Bambang Sugiono, Karir Walikota lan Ketum Ikawangi Pusat
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 April 2020 10:17 WIB)
- Tokoh
Kanggone wong Banyuwangi, ibukota DKI Jakarta mula panggonan hang adoh melip taping kayadene wong-wong sak Indonesia hang ngumpul ring ibukota negara iki, Jakarta uga bisa dadi panggonan andelan kanggo golet pangan lan mbangun karir.
Sak akehe 514 kabupaten lan kota ring Indonesia iki, Banyuwangi wis nyumbang telung wong hang tau dadi walikota. Dhaerah liyane ya ana pisan hang wargane tau dadi pejabat setingkat walikota tah gubernur. Hang lebih akeh maning, akeh dhaerah kang hing tau ana wargane hang njabat nong ibukota. Banyuwangi nduwe telu.
Hang sepisan ruwahe Pak H. Abdul Kahfi hang tau madeg dadi walikota Jakarta Pusat lan aju munggah maning dadi wakil gubernur. Hang nomer loro H. Sutardjianto, hang tau madeg dadi walikota Jakarta Barat. Iyane iki uga saiki dadi sesepuh Ikawangi lan salah siji hang milu ngedegaken organisasi wong Banyuwangi ring ibukota kelawan aran Pewangi Jaya ring taun 1972. Hang pungkasan H. Bambang Sugiono, wong Genteng hang madeg dadi walikota Jakarta Utara (2009-2013).
Kadhung jaman presidene ruwahe Pak Harto bengen, wong-wong hang dadi gubernur, bupati lan walikota rata-rata teka jalur tentara. Sakuwise Reformasi taun 1998 hang mbalekaken tentara nong barak, lan hing ulih maning dadi pejabat sipil, buru jabatan iki dadi terbuka. Sapa bain bisa.
Kang Bambang iki kaya nerusaken hang dilakoni Pak Tardji, merga karire sampek munggah mucuk dikawiti teka ngingsor. Sakat dadi kepala Sub Bagian Pembangunan Kota Bagian Pembangunan Kantor Walikota Jakarta Pusat taun 1991.
Ring kantor walikota Jakarta Pusat iku karire munggah sampek notog ring Sekretaris Kota taun 2004-2008. Hing bisa munggah maning kejaba dadi walikota hang paling dhuwur.
Tepak jamane Gubernur Fauzi Bowo, hang saben-saben teka ring acara Halal bi Halal Ikawangi ring Taman Mini Indonesia Indah (merga lobine sapa maning?), Pak Foke celukane, semaya gok arep ngangkat wong Banyuwangi dadi salah siji walikotane. Ring Pemprov DKI ana limang walikota: Pusat, Selatan, Barat, Utara, Timur lan siji bupati Kepulauan Seribu.
Temenan, semaya hing dadi sulaya, taun ngarepe, yaiku taun 2009, lakine Hj. Nanik Widyastuty iki diangkat dadi Walikota Jakarta Utara.
"Embuh kelendi, nawi Pak Foke ndeleng Banyuwangi duwe segara, aju wong Banyuwangi didadekaken walikota Jakarta ring panggonan ibukota hang uga nduwe segara," gedigu jare Kang Bambang nang reportere belambangan.com.
Dadi walikota Jakarta Utara mula hing gampang. Merga salah siji tantangane, kabeh banyu hang mili teka wilayah Jakarta liyane lan Bogor nuju Jakarta Utara. Akeh panggonan hang saben-saben kebanjiran. Walikota munyeng mikiraken kelendi carane ngatasi banjir ring wilayahe. Hang nomer loro, kelendi carane ngentasaken wong-wong pesisir hang magih akeh urip melarat lan manggon ring kampung-kampung kumuh. Taping tantangan kabeh iku diadhepi kelawan sabar lan tawakal, sampek iyane bisa mertahanaken Penghargaan Adipura hang kelima kanggo Jakarta Utara.
Sakliyane mertahanaken Adipura, Kang Bambang nggawe terobosan ring pariwisata hang nguwatsken identitas Jakarta Utara minangka wilayah pesisir.
Ana 12 Jalur Destinasi Wisata Pesisir hang digarap, kang ndadekaken obyek wisata alam, bahari, sejarah, budaya, religi, belanja, kuliner, hiburan lan wisata olahraga bahari. Yaiku:
1. Taman Suaka Marga Satwa.
2. Sentra Perikanan Muara Angke.
3. Kawasan pelabuhan Sunda Kelapa.
4. Kampung Luar Batang.
5. Sentra Belanja Mangga Dua.
6. Ancol.
7. Bahtera Jaya (Yacht Club).
8. Stasiun KA Tanjung Priok.
9. Jakarta Islamic Center.
10. Kawasan Kampung Tugu.(Keroncong &Gereja Tugu ).
11.Kampung Marunda (Rumah Pitung, Masjid Al Alam).
12.Sentra Belanja dan Kuliner Kelapa Gading.
Kang Bambang saben taun nganakaken Festival Pesisir Jakarta Utara hang dipiloni kota/ kabupaten hang nduwe panggonan kelenceran hang emeh padha.
Siji maning hang diangkat yaiku batik. Jakarta Utara saiki nduwe ciri has pakaian batik pesisir dhewek, uga Kaos Pitungan.
Dalan uripe ring pemerintahan pemprov DKI hing mandheg semono, marek dadi walikota suwine petang taun, bapake lare telu lanang kabeh - Aji Rizqi Yodhana, Reza Putra Yodhana lan Rio Rahman Yodhana iki,
ditarik ring pemerintahan provinsi dadi PLT Deputi Gubernur DKI Bidang Kependudukan dan Pengendalian Pemukiman. Lan sak uwise purna tugas, doktor lulusan Universitas Brawijaya lan sarjanane teka Universitas Jember iki diangkat dadi Widyaiswara Ahli Utama BPSDM Prov DKI. Malah saiki uga njabat Wakil Ketua II Dewan Pimpinan Pusat Ikatan Widyaiswara Indonesia.
"Isun yakin gok dalan hang Isun lakoni iki merga dongane lalare atim pisan," jare Kang Bambang.
Liyane nyantuni lare atim, kanggo kegiyatan sosiale, Kang Bambang uga mbagi wektune dadi Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta sakat taun 2013. Marek periode pertama, iyane dipilih maning nerusaken jabatane taun 2018 sampek seperene.
Hang dadi tantangan sakat bengen ningkes dadi siji wong-wong Banyuwangi hang asale teka Banyuwangi ya wis mula macem-macem: ana hang keturunan Belambangan, Bugis, Bali, Jawa, Medura, Arab, Cina, lan liya-liyane. Durung maning wong-wong iku nggawa sipate dhewek-dhewek hang wangkot, aclak, ladak, bingkak, kethak, anggak lan sepiturute.
Dadi, mimpin Ikawangi ya rada gampil-gampil sara.
"Alhamdulillah masiya wong akeh beda-beda maksud lan tujuwane, ring Ikawangi wong-wong iku bisa padha guyub rukun," jare Kang Bambang hang taun iki umure wis 62.
Minangka wadhah kumpul, Ikawangi nduwe pirangane koordinator wilayah lan disokong ambi organisasi-organisasi wong Banyuwangi hang ana ring ibukota iki, kayata: Arisan Jebeng, Damar 84, Ikobe, Larosa, Magenta, Prajurit Blambangan. Lan Ikawangi Pusat uga duwe iwuh setaun sepisan hang bisa ngelumpukaken wong Banyuwangi hang ana ring perantauan yaiku nganakaken Halal bi Halal.
Iwuh gedhe iki biyasahe ulih wektu utama ring Taman Mini Indonesia Indah, merga ditekani pejabat-pejabat. Sak liyane Gubernur DKI (Pak Fauzi Bowo, Pak Basuki Cahaya Purnama, Pak Anies Baswedan), uga pejabat-pejabat negara asal Banyuwangi kayata Menteri Pariwisata tepak iku Arief Yahya, Bupati Banyuwangi lan liya-liyane.
Sakat Kang Bambang dadi Ketum, hubungan Ikawangi lan Pemda Banyuwangi saya raket.
"Ikawangi diedegaken kelawan rasa seduluran, padha-padha ngerasa dadi wong Banyuwangi ngumbara ring tanah liyan. Padha-padha nduwe tujuwan siji yaiku nyambung tali silaturahim, kanggo ngabaraken umbak-umbule kahanan keluwarga. Paran maning kadhung tepak kumpul-kumpul ana hiburan tradhisional, panganan has Banyuwangi, bisa nambani kangene ati nyang tanah kelairan."
Kang Bambang nambahi gok Ikawangi masiya teka kadohan milu ndeleng perkembangane Banyuwangi lan uga dadi utusane pemda kanggo promosi lan nggawa aran Banyuwangi ring Indonesia malah sak ndonya.
Semono uga Ikawangi mbutuhaken kerjasamane Pemda kanggo mujudaken program-programe.
"Hang durung nggadug impene iku ngelumpukaken Ikawangi hang ana ring dhaerah-dhaerah sak Indonesia lan Ikawangi hang ana ring negara manca."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf