Basanan, Wangsalan lan Binata
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 November 2023 06:56 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Hang endi basanan, hang endi wangsalan? Mula minangka sastra lisan, wong-wong akeh-akehe duwe penemu dhewek-dhewek. Contone ya jawaban teka pitakonan iku mau.
Hang kaya pantun, cemeng kopine, seneng atine, iku kelebu basanan tah wangsalan?
Jare Kang Juwono guru basa Using ring Singojuruh lan guru-guru basa Using liyane, sastra Using hang kaya pantun iku kelebu basanan lan iku hang diwulangaken nyang lalare sekolah.
Dene wong-wong liyane, kelebu seniman hang nyebut arane dhewek “Teka Bangkalan Medura, ahli wangsalan teka Jopuro” yaiku Man Inok lan tukang ngewer Kang Ali Kenthus, nyebut gok iku wangsalan.
Isun ya kerep ditakoni lan jawabanisun milu hang wis ketulis nong Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia karangane ruwahe Pak Hasan Ali. “Basanan, ungkapan atau pantun dalam Bahasa Using”.
Pak Hasan ngewani telung tuladha:
1. Cemeng kopine, seneng atine
2. Rujak ramonan diuweni buncis, ngajak dhemenan sing duwe picis.
3. Tanggal aja ditonton, lumur tatakan piring, Sun tinggal aja katon, ana umur kecaruk maning.
Kadhung wong liya, sapa bain wis hang yakin gok iku basanan utawa wangsalan, penemune iku mau hun takoni, dhasare paran? Kabeh kira-kira jawabe pokoke. Hing ana reperensine. Hing maido merga akeh-akehe sastra lisan ya gedigu iku, hing ana rujukane.
Tepak nggarap manuskrip tinggalane R. Binata, isun nemokaken kasus hang nyebut conto sastra Using hang wujude ana batakane. Kadhung wis ketemu jawaban batakane, bisa digoleti ucap hang dikarepaken.
Contone gedigi. Ana batakane: Kepithing banyu tawa, jawabane geruyu. Ucap hang dimaksud yaiku hang unine padha ambi geruyu yaiku lare ayu.
Ring manuskrip R. Binata (jilid 11 halaman 26), Binata hang njuwut ucap-ucape iku teka kamus Kawi-Balineesch-Woordenboek karangane ahli basa wong Landa aran Dr. H. N. van der Tuuk, nulis gedigi:
Ngembang gedhang: Protongan, kalebu wangsalan. Aja ngembang gedhang: Aja protongan= bingung. Kembange gedhang: ontong.
Dadi teka garapan sastra lisan iku, batakane Kembang gedhang, jawabane ontong. Ucap hang dimaksud protongan. Kok bisa ontong hang dimaksud perotongan? Ya gedigu iku wis, hang digoleti hang unine emeh padha.
Tuladha liyane gedigi:
Gelepung sawi (kanji) > janji
Belung Nangka (beton) > katon-katonen
Damar gunung (lintang) > ketang-ketang
Binata iku nyusun cathetan basa Using taun 1930, sedurunge Indonesia merdheka. Tepak jaman iku basa Using durung kasebut umume minangka basa Using. Binata magih nyebut: woordenlijst Banyuwangi (utawa kamus Banyuwangi). Dadi sakat bengen, sastra lisan Using hang nganggo batakan iki sebutane wangsalan. Aju hang sijine, hang kaya pantun, mesthine ya basanan, masiya ring Binata isun durung nemokaken istilah basanan.
Taping merga hang batakan mau wis kesebut wangsalan, hang wujud pantun mesthine basanan, yara gedigu?
Seperene, isun mung nemu rong rujukan tertulis, kamuse Pak Hasan Ali lan manuskripe Binata. Kadhung liya dina ana rujukan liyane, keneng diomongaken maning.
Dadi kesimpulane, basanan iku hang pantun, wangsalan iku hang ana batakane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.