Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 18 Agustus 2024 12:00 WIB)
Besali Kik Jarkesi
Besali Kik Jarkasi
Dianggit ring Uun Hariyati
Ring bucu Perliman tengah kutha Banyuwangi, ana kampung hang aran Kampung Kukusan, kelebu wilayah kelurahan Penganjuran, kang bengen aran Desa Dandang wiring. Ring kampung kono bengen ana Besalen, uwong hang nggawe gaman, lading, budhing, arit, kacip, singkal lan pacul.
Besali iku duwene Kik Jarkasi, jare embah, ngadeg sakat tahun 1870 M. Bengen buru ngadeg, besali iki kang digarap gaman-gaman ampuh yaiku keris, tumbak, pedhang, lan cundrik. Umume gaman-gaman gaweyane Kik Jarkasi iki ampuh temenan. Mula akeh kang pelakon. Teka wong desa Dandang Wiring sampek dhaerah-dhaerah kidulan kaya Pesanggaran, Cluring, Glenmore, Purwoharjo lan liya-liyane.
Kik Jarkasi mula teliti. Waja kanggo gaman pilihan temenan, garapane alus, sepuhane tuwek, lan tirakate kuwat. Kik Jarkasi megawe direwangi ambi Kang Bodhos kang magih ketemu beraya. Kang sering pelakon gaman nong Kik Jarkasi iki akeh-akehe wong gedhe ring jaman semana, kaya tah sekater gadhen, wedana, ndara kolektur, ndara biskal lan liyane. Kadhung wis nggarap gaman ampuh, Kik Jarkasi puwasa pati geni lan tirakat melek bengi njaluk nong Kang Maha Kuwasa supaya gaman gaweyane akeh manfaate timbang mudarate.
Sakwijine dina kaya biyasahe, esuk iku kang Bodhos klinih-klinih mbukak dhasar Besali ditut buri Kik Jarkasi kang nyangking keranjang cilik isi areng. Durung suwe, ana wong jak keloron uluk salam.
“Waalaikum salam, mangga!“ jawabe Kik Jarkasi. Wong loro iku pawakane dhuwur, gagah lan penganggone kaya wong Mentaraman nganggo sarung batik kawung latar soklat, sorjan lurik , belangkon soklat. Ndeleng teka penganggone kang emeh padha wong loro mau kayane sakduluran.
Ambi ngelungaken tangane wong kang rada enom mau ngenalaken: “Ndika tepangaken Kik, Kula Ki Siyun sangking Sumberkucur, Pancursari, dene niki Kakangkula Ki Saliyan saking Sembulungsari Purworejo.”
Kik Jarkasi kemesud, kaya diwalik jithoke mengkirig, tandha dhayoh loro mau dudu wong sakbaine, kang lebih enom mau katon gok ilmune lebih dhuwur dideleng teka omongane, gok ngomong sak omong ati-ati, ana kawibawane. Kang lebih tuwek dadiya sawangane gagah, brengose mangklang tapi kurang pati landhep perbawane, katon rada berangasan, matane jelalatan, sing karuwan.
“Mangga, meriki linggiha kerin!” Kik Jarkasi gupuh ambi nyorogaken jodhog dhuwur loro parek perapen. Serta wis padha lungguh Kik Jarkasi merentah kang Bodhos “Memburiya Lik, gawekaken wedang. Warahen embokira gok ana dhayoh adoh loro!”
“Sepuntene, Ndika meriki niki enten pardu napa nggih, Kula kok mboten tau tumon teng Ndika?”
Dhayoh loro mau meneng pandeng-pandengan, sakteruse meh bareng semaur “Enggih.“ Kik Jarkasi kerasa batine kemesar wong loro iki dudu menungsa lumrah, pandelenge landhep, nanceb ring ati nggarai dheg-dhegan.
“Ngeten Kik Jarkasi, Kula meriki perlu taken pelakonankula sabene liwat Pak Sai belantik sapi Wonosobo 40 dinten kepungkur. Jare Pak Sai gaman pelakonankula niku dinten niki mantun!”
“Oh enggih, pelakonankula niku keris eluk telu, paksi cundrik, gagange kayu cendana lan werangkane selaka.“ Kik Jarkasi arep ngadeg, kesulungan pundhake dicandhak Ki Siyun.
“Kik, niki tampanana kerin upah sarine Ndika tirakat nggarap pelakonankula, terimanen dadiya mboten sepira!” ambi muni gedigu tangane Kik Jarkasi dikethemi emas lantakan telu sak gambir-gambir gedhene. Kik Jarkasi cengeng sing nyangka gok upah-upahan iki semono gedhene, durung tutug ulihe kelunjuk Ki Siyun wis nyambung omong, “Kik, Kula kepengin ngajak Ndika mampir teng pondhokankula sedhela mawon, niyat Kula kepengin nyambung silaturrahmi kalih Ndika. Mangga Kik sedhela mawon mengke ngarepaken duhur Kula ateraken balik meriki malih!” Kegawa ati kemerungsung kepingin weruh, Kik Jarkasi gelem lan kepingin ngajak Bodhos.
Sing kakehan ngomong Ki Siyun lan Ki Saliyan ngadeg adhep-adhepan, Ki Siyun nyandhak tangane Kik Jarkasi dipelukaken nong bangkekane Ki Siyun, dene Ki Saliyan nyandhak tangane Kang Bodhos dipelukaken nong bangkekane Ki Saliyan. Lan siyuut…weess. Kaya ana angin lesus liwat, kang maune Kik Jarkasi lan Kang Bodhos dikongkon merem, dikongkon melek. “Empun Kik. Meleka empun niki empun gadug,” abane Ki Siyun mantep. Serta melek Kik Jarkasi ambi Kang Bodhos melengok kaju. Panggonan iki sak jeg jumbleg sing tumon panggonan kaya gedigi, ana umah dhirik jejer-jejer ketata apik, rijig-rijig, pelatarane wera-wera tanduran kembange macem-macem wernane lan ganda wangi dupa nggarai saya mengkirig jithok iki rasane. Ring tengah-tengah pelataran ana padusan wera kang kening banyune. Kang Bodhos mangap-mangap kaya pitik anyar melebu pawon. Ki Siyun lan Ki Saliyan ngilang sing weruh kapan ngilange weruh-weruh mak jenggeleg ana lare papat lanang wadon ayu-ayu lan bagus-bagus.
“Kula dikengken ngeladosi Ndika jak kalih mangga melebet geriya kerin!” Pas ring tengah umah kang jejer-jejer mau, Kik Jarkasi kang wis tau diwulangi guru ngaji bab alam jim, ndremimil sing mari-mari wirid lan dikir teka lambene. Sing sepira suwi, Ki Siyun teka, ”Sepurane Kik, niki wau anak-anakkula kang ajenge tumut Ndika ngerewangi Ndika gawe gaman kersane saya ampuh!” Kik Jarkasi paham paran karepe Ki Siyun mulane kelawan kalem Kik Jarkasi nolak kelawan alus. “Yee ngoten tah, sepurane Kula mboten butuh bantuwan Ndika, Kula empun cukup direwangi sedherek Kula kang gangsal kathahe kesuwun, kadhung ngoten Kula nak wangsul mawon,“ jare Kik Jarkasi teges.
“Adhuh Kik, aja kari kesusu Kik, niki anakkula kepingin tumut Ndika idinana Kik, Ndika kengken napa mawon mesthi purun lare-lare niki!” Ki Siyun melas, kang maune rupane bagus merbawani malih sing karuwan medeni. Kik Saliyan tetep mbergegeh sing gelem ubah lambene nggeremeng maca ayat-ayat al-Quran.
“Meriniya Dhos, pareka Isun aja adoh-adoh. Dikira Dhos nyebut nong Gusti Allah, ayat kursi unekena bolan-balenana Dhos, ngarti? Isun lan Rika iki diuji ambi Pengeran mula ayo njaluk nong Gusti Allah kang Gawe Alam kabeh iki supaya Isun lan Rika selamet donya akhirat.”
“Enggih Wak tapi kepundi wangsule wak wetengkula elom.“ Kik Jarkasi kaget lan welas weruh Bodhos keloman.
“Iya Dhos sabar ya, aja sembarangan ya iki ring tengah alas akeh gudha, kang kuwat iman lan sabar Rika Dhos. Ayo njaluk nong Pangeran rejeki kang halal!”
“Ya Allah, Kang Maha Welas lan Asih Kula nedhi paringana rejeki kang sae kanggo nyambung urip lan keselametan Kula Gusti!”
Kik Jarkasi ngadeg, nulih ngiwa lan nengen, ngira-ira panggonan endi dalan kang bener supaya bisa mulih, kelawan maca “Bismillahirrahmanirraahiim,“ Kik Jarkasi njangkah mengarep, durung sampek 10 jangkah Kik Jarkasi weruh ana wit tal ngadeg dhuwur.
“Dhos, Sira meneka wit tal ika ya, gadug ndhuwur tulih-tuliha goletana nawi Sira weruh segara ngomonga ring endi arah panggonane segara. Ngarti Dhos?”
“Enggih Wak.” Kang Bodhos menek wit tal mau, serta sampek ring ndhuwuran kang Bodhos mberak girang, “Wak, nika Wak!” ambi nuding nengen.
“Kira-kira adoh Dhos?”
“Enggih Wak kira-kira niki kados dugi Besali teng Boom.“
Gancange cerita Kik Jarkasi lan kang Bodhos nelusur segara sedina rong bengi melaku ngered sikil nguwat-nguwataken, buru ketemu wong mintur kepiting lan wong njala iwak.
“Dhik, tumut takon niki kampungan napa Dhik, Kula kepaling dugi alas, Purwo!” jare Kik Jarkasi nyapa wong kang mintur Kepiting. Wong mau gupuh welas nulih Kik Jarkasi katon lemes lan kang Bodhos ngered sikil sing kuwat melaku.
Serta wis bisa lungguh ndheprok diombeni kopi anget lan kukusan ketan wong loro mau balik ana tenagane.
“Kula Sapii, Pak. Geriyankula dhukuh Pecemengan meriki, kancankula niki Kang Ridoi tanggaan kalih Kula, mangga tumut Kula mawon kerin mengke kadhung pun kuwat temenan Ndika saged wangsul!” Sakwise leren ring umahe Sapii, Kik Jarkasi lan Kang Bodhos diateraken mulih ambi Ridoi nganggo dhongkar, serta wis gadug umah Kampung Kukusan, ring kono kok akeh wong kang padha katon bingung. Serta wong-wong mau weruh Kik Jarkasi ambi Kang Bodhos teka nunggang dhongkar, wong-wong mau melung-melung nyeluk Adon Mun, rabine Kik Jarkasi, jare abane: “Don, Adon! Kik Jarkasi teka Don, kok gancang Don!“ ambi perdhang-perdhing Adon Mun gupuh metu nyincing tapihe: “Ya Allah Kik, teka endi bain Rika Kik, menyang adoh sing kathikan warah paran maning pamitan!”
Kik Jarkasi kaget kalinganeya Kik Jarkasi metu umah ambi dhayoh loro ika wis ulih pitung dina iki itungane, semono Kik Jarkasi kaya rumangsa mung setengah hari ring alas rong dina nelusur pesisir.
Sakjege kedadeyan iku mau besaline Kik Jarkasi sing tau maning gelem nggarap gaman ampuh. Kik Jarkasi tekad arep gawe gaman enteng kang dikanggokaken ambi wong ring saben dinane, lading budhing, arit gampung lan singkal.
Sampek saiki garapane Kik Jarkasi dikenal awet lan apike lan keneng diturunaken nyang anak putune dadiya tah mung rupa arit, budhing, lading gampung lan singkal.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.