Bothok Pare

Dyah Indriyani Widiningtyas (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Oktober 2020 06:32 WIB)
- Kuliner



Mula ana benere omongane uwong gok olah-olah iku salah sijine ilmu seni. Hing ana arane bener tah luput, hang ana enak tah sing enak. Kelebu olahan pare iki. Sakliyane dikulub utawa dioseng-oseng, pare bisa uga diolah kelawan cara gedigi.

Bahan hang dibutuhaken: 

Pare setengah kilo utawa kira-kira enem iji.

Kelapa enom setengah, diparud.

Gerang teri setengah ons.

Ragi hang digerus:

Lobok litik lima utawa lebih sak dhemene.

Lobok jawa siji.

Bawang putih limang siyung hang sedhengan aja gedhi seru.

Empu kencur sak jempolan.

Laos sak jempol diiris.

Uyah,  gula abang,  gula pasir secukupe.

Godhong jeruk purut rong lembar.

Carane:

Pare disigar dadi loro,  dibuwang wijine hang nong tengah nganggo sendhok utawa dikerok nganggo pucuke lading. Jerone pare dioser-oseri uyah aju pare mau diekum banyu uyah kira-kira telung jam. Kadhung wis diekum telung jam, dientas lan dideleh nong irig utawa wadhah hang ana bolongane makene banyune asat.

Gerang teri diumbah sampek rijig.

Ragi hang wis digerus diuled nyang kelapa parudan sampek rata, tilikana rasane paran hang kurang bisa ditambahi. Aju tambahana gerang teri mauka, dicampur sampek rata. 

Pare hang wis rijig mauka aju diiseni adonan kelapa gerang teri ambi dipitek-pitek makene adonane nggadug ring pucuke pare hang ngingsor. 

Kadhung pare wis diisi kabeh aju dikukus suwene 15-20 menit. 

Bothok Pare wis siyap dirahabi. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : res

Editor: Antariksawan Jusuf