Anggitane: Siti Maesaroh, S.S.
(Minggu, 04 Juli 2021 12:23 WIB)

Becake Imron


Bedhug-bedhug mambu gorengan gerang. Dipangan nganggo sega anget ditambahi sambel ambi jangan kelor pantese gurih. Kepanasen, kebengoren, keringet deredesan serang enake. Weteng kemerucuk nggarai Imron ngelamunaken panganan. Ambune gerang nggarai wetenge saya elom. Iyane durung madhang sakat mari sarapan isuk mau.

Dina wis soren, siji-sijiya durung ana kang nyarter becake. Sing kaya bengen jaman enome. Tahun 1994 Imron mangkat mbecak ning dhaerah tegal Banyuwangi. Jaman semono sing pati ana kendharaan mesin, montor lan sepidhah montor magih arang. Becak dadi kendharaan kang rame digoleti lan sing tau sepi kang nunggang. Soren iyane wis mulih nyangking upah kang keneng dienggo nempur beras sepuluh kilo lebih. Uripe kecukupan, bisa nyekolahaken anak uga mbangun umah masiya sing gedhe. Beda ambi kahanan saiki. Becak wis dadi kendharaan kang jarang katon. Payune tepak karnapal ambi arak-arakan. Kadhung magih ana, kang duwe ya wis tuwek sak umuran Imron. Sedina durung karuwan ana kang nunggang. Kadhung wis gedigu Imron mung bisa mulih sing nyangking paran-paran.

Tau pas dina sepi, kanca sak becakan wis padha ulih penumpang. Iyane mung mangu-mangu jelantukan nana kang nyeluk becake. Kancane padha nyindhir guyonan, ngelokaken iyane durung kathik mancal sedina iki. Imron mung munyik pait ambi ngelipruk ning becake. Wayahe giliran iyane narik. Dadi, kadhung ana wong nyeluk becak Imron kang mara, merga liyane wis ulih penumpang. Suwi sing ana kang teka. Dina wis emeh soren, kancane wis mulih siji-siji. Imron wis cilik ati, arep mulih pisan. “Becak…!” mara-mara ana suwara. Imron mencilak agage marani. “Alhamdulillah … rejeki gedhi” batine Imron. Kang nyeluk Abah Faruk, wong turunan Arab kang kesuwur awehan. Uwonge sing tau sithik ngopahi tukang becak. Kadhang padha ambi pengasilan tukang becak sedina. Dadi, kadhung narik becak ulih Abah Faruk iku kaya keciciran duren sangking girange.

***

Ning umah Imron urip ambi rabi lan putune. Putune dirawati merga bapake wis mati, emake menyang ning Saudi. Wis setaun emake nana kabare. Imron wis nyacak nggoleti anake taping sing ana asile. Iyane mung bisa pasrah nyang Kang Kuwasa. Niyat minteraken putune makene bisa nggoleti emake dhewek.

Taun iki putune melebu SMP Imron wis nyawisi tabungan. Kiriman anake kang pungkasan sedurunge nana kabar, ya magih iyane simpen dienggo nyekolahaken putune. Mulih megawe rabine marani Imron. Ambi rada bisik-bisik rabine ngomong kadhung putune njaluk ditukokaken hape. Sekolahe saiki kudu nganggo hape polae ana Korona lalare sekolah padha perei, sekolah ning umah nganggo hape iku mau. Imron meneng ambi mikir, kelendi carane ulih picis dienggo tuku hape. Tabungan sing duwe, kirimane anake ya wis entek. Engkisuke Imron warang merga kepikiran. Dudu kepikiran sing bisa nukokaken putune hape, taping iyane kuwatir kadhung putune sing bisa sekolah maning. Saiki bain wis angel gedigi, paran maning mbisuke.

Imron semayanan nyang rabine. Kisuke arep golet silihan picis nyang kanca megawene. Soren iyane teka. Imron ngomong nyang rabine kadhung kancane sing ana kang bisa nyilihi. Sing ana cara maning, Imron arep ngedol becake bain. Saiki sing ana uwong nunggang becak, wis padha duwe sepidhah montor dhewek-dhewek. Imron arep golet pegaweyan liyane. Iyane tau ditawani dadi tukang rijig-rijig kantor. Rabine ngiyani bain. Engkisuke Imron nempleki tulisan diedol ning becake. Sakat isuk sampek soren sing ana sijiya belaka kang marek nyang becake. Kisuke ya padha, wis telung dina sing ana kang mara. Iyane aju mikir, uwong nunggang bain sing ana paran maning gelem nuku becake.  Kayane becake mung payu diedol ning tukang timbang rongsokan.

Ketepaan putune meruhi Imron arep ngedol becake. Teka umah putune mara nyang iyane. “Nang, Isun mula butuh hape taping Isun emong kadhung Rika sampek ngedol becak gara-gara iku. Isun arep golet boroan ning pasar, mari sekolah isun nak megawe. Rika sing usah kuwatir, Nang. Masiya megawe, Isun sing arepe ngelali kekarepanhun dadi wong sukses. Isun arep usaha sekolah sak dhuwur-dhuwure. Isun nak nduduhaken nyang emak mbesuk kadhung Isun wis dadi uwong kang berhasil.”

Rungu putune ngomong gedigu, Imron mberebes mili. Iyane sing nyangka lare sak umuran putune duwe pikiran kang dawa. Iyane tambah yakin putune bisa dadi uwong kang berhasil ambi sing putus-putus iyane ndonga nyang Kang Kuasa muga-muga kabeh kang dikarepi putune bisa kewujud. Kabeh perkara kadhung diniyati temenanan bakal ana asile.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Siti Maesaroh

Editor: Hani Z. Noor