Basa Using, Mayo Digesahaken Maning
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 19 Maret 2021 09:18 WIB)
- Opini
Pak Andang CY, sastrawan Using hang nulis gendhing-gendhing Banyuwangi lebih teka 300 judhul, tau ring sewijine acara kecaruk ruwahe pak Hasan Ali, bapake mbok Emilia Contessa lan kakike Denada. Pak Hasan sambatan,"Enak Rika Ndang, kadhung mati wis ana hang diwarisaken kanggo Banyuwangi. Lah Isun?"
Cerita iku hun rungu langsung teka pak Andang tepak isun sanja nang umahe ring Welaran taun 2016.
Aju paran warisane pak Hasan dienggo Banyuwangi? Tepak Prof. Dr. Suparman Herusantosa bengen nulis disertasi kanggo kuliyah S3 nong Universitas Indonesia, saben nong Banyuwangi nggolet data, iyane manggon ring Mangir ring umahe pak Hasan. Prof. Suparman iki, hang pungkasane disertasine nduweni judhul "Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi" diuji lan lulus taun 1987, ngewani semangat pak Hasan supaya nyinauni basa Using kelawan cara lan pendekatan ilmiah.
Pak Hasan aju milu Kongres Basa Jawa ring Semarang lan Malang merga seperono basa Using iku diakoni mung minangka dialek basa Jawa.
Sakteruse pak Hasan uga nggawe sarasehan basa Using lan nyusun Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia. Terima hang gedhi nyang mbok Emil minangka ahli waris, kamuse bisa digoleti ring portal belambangan.com.
Pak Hasan saiki ninggalaken kamus, buku Tata Bahasa Baku Bahasa Using lan buku Pedoman Ejaan Bahasa Using (Cara Menulis Dan Membaca Bahasa Using).
Apuwa mesthi nganggo tata cara hang kaya gedigu? Seperono, basa Using iku hing ana aturan hang jelas. Wong-wong nulis karepe dhewek, sak enake dhewek.
Bengene, basa "Belambangan" iki (sedurunge ana sebutan basa Using, istilah Using buru ana taun 1920an, sedurunge hing disebut Using), akeh ditulis ring lontar-lontar. Kayata lontar Sudamala (hang nyeritakaken kedadeyan sedurunge Sritanjung), lontar Sritanjung, Satyawan lan liya-liyane ditulis nganggo hurup Carakan (hanacaraka). Kadhung nurut Prof. Purbatjaraka ring buku Kepustakaan Djawi, naskah-naskah iku ditulis nganggo basa Jawa periode pertengahan. Dudu kuna seru. Aju ring wayah melebune Islam ring Tanah Jawa hang nggawa aksara Arab, naskah-naskah iku ana hang ditulis nganggo hurup Arab pegon (Arab taping nyeliwah, tuladhane ana /fa/ hang diwani titik telu diwaca /p/, ana /ain/ hang diwani titik telu diwaca /ng/ lan liya-liyane).
Aju taun 1901, ana wong Landa kelairan Solok Sumatra Barat hang aran Charles Adrian van Ophujsen, bareng ambi Engku Nawawi lan Sutan Ibrahim, nyusun ejaan hang saiki disebut ejaan van Ophujsen. Nah, mulai ana tulisan nganggo aksara Latin.
Taun 1915, bupati Banyuwangi Notodiningrat ngetokaken Babad Notodiningratan bareng ambi wong Landa hang aran T. Ottolander hang manggon ring Tamansari Licin.
Aja ndeleng isine babade hang akeh ngelek-elek wong Belambangan, taping ring pungkasan babade, iyane nulis cathetan bab basa Using, soal logate, cirine (palatalisasi utawa tambahan uni -y- ring tengah ucap), lan nyathet ana 414 ucap Using hang bida artine ambi basa Jawa.
Sedurunge babad iku uga ana wong Landa hang aran van Der Tuuk, ahli basa hang manggon ring Singaraja Bali, taun 1880an, uga nyathet ucap-ucap Using hang bida ambi basa Jawa.
Taun 1923, tepak Ottolander nggawa gandrung ring kongres hang dianakaken ambi Java Instituut, iyane nulis artikel Gandrung van Banyuwangi hang isine gendhing-gendhing gandrung. Sak liyane babad Notodiningratan mau, yaiki tulisan sastra Using kawitan.
Marek iku, sastra Using tulisan Latin kaya mandheg. Ana pirangane karya sastra antologi puisi hang diterbitaken Dewan Kesenian Blambangan nganggo cara Latin.
Taping nulise magih sak karepe dhewek durung ana aturan.
Perlu tah ana aturan? Kadhung basa makene jejeg ya mesthi ana aturan penulisan. Taun 1980an, tepak budayawan Hasanan Singodimayan lan Fauzi Abdullah ngajokaken supaya Yayasan Rancage (hang nduwe wigati ring pengembangan basa dhaerah) milokaken pisan sastra Using, ambi panitiane ditakoni: Wis ana buku Tata Basane tah? Wis ana kamuse tah? Wis ana Tata Ejaane tah? Wong loro iku hing bisa semaur.
Wis sempurna tah aturan hang ditulis pak Hasan? Basa Indonesia hang wis dikeroyok ring pirangane ahli sakat taun 1928 bain tetep ana bolong-bolonge hang kudu disempurnakaken.
Kamus Using hang buru nduwe 24.000 ucap kudu ditambahi cathetane, merga akeh hang durung kecathet.
Mangkane minangka generasi enom hang welas ring basa Using, kudune nerusaken langkahe pak Hasan makene basa Using saya jejeg. Tugase awak dhewek milu ngersaya mbecikaken paran hang durung sempurna lan nambahi hang kurang. Taping kudu nganggo ilmu bahasa. Iku mau nganggo pendekatan ilmiah. Aja sak karepe dhewek, sak enake dhewek, nganggo aturan-aturan dhewek. Acake sinauwana bukune pak Hasan, hang kurang ditambahi, hang durung sempurna disempurnakaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Babad Notodiningratan (1915); Tata Bahasa Baku Bahasa Using (2006); Pedoman Umum Ejaan Bahasa Using (2006); Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia (2002)
Editor: Hani Z. Noor