Ayam Betutu Mbak Timah, Olahan Bali Rasa Jawa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 November 2021 07:53 WIB)
- Kuliner



Panganan Ayam Betutu mula olahan has Gilimanuk hang kawitane digawa ring Men Tempeh wong asal Gianyar Bali. Merga panggonane hang parek, panganan iku digawa ring Klatak, sak kiwa tengene Hotel Ilira. Kadhung teka kutha Banyuwangi sedurunge Hotel Ilira, ana dalan melebu ring perumahan Villa Sukowidi, ana Ayam betutu Hobby Mangan. Dene sak mareke hotel Ilira, melebu nyang arah perumahan GGM, ana warung Mbak Timah, diarani aran rabine hang duwe yaiku pak Jumadi, wong Jawa kelairan Gilimanuk hang mbukak warunge sakat 2014.
Bedane ambi hang aseli Gilimanuk, hang nong kene hing patiya "tajam" merga ragine wis diolah ping pindho. Wong kene dhemen hang "ringan", jare pak Jumadi hang sedurunge mbukak warung, tau dadi teknisi montor.
   Pak Jumadi masiya lair lan teka Gilimanuk, taping iyane hing ana hubungan ambi keluargane Men Tempeh. Iyane lan rabine, mbak Timah hang asal Pengantigan Banyuwangi, hing tau nduwe pengalaman dodol panganan, taping tekade hang kuwat wis ndadekaken Warung Ayam Betutu Super Spesial Mbak Timah dadi jujugan wong akeh.
   "Isun mung ngerasakaken olahane Men Tempeh hang ana ring Gilimanuk lan Hun uwahi sithik, umpamane yaiku mau ragi empon-empone diolah ping pindho. Hun gawe persi Jawa kanggo nyocogaken ring ilate wong kene," jare pak Jumadi.
   Ciri has olahan ayam Betutu iku mula pedhese. Wis pedhes ring pitike magih ditambah lobok rawit wungkul hang ana ring kokohe. Naming ana carane ngurangi pedhese, yaiku mangan sulung kacange hang disedhiyani bareng ambi sambel matahe, jare pak Jumadi nganggo basa Indonesia.
   Bisa pisan tepak madhange dibarengi mangan timun utawa seladhah merga sayur loro hang disedhiyani bareng ambi kacang lan sambel terasi, iki akeh banyune, jare pak Jumadi.
   Masiya dodolan menu liyane kayata pitik Betutu goreng, taping hang digoleti ya aseli olahan Betutu hang ana kokohe.
   "Aseline Betutu iku ya hang nganggo kokoh lan pedhes," jare pak Jumadi. Hang dhemen ana aroma bawang, bisa nyampuraken sambal matah, yaiku irisan bawang abang mentak, uyah, lobok, sedurunge disiram kokoh Betutu.
   Warung Bu Timah uga salah siji panggonan hang sesehan keneng anane pageblug. Sedurunge pageblug, bisa entek lebih 30 pitik kampung sedinane. "Kadhung saiki payu setengahe bain wis sukur," jare pak Jumadi.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor