Barong Ider Bumi, Kemiren
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 April 2025 06:02 WIB)
- Opini

Barong Ider Bumi Kemiren
Barong Ider Bumi minangka kegiyatan masarakat Using Desa Kemiren Kecamatan Glagah. Dianakaken saben taun netepi 2 Syawal. Kegiyatane arupa arak-arakan Barong kelawan ngarep-arep supaya Pengeran nguwani keselametan lan ketentereman.
Barong kelebu kesenian hang bengen-bengene dienggo nyamar para pejuwang kanggo nggolet dalan gerilya lan kanggo nggoleti kanca-kancane. Barong iku minangka wujud karya seni hang kelebu karya seni topeng, kanggo nggambaraken kewan hang medeni. Miturut mitologi masarakat Using, barong dipercaya dadi lambang pethithet apik hang nduweni daya kanggo ngusir aruh-aruh laku elek (kejahatan).
Roncean Ritual Barong Ider Bumi, dikawiti kelawan:
- Sedhekah sawah dianakaken sedina sedurunge. Saben keluwarga gentan-gentun ngetokaken sedhekah selametan kupat-lepet lan sekabehane macem jajan teradhisional kayadene kucur, cenil, kulpang, awug, sumping, bikang, bugis, lemper lan liya-liyane, disuguhaken kanggo para dhayoh;
- Nalikane arak-arakan arep diangkati, barisan kepantha-pantha, dikawiti kelawan barisan tumpeng serakat lan pecel pitik aju digawa ider kampung kelawan Barong, didhepani sesepuh desa ambi sembur uthik-uthik sedawane dalan hang diliwati.
Sembur uthik-uthik lan pantha barisan liyane iku dikarepaken kanggo mbuwang sengkala lan ngusir aruh-aruh jahat supaya masarakat diweni kemakmuran lan keselametan. Arak-arakan Barong Ider Bumi iku ditutbureni ambi sekabehane masarakat Using ring Desa Kemiren, diramekaken musik teradhisional has Using kayadene Angklung Paglak, Kuntulan, Gembrung, patrol lan hadrah.
- Saben-saben keluwarga nyepakaken tumpeng lan pecel pitik. Mari arak-arak Ider Bumi, sedurunge serngenge surup, kabeh tumpeng dideleh lan ditata ring sedawane dalan desa. Sak uwise didongani ambi kiyai utawa pemuka agama, tumpeng lan pecel pitik dikembul bareng antarane masarakat Desa Kemiren lan sekabehe para dhayoh.
Hikmah paran hang keneng dijuwut teka teradhisi Barong Ider Bumi iki? Sakliyane nguri-uri lan njaga keraketan sedulurane masarakat Kemiren ambi masarakat Dandang Wiring, ring dina lebaran iku diengetaken kadhung menusa iku kudu nggatekaken silaturrahmi. Merga kelawan silaturrahmi, menusa ulih tambahan umur hang dawa lan tambahan rejeki hang akeh. Sedhekahane masarakat Kemiren minangka kanggo pager tembok nyang tekane belahi lan balak. Mula, masarakat Desa Kemiren, ngerti utawane hang sing paham ambi maksud dianakaken Barong Ider Bumi iku, tetep guyub rukun lan gayap ulihe gupuh, lungguh lan suguhe.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Hani Z. Noor