Bik Sis, Warung Rujak ring Benelanlor

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Februari 2021 07:12 WIB)
- Kuliner



Bik Sis hang dodolan sembarang kalir maceme rujak, warunge ana ring dusun Krajan desa Benelanlor. Rasane enjong lan regane murah. Golet paran maning?

Warung hang dienggo dodolan dadi siji ambi umahe, hang nggarai gampang goletane yaiku umahe persis ana ring pinggir lurung gedhi. Wong sak Benelanlor iku wis padha weruh kabeh nyang aran Bik Sis dodolan rujak. Sak engetisun sakat isun magih cilik, Bik Sis iku wis dodolan rujak. Akeh hang ngomong, paran maning isun ya milu ngerasakaken maceme rujak hang diedol iku rasane mula enak, regane murah, uga akeh ulihe. Kadhung rasa, kayane hing tau uwah sakat bengen. Merga wis kesuwur sak Benelanlor, dadi sapa hang arep tuku kadhang ya mesthi kudu sabar nganteni sebabe akeh hang ngantri. Sakat kira kira ring taun 2007, isun mula wis weruh nyang ramene warung rujake Bik Sis, kadhang isun nak tuku iku males kerana dawane antrian uga akehe pesenan.

Saya suwi sing tahu weruh kabare sakat isun lulus SMP ring taun 2014, kira-kira ana telung taunan teka 2017 mara-mara Bik Sis iku wis mulai ngelantar terkenale nyang jaba desa. Kadhung nyang tangga desa hang parek temenan kaya dene Desa Bunder, Desa Macanputih uga Desa Gombolirang wis biyasah. Tapi ring taun-taun pungkasan iki akeh langganan hang teka dhaerah liyane. Buktine isun weruh dhewek sebabe  tuwuk di whatsapp ambi kanca-kancanisun hang umahe ring dhaerah Rogojampi lan sak ubenge padha takon nyang warunge Bik Sis. Takonane ya kadhang gedigi: “Isun jaluk tulung ulih tah? Acake intepena warunge Bik Sis, bukak tah sing”. Paran maning kadhang-kadhang tepak isun memengan ring jaba desa, uga dijak gesah ambi uwong-uwong ring panggonanisun memengan iku, uwong ya akeh hang weruh ring rujake Bik Sis. Gara-gara iku isun yakin kadhung Bik Sis iki tambah maju. Kang dadi bukti maning tambah garus dodolane yaiku ring warunge sampek nerima pesenan liwat tilpun uga sampek nduwe rewang kanggo nulungi sembarange.

Hang dadi langganan macem-macem uwong, teka wong biyasah sampek para kerawat desa. Hang tuwuk mesen hing mung pejabat Desa Benelanlor, tapi kerawat teka tangga desa ya akeh hang mesen. Seben mesen kadhang sampek puluhan bungkus. Iku bain serang akehe hang dipesen, Bik Sis mung diwarah tok mesen rujake uga kapan juwute mari digu uwong hang mesen mau menyang nyang warunge. Aran langganan pesene ya macem-macem ring rujake Bik Sis. Ana hang dhemen ring tahu lontonge, uga ana hang dhemen ring rujak kecute. Paran maning ring jaman serba simpel saiki iki, kerana akeh kegiyatan ring Desa Benelanlor saben minggune, akeh hang manpaataken jasa kelawan tuku rujake Bik Sis kanggo konsumsine umpamane pengajian rutinan, acara keluarga, uga tepak ana dhayoh penting.

Masiya akeh hang ngantri, aran wong dodolan iku ya mesthi ana pasang surute, dadi ya hing saben wektu rame terus paran maning warunge Bik Sis iku bukak saben dina teka jam 10 isuk sampek jam 5 sore. Masiya tah kadhung dideleng teka njaba katon cilik tapi Bik Sis nyedhiyakaken panggonan kadhung arep dipangan ring kana. Macem uga regane rujake:

No

Aran Rujak

Paran Hang Perlu Ditambahi Uga Sing Katik Didelehi

Rega

(Sak Porsi)

1.

Rujak Letok

-

5.500

2.

Rujak Kecut

Biasa

5.500

+ Kacang

6.000

3.

Rujak Tahu (Tahu Kecap)

Biasa

6.000

+ Lontong

(celukane biyasahe “Tahu Lontong”)

6.500

4.

Rujak Petis / Rujak Jangan

Biasa

6000

+ Lontong

6.500

 

Ring ndhuwur iku wis ana datane, umpama arep tuku, sapa bain wis bisa nyawisaken picise. Mangkane mayo padha mara nyang warunge Bik Sis keneng-kenenga aja dhewekan ajaken kanca, dulur, tangga kabeh, dijamin sing kira rugi uga saya ndadekaken kepilu ring rujake.  Nawi tepak kelenceran liwat dalanan Rogojampi uga dalanan polsek Kabat, bisa mampir ring warunge Bik Sis hang ana ring Desa Benelanlor. Mula saiki warunge Bik Sis durung nggawe aplikasi jajanan kaya dene go-food lan sak liyane tapi rika aja kuwatir, bisa digoleti ring google map aju ketiken Balai Desa Benelanlor. Kadhung wis gadug, rika bisa takon nyang sapa bain hang ana ring sak ubengane balai desa iku lokasi warunge Bik Sis Insyaallah weruh kabeh. Aju kadhung arep mesen tapi magih sibuk nyang penggaweyane, uga kepikiran selak rame hang tuku ring warunge. Sapa bain magih bisa nilpun nyang nomor warunge Bik Sis yaiku: 081233769820.

Diwejek-wejek aran kertas koran

Elek uga suweke iku ngarep mburi

Adoh-parek sing dadi paran

Kesel gageme bakal disiluri

(Bik Sis. dokumentasi pribadi, 2021)

(Lokasi Warung Bik Sis. dokumentasi pribadi, 2021)

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Bu Sis (pemilik dan penjual warung) ambi Bik Masronah (karyawan)

Editor: Hani Z. Noor