Basa Using Milih Methik Ucap Basa Jawa Kuna

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 September 2025 07:50 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Basa Using Milih Methik Ucap Teka Basa Jawa Kuna

Basa Using, masiya ambi basa Jawa modheren padha-padha asale teka Jawa kuna naming hing njuwut kabeh ucap hang ana.
   Umpamane keterangan milik arupa -mu kaya ring basa Jawa, contone: anakmu, raimu (ring basa Using anakira, rainira). Ucap /-mu/ utawa /kamu/ iki hing njumbul ring basa Using. Masiya tawis -mu (teka kamu) iki setemene aseli teka Jawa Kuna.
   Basa Jawa (uga basa Using) iku anggotane rumpun basa Austronesia. Ring basa Proto-Austronesia (kepulauan selatan purba) ana ucap-ucap kata ganti orang (pronomina persona) kaya gedigi:
i-aku : kanggo nyebut awake dhewek (tunggal)
i-kami : kanggo nyebut awake dhewek (jamak)
i-kaSu : kanggo nyebut wong hang diejak ngomong (tunggal)
i-kamu : kanggo nyebut wong hang diejak ngomong (jamak)
i-kita : kanggo nyebut awak dhewek kelebu wong hang diejak ngomong
si-ya : kanggo nyebut wong liya (tunggal)
si-da : kanggo nyebut wong liya (jamak)

Ring basa Jawa Kuno, ucap KAMU hing mung sewates wong hang diejak ngomong "jamak" naming uga kanggo wong hang diejak ngomong "tunggal". Dene aseline hang artine kanggo wong hang diejak ngomong tunggal, yaiku KO, arang dienggo merga dianggep kasar.
   Keterangan: KO asale teka KAU, dijuwut teka i-kahu (Proto-Malayo-Polinesia), hang asale teka i-kaSu (Proto-Austronesia).
   Seliyane ucap KAMU, basa Jawa Kuno uga nganggo KITA kanggo nyebut wong hang diejak ngomong, bisa tunggal utawa jamak.
   Conto kalimate:
- Sumahur Sang Garuḍa, haywa kita sangśaya, kamu Hyang Indra.
= Sang Garuḍa njawab, "Aja rika (kau) kuwatir, kau Dewa Indra."
(ucape Garuḍa nyang Indra ring rontal Ādiparwa)

   Kadhung ucap SIRA kelendi ring basa Jawa Kuna? Ucap /sira/ asale teka basa Proto-Austronesia:  si-da hang artine "mereka".
   Ring basa Jawa Kuna, ucap SIRA uga nduwe arti "mereka" (jamak), naming uga bisa artine "dia" (iyane), "beliau" (tunggal).  
    Ana pisan ucap YA (ring Using IYANE) hang artine padha ambi SIRA. Ucap YA iki asale teka basa Proto-Austronesia: si-ya (dia).
Conto kalimate:
sang kṛtawarmā sira kṣatriya wiśeṣa amatyani śatru sĕḍĕng maturū.
= Sang Kṛtawarmā iyane kesatria hang mahir mateni musuh tepak turu.
(ucape Sātyaki nang Kṛṣṇa lan Baladewa, nyindhir Kṛtawarmā, ring rontal Mosalaparwa)

Ring uwahe jaman, ucap SIRA hang maune artine "IYANE" utawa "IYANE KABEH" ring basa Jawa Kuna uwah artine dadi "RIKA" ring basa Using saiki lan dienggo kanggo wong hang lebih tuwek nang lare hang lebih enom.

Sumber: Heri Purwanto (Admin FB Belajar Bahasa Jawa Kuno)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor