Asrama Inggrisan (Bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 April 2025 09:07 WIB)
- Opini
-76016.jpg)
Asrama Inggrisan (Bagiyan 1)
Ditulis ring Nani Asiany
Ngomongaken Asrama Inggrisan, pikiran ngelayang magih jaman penjajahan VOC utawa kompeni (Landa). Sakmarine perang Puputan Bayu, Landa kompeni kang rumangsa menang ngelawan laskar Belambangan aju mindhahaken markase teka Lateng Rogojampi dipindhah nong Ulupangpang. Sakteruse Banyuwangi duwe Bupati utawa regent kang kawitan arane Mas Alit kang dilantik Landa kompeni taun 1774. Pelantikan bupati iki pertandha ilange utawa pungkase keraton Belambangan kang mari perang Puputan Bayu taun 1771 kang dipimpin Rempeg Jogopati. Mari dilantik, Landa nguweni kebebasan nyang Mas Alit kang ulih gelar Tumenggung Wiroguno iku milih ngelihaken ibukotane tah using. Kadhung ngalih, pindhahe teka Ulupangpang Muncar nyang antarane Benculuk - Ketapang, Kalipuro utawa tetep nong Ulupangpang. Kerana sing disetujoni Gubernur Jawa, ahire Mas Alit milih milu ngalih nyang pareke benteng VOC ring Tirtaganda (kutha Banyuwangi) kang diwatesi pinggir lor kuburan keramat Lateng, kulon diwatesi kang saiki diarani Rumah sakit Umum Blambangan, lan kidul diwatesi kuburan mburine kecamatan, lan mulai manggoni pendhapa taun 1775.
Kaya kang ditulis ring sejarah, Indonesia kang wis mulai ditekani Landa taun 1596 nganggo alasan dagang iku serta wis ulih rong abad Batavia ditekani Inggris kang dipimpin Sir Thomas Stamford Raffles. Pasukan Inggris kang numpak kapal laut iku aju perang lan nguwasai Jakarta (Batavia) kang waktu iku dipimpin Jan Willem Jansens ring taun 1811. Serta Inggris kuwasa, rakyat Indonesia diweni kebebasan dagang, kang sakdurunge dikuwasai Landa VOC. Malah rakyat diulihaken nandur tanduran kang keneng diekspor. Masiya tawis kang aran penjajah ya tetep penjajah. Lan tinggalan sejarah kang fenomenal nalika jaman Raffles nong Indonesia yaiku mekaraken pusat penelitian Kebun Raya Bogor kang sampek saiki magih kejaga lan kerumat. Suwene Inggris njajah Indonesia mung sekitar limang taun, yaiku taun 1811-1816
Beda ambi tinggalane Inggris ring Banyuwangi. Ring jaman penjajah Inggris, pulo Jawa dibagi dadi nembelas karesidenan. Banyuwangi dhewek melebu Karesidenan Besuki. Kanggo nggampangaken ngawasi, karesidenan dipimpin residen lan asisten residen. Ring Banyuwangi, tinggalan Inggris kang bangunane magih ana sampek saiki taping kahanane wis rusak arane Asrama Inggrisan. Panggonane ana ring jalan Diponegoro Banyuwangi kota, parek pasar Banyuwangi.
Sakdurunge nutugaken cerita Asrama Inggrisan iki, penulis ngenalaken sulung watese Banyuwangi. Kang pinggir kulon, yaiku kabupaten Jember lan kabupaten Bondowoso. Nurut narasumber Marco Kusumawijaya, salah sijine wong kang ngedegaken Badan Pelestari Pusaka Indonesia (BPPI), peneliti Rujak Centre for Urban Studies/Penulis “Kota-kota di Indonesia: Pengantar untuk Orang Banyak” nalika ring acara seminar tema Menengok Asrama Inggrisan Dari Masa Silam ke Masa Depan tanggal 17 Desember 2023 ring Pelinggihan Prabu Tawang Alun kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Banyuwangi njelasakaen kadhung cagar budaya melebu pusaka dudu warisan. Pusaka kang aseli basa Melayu iku duwe arti barang kang diwarisaken utawa diturunaken. Sing keneng diedol tuku, Sing ulih dipecah-pecah taping kudu wutuh. Ambi nduduhena peta Banyuwangi taun 1800an, Marco njelasaken kadhung Banyuwangi iku siji kesatuan alam, kaya anane gunung Raung kang milikaken banyu. Meh kabeh wates kabupaten kang ning pulo Jawa kadhung ana gununge mesthi gunung iku sing duwene siji kabupaten. Kaya Gunung Raung duwene Banyuwangi lan Jember sedheng gunung Ijen duwene Banyuwangi lan Bondowoso
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Nani Asiany
Editor: Hani Z. Noor