Basa Dhaerah Kudu Didokumentasi Makene Hing Gemet

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Juli 2021 12:19 WIB)
- Opini



Sepira medenine kondhisi basa-basa dhaerah ring Indonesia, kelebu basa Using?
"Teka 722 basa hang ana ring Indonesia, 358 utawa 60 persen kayane hing bisa selamet sampek bungase abad 21," jare pak Rene van den Berg teka SIL International, nganggo basa Inggris ring iwuh Diskusi Pendokumentasian Bahasa-Bahasa Daerah di Indonesia, hang dianakaken ring Badan Pengembangan Dan Pembinaan Bahasa (BPPB) Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset Dan Teknologi.
   Diskusi liwat zoom tanggal 13 Juli iku dipiloni 240 wong sak Indonesia utamane teka Balai Bahasa hang ana ring 34 propinsi, teka kampus-kampus, Wikipedia lan LSM, jare modheratore Dr. Ganjar Harimansyah, hang wis tau ping pindho teka ring Banyuwangi kanggo ngajari ring pelatihan kelendi carane nulis kamus hang bener.
"Eman seru taping kudu Sun omongaken gok Indonesia emeh kelangan kesugihan basa dhaerah hing sampek 50 taun engkas," jare pak Rene. Wong Landa lulusan Universitas Leiden iki negesaken gok salah siji hang kudu dilakoni yaiku dokumentasi basa. "Penting seru, basa minoritas iki wis emeh gemet, ahli bahasa (linguists) kudune nduwe tanggung jawab." 
   Sedurunge mungkasi diskusine, Pak Rene njaluk kabeh wong hang milu kudune nggawe jaringan kanggo nerusaken iwuh iki.
   Ring kawitan acara, Kepala BPPB, Prof. Dr. Aminudin Aziz ngomong gok teka 718 basa dhaerah mung ana 228 hang wis duwe kamus, artine wis didokumentasi. 
"Kadhung dibandhing 718 basa hang ana durung ana sepertelune...mula iki pegaweyan hang gedhi," jare Pak Aminudin.
   Basa dhaerah kawitane hing patiya direken minangka sumber kanggo basa Indonesia hang dicathet ring Kamus Bahasa Indonesia. Taping sakat penerbitan kamus edisi kepapat, basa dhaerah wis dadi sumber hang penting. Ring edhisi ketelu, mung ana 13 basa dhaerah hang dadi sumber. Dene ring edhisi kepapat, dadi 72 basa dhaerah. Lan ring edisi kelima, ana 103 basa dhaerah. 
"Artine kamus Bahasa Indonesia wis mangkat nyesep ucap-ucap basa dhaerah," jare pak Aminudin.
   Kamus Besar Bahasa Indonesia, ditambahi ucap-ucape saben Oktober lan April. Ring April sore, kecathet ana 6.075 ucap basa dhaerah teka kira-kira 114.000 entry hang ana ring kamus. 
   Basa Using setemene wis untung nduwe kamus hang disusun ring ruwahe pak Hasan Ali, hang uga wis nyusun Tata Pedoman Umum Ejaan Basa Using. Naming kamus iku kudu digawe tambah sempurna kelawan ditambahi entry-ne. Merga hang kecathet saiki mung kira-kira 24.000. Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia iki wis ana ring njero kawat (online) ring belambangan.com malah hing mung Using-Indonesia taping uga Indonesia-Using. Kira-kira ulan September engko arep diluncuraken versi android-e. 
   Jare Pak Aminudin, konteks "Perlindungan Bahasa" hang digawa ring mendikbud iku artine "Pengembangan". Basa dhaerah hing ulih mandheg, kudu ajeg diperujukaken ucap-ucape. Dadi kudune, wis dudu jamane maning penemu hang mbalekaken basa Using sewates mung basa Using "deles" taping uga kene kudu wani nambahi ucap-ucap hang durung ana. Dadi ucap-ucap hang akeh durung kecathet ring kamus hang ana, bisa ditambahi kanggo nyugihi ucap hang wis kecathet. Makene basa Using tambah sugih ucap-ucape.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Diskusi Zoom

Editor: Hani Z. Noor