Belencong Sambel Pecel Banyuwangi

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Desember 2020 10:30 WIB)
- Kuliner



Biyasahe wayah rendheng gedigi ring Banyuwangi wis mulai usum Belencong.
Uwohe hang iju kaya lobok, rasane hang manis ana sithik paite, kanggone wong Banyuwangi mula dadi angenan setaun sepisan.
Ya, mula Belencong iki nguwohe setaun sepisan, biyasahe wayah rendheng, ulan Desember sampek April utawa Mei magih ana.
Hing ring kabeh kutha uwong weruh nyang Belencong iki, saben-saben pamer ring media sosial paceke kanca hang manggon ring kutha liya padha takon. Tau tepakane nggawa Belencong iki nyang Bandung, mula hun seja makene uwong weruh. Akeh pisan cumpu hang aju dhemen.
Ring Banyuwangi, Belencong iki bisa dienggo panganan jajanan, umume mula dipangan nganggo sambel pecel has Banyuwangi hang pedhes lan ana kecute jeruk lima. Asin hing manis kaya sambel pecel ring kutha liya.

Kelendi olah Belencong Sambel Pecel iki? Acake nak hun cobak ngedum caranisun.


Carane nggodhog belencong:

Belencong hang enom diumbah rijig, sisihaken.
Banyu digodhog sampek gemulak, belencong hang wis rijig mauka dicemplungaken. Tambahana uyah ambi gula secukupe.
Kadhung magih enom biyasahe sing kathik suwi, sukur wis empuk magih iju aju diangkat. Disiram banyu adhem makene kelire katon ayu.
Kadhung belenconge rada tuwek, biyasahe kudu nganteni sampek melethek.

Saiki siyapaken bahan lan ragi dienggo olah sambel pecele.


Bahan hang dibutuhaken:

1/4 kg kacang brol kencetan/kacang cina garing
Lenga keletik


Ragine:

3 iris gula abang
Sak jenthikan kencur
3 lembar godhong jeruk purut
3 iji asem mateng/kawak dibuwang wijine
3 iji lobok abang
7 iji lobok litik, kadhung sing dhemen pedhes ya dikurangi, kadhung dhemen pedhes ya ditambahi
3 siyung bawang putih
1 jeruk lima
Uyah secukupe
Lenga keletik dienggo nggerengseng

Carane:

Kacang digoreng garing, sisihaken.

Lobok abang, lobok litik, bawang putih, kencur ambi godhong jeruk purut digerengseng sampek alum.

Kabeh ragine mau dideleh nong cuwek, tambahana gula abang, uyah lan asem mateng, aju digerus sampek rada alus. Aju tubleken pisan nyang cuweke kacang hang wis digoreng mauka, digerus maning sampek rata ambi ragine taping aja sampek alus seru.

Saiki sambele wis siyap, kari nambahi banyu lan digaluh sampek kenthel kaya jenang, aju dikeceri jeruk limo.

Byek, wangune wis padha mbanyu cangkem mbayangaken windhule Belencong Sambel Pecel iki yuh..

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf