak wayah wis gawe kumpulan masyarakat pak Tompo lan anak putune nggawe aran perkampungan iku mau Benelan merga ring sawahe pak Tompo hang parek banyu Antogan mau akeh diperujuki jajang benel. Asile aran hang dienggo yaiku "Benelan" uga aran “Lor" dijuwut teka anane perkampungan uga sawahe pak Tompo Wijoyo ana ring elore perkampungane hang asli yaiku ring Gombol. Lurah kawitan hang madeg ya pak Tompo Wijoyo kerana bengen hang ngawiti umah ring Benelanlor. Asumsi penulis, hubungan dulur kirane teka rabine pak Tompo Wijoyo hang ana loro. Rabi hang tuwek ring Gombol (Benelankidul) dene hang keloro ring Benelanlor iku.

Bukti hang wis ana iki ya mung kanggo ngungkap tali seduluran ring antarane Benelanlor ambi Benelankidul. Iki sudut pandang lare Benelanlor. Penulis ya ngarepaken sedulur hang teka desa Benelankidul bisa nduduhaken asal-usul sejarah desa teka penemune masyarakat Benelankidul makene bisa dibandhingaken.

Penulis ngarep-arep bisa ana terusane embuh iku arupa tulisan maning hang bisa bener-bener nduduhaken asal-usule Benelan kelawan sumber hang apik lan jelas. 

(Dokumentasi Pribadi, 2021)

(Dokumentasi pribadi)

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eskak,Edi. 2016. Bambu Ater (Gigantochloa atter) Sebagai Bahan Substitusi Kayu Pada Ukiran Asmat. Dinamika Kerajinan dan Batik. 33(1): 55-66. httpblogdesabenelanlor.blogspot.com201404sepenggal-kisah-desa-benelanlor_6.html Putri, Ellyana Ilsan Eka dan Mufidah Yusroh. 2020. Keramba Ikan Sebagai Alternatif Pemeliharaan Kebersihan Sungai Dari Kebiasaan Buang Air Besar dan Sampah Di Desa Benelanlor Kecamatan Kabat. Abdi Kami Jurnal Pengabdian Pada Masyarakat. 3(1) : 38-55.

Editor: Hani Z. Noor