Banyuwangi lan Pestipal Rijig Dheket Lebaran

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 April 2024 07:40 WIB)
- Opini



Hing nak nyanyil taping endane Banyuwangi perlu nggawe Festival Rijig Dheket Wayah Lebaran? Tepak wong-wong Banyuwangi sore mulih kampung wayah lebaran Idul Fitri, akeh hang ngersula. Gedigitah kutha Banyuwangi hang dipuja-puji seperene viral dadi panggon jujugan kelenceran? Nalika wong-wong diaspora, wong Banyuwangi hang manggon ring njaba, metek dhadha ndeleng kahanan dheket hang selengkerahan ring dalan-dalan lan ring panggonan kelenceran. Sasate aran apik hang ditandur lawase setaun dadi muspra keneng ambune lan wujude dheket-dheket hang selengkerahan iku.
   Mula kabeh ya rada setengah nerima gok iki wayahe lebaran. Wong hang ngangkat dheket ya perlu sungkem nang wong tuweke lan unjung-unjung nong dulur-dulure. Nawi pasukan kuning perlu ngelencer pisan merga setaun hing ana cutine.
   Taping kanggone wong hang buru teka, ya diaspora, ya wong turis hang buru kelenceran nang Banyuwangi, anane dheket hang ngelumbruk iki bisa dadi cerita hang elek sak dawane engetane.
   Kanggone para turis iku kahanan rijig iku nomer siji. Lan setemene Pemkab Banyuwangi ya weruh hang gedigi iki. Hing kathik diajari.
   Enget yara ring sak akehe festival hang dianakaken ring Banyuwangi Festival, setemene ana pirangane pestipal hang dienggo ngajari wong Banyuwangi bab urip rijig. Dudu dienggo wong njaba.
   Contone Festival Jedhing Rijig. Festival iki jelas dudu kanggo wong njaba hang kelenceran. Pestipal iki kanggo mbiyasahaken wong Banyuwangi utamane hang nduwe pasilitas kanggo wong umum supaya ngerijigi cedhinge. Hing kanggo maning ana cedhing hang pesing hang nggarahi wong njaba utamane, dadi ngerasa bangkel ambi Banyuwangi merga cedhing ring Banyuwangi mambu pesing lan kothor. Saiki bisa diceritakaken nyang uwong-uwong njaba, hing ana cedhing pesing nang Banyuwangi, kelebu hang ana ring pom bengsin hang kerep kanggo jujugan wong kebelet nguyuh ring dalan. Mesthine, pemerintah pusat kudu ngabraki pemerintah dhaerah sak Indonesia nyonto Banyuwangi kelendi carane ngejak kabeh masarakat milu program Cedhing Rijig iki. Polahe kadhung wong hang tau nggawa montor teka pucuk kulon Jawa liwat Jawa Barat aju Jawa Tengah lan Jawa Timur, bisa ndeleng hing kabeh jedhing ring pom bengsin lan restoran-restoran cedhinge wangi.
   Hang nomer loro Festival Kali Bersih. Sak Indonesia sakat bengen, uwong-uwonge hing nyadhar gok mbuwang dheket ring kali nggarahi kaline kothor, banyune mambu, hing enak dideleng, nggarahi segarane kothor pisan lan kadhung ketemu belahine dhekete nggarahi belabur, banyune munggah merga kebebeng dheket.
   Masiya jaman wis maju ya ana bain hang durung ngarti. Pungkasane pemda Banyuwangi nggawe Festival Kali Bersih, kali rijig bisa dienggo adus lan ciblungan, enak disawang, bisa dadi panggonan kelenceran lan uga ngurangi dheket hang keli nyang segara.
   Balik nang dheket wayah lebaran, Pemda mesthine mikiraken carane ngatasi. Umpamane, pasukan kuninge ulih THR pindho. Hang sepisan ya mula Tunjangan Hari Raya hang mula wis dadi hake, sijine THR kanggo ngurusi dheket lebaran. Bisa bain THR dheket lebaran malah lebih tebel merga wong-wong iki wis berjuang ngurbanaken wektu kanggo keluwarga sak perlu dienggo apike lan arume aran Banyuwangi. Hang dijaga aran Banyuwangi. Utawa cara liyane merga Pemda Banyuwangi nduwe stap hang pinter-pinter hang dinase kerep dadi papan pesinauan dhaerah liya sak Indonesia.

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.