Bintang, Juwara Sepidhah BMX Teka Srono, Banyuwangi

Moch nur rofiq (dipublikasikan pada Jumat, 19 November 2021 09:53 WIB)
- Tokoh



Akeh wong-wong hang nduwe bakat gedhi ring Banyuwangi teka artis, pemusik, penyanyi lan atlit. Salah sijine atlit Banyuwangi hang mencorong sunare ring telatah sepidhah pancal BMX hang seperene magih terus dadi juwara yaiku Bintang arane.

Lare asal Kecamatan Srono, anak teka pasangan Agus Sulaiman ambi Midah iki wis sakat lungguh ring bangku sekolah dasar dhemen nyang sepeda BMX. Iyane milu latihan BMX merga disokong bapak lan emake. Serang dhemene lancing tanggung hang saiki magih lungguh ring bangku SMA iki ngakoni kadhung iyane dhemen nyang BMX kanggo nyaluraken hobine lan nambah pengalaman.

Hing mung semono, pirangane pertandhingan iyane piloni, kayata kejuwaraan tingkat kabupaten, tingkat propinsi, nasional sampek tingkat internasional. Piyagam, pelakat lan piyalane uga sing sithik merga pirangane pertandhingan mauka iyane bisa ngerebut juwara, yaiku:

1. BMX Local Academy Boys 11-12 Terbaik 1 (2018).

2. BMX lokal, prestasi Waktu Tercepat (2018).

3. BMX Thrill GCC ring Youth Centre Circuit Sleman Yogyakarta, Juwara 1 (2019).

4. International Banyuwangi BMX juwara 1 (2019).

5. International Banyuwangi Muncar Horse Class juwara 1 (2019).

6. Kejuaraan BMX Walikota Malang juwara 1. (2021).

7. Latber BMX Cross sak Malang Raya juwara 1 (2021).

8. Fun Endurance ambi Downhill Ombhul Bike Park Jember juwara 2 (2021).

9. Kejurkab Balap Sepeda Kabupaten Banyuwangi juwara 2 (2021).

10. Kejuaraan BMX Sukodono Jepara Jawa Tengah juwara 2 (2021).

11. Kejuaraan BMX GGMM Circuit Srengat Blitar Jawa Timur juwara 2 (2021)

12. Kejuaraan BMX ring Hollytrack Bambu Runcing Temanggung juwara 5 (2021).

Merga kerep dadi juwara, Bintang iki saya seru njaga awake kelawan diet ketat, yaiku ngurangi mangan sega lan diakehi mangan sayur, woh-wohan, susu lan vitamin. Iyane wekas kadhung kepingin asil, dadi wong aja gampang nyerah, tetep semangat maju terus miloni prosese, sing kira ana proses hang mungkiri asil gedigu pungkase.

Poto: Bintang nganggo sepidhah no. 15

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf