Babanci utawa Jangan Banci Banyuwangi

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Agustus 2020 09:22 WIB)
- Kuliner



Ring Banyuwangi, ana olahan hang rasane emeh padha taping arane beda-beda. Ana Kesrut hang biyasahe nganggo belungan, ceker, endhas lan gulune pitik kampung, taping kadhung dhemen daginge ya bisa pisan. Kelire abang merga gerusan lobok litik abang. Kadhung loboke wungkulan kelire rada kening biyasahe diarani Uyah Asem. Ana pisan uyah asem seladhah. 
Ana maning hang diolah teka kikil wedhus, kadhung iwak segara arane pindhang koyong. Paran arane kadhung hang diolah kikil sapi?
Babanci utawa Banci yaiku olahan kikil utawa sikile sapi hang ragine nawi padha utawa rada beda sithik ambi olahan seger-seger ring ndhuwur mauka. Sara tah? Using.

Bahan hang dibutuhaken:
Sekilo kikil sapi hang wis rijig lan dipeceli. Biyasahe hang diedol ring pasar wis matengan, wis digodhog masiya durung empuk seru. Dadi kari njaluk bain dipeceli sepira gedhine.
Mari dibilas ring banyu rijig aju digodhog maning sampek rada empuk, aju dibuang banyune makene kokohe hing ketuh. Aju engko digodhog maning tepak ragine digerus.

Ragine:
7 bungkul bawang abang
5 siyung bawang putih (ana pisan hang sing kathik bawang putih)
2 jempolan laos digejah
15 iji lobok litik abang, hang 5 milu digerus hang 10 dicemplungaken wungkulan 
3 iji lobok abang gedhi
3 iji tomat
5 ler godhong bawang diiris 3 sentian.
2 iris cilik asem wadhung
5 iji belimbing wuluh ditugel dadi loro tah lima, bunder tah dawa, sukake.
2 iris gula abang
Sak sendhok teh terasi
Sak sendhok teh gula pasir
Ana hang dhemen nambahi godhong salam ya ulih bain.
Banyu sak liter

Carane:
Bawang abang, bawang putih, lobok abang gedhi, lobok litik abang hang 5 iji, terasi, gula abang digerus.
Ana hang tomate milu digerus dadi kelire lebih katon mberanang, taping ana pisan hang dhemen mung diiris dadi 4 tah 6 lan dicemplungaken.
Kadhung ragine wis alus, dilebokaken ring wanci godhogan kikile. Tambahena asem wadhung, laos lan godhong salam kadhung dhemen.
Kadhung sekirane katon kokohe kurang akeh bisa ditambahi banyu maning.
Kadhung kikil wis uwah kelire artine ragine wis ngeresep, aju tambahana irisan belimbing wuluh, irisan godhong bawang, lobok litik hang 10 iji, uyah lan gula pasir.
Kadhung wis katon alum taping magih seger hang aran belimbing, lobok litik kan godhong bawang mauka, aju tilikana, tambahana paran hang sekirane kurang ring rasane.

Banci iki enak dipangan tepak magih panas, bisa disandhingaken ambi lonthong.

Ana pisan hang aran Banci taping arupa olahan daugan hang diolah nganggo ragi lan godhong belimbing.
Taping ring kene mung njelentrehaken Babanci utawa Banci versi hang diweruhi penulis.
Muga ana mampaate.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf