Bothok Simbukan lan Tempe Bosok

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Desember 2019 16:53 WIB)
- Kuliner



 (Olahane Mbok Komah)

Hang aran simbukan lan tempe bosok, kanggone wong Banyuwangi nyatane bisa diolah dadi panganan hang enak. Simbukan hang kegolong ring wit-witan merambat ring tanduran, utawa pageran bisa dadi tanduran hang gawe sing enak disawang lan katon peteng, ngerusak pageran.

Naming nyatane kadhung bisa ngolahe dadi bothok, paran maning dicampur ambi tempe bosok iku, dadi panganan hang seru enjonge. Kelendi saktemene olah simbukan lan tempe bosok dadi panganan hang enjong lan bisa adhem nong njero weteng? Mayo milu resepe Mbok Komah tinimbang ngerusak pageran lan gawe sing enak pandangan, ayo dibabati aju digoletaken tempe bosok diolah bothok simbukan tempe bosok.

Paran bain Ragine

Hang mesti ragine bothok simbukan tempe bosok yaiku; lobok cilik 10 iji (diwungkulaken dienggo toping kadhung mari dibungkusi nong godhong). Lobok gedhe telung iji, lobok cilik petang iji. Uyah sithik sak sendhok gedhe, bawang abang limang siyung, bawang putih rong siyung, gula pasir sak pucukane sendhok madhang. Gula abang 2 iji cilik (50 gram). Terasi setengah wuku, laos sak jempolan tangan, kemiri 3 bungkul, kelapa hang sing kari tuwek siji wungkul diparud. Aja lali kencur sak pucuke tuding.

Carane Ngolah Bothok

Lobok gedhe telu, lobok cilik papat. Uyah, bawang abang lima, bawang putih, gula pasir, gula abang, terasi, laos, kemiri, lan kencur digerus alus nong cuwek. Kadhung wis alus, godhong simbukan hang akehe rong ketheman ambi tempe bosok sak godor diiris alus mari gedigu digerus nong cuwek. Nggeruse sukur-sukur bain makne sing kari ajur. Kadhung wis alus aju digerus bareng ambi ragine aju diuled hang ramed ambi banyune kelapa mau. Aja lali lamtorone rong on’s bain uleden bareng ambi godhong simbukan lan tempe bosok.

Jare Mbok Komah, resep rahasiane  ana ring banyune kelapa. Mula iku cepakena banyune kelapa hang seger sak lumur gedhe.

Mbungkusi nong Godhong Gedhang

Godhong hang apik dienggo mbungkusi mestine godhong gedhang keluthuk, naming kadhung sing ana, godhong gedhang saba hang sing kari tuwek ya keneng.

Saiki wayahe mbungkusi nong godhong. Godhong gedhang butuhe sak papah bain anggone simbukan rong ketheman lan tempe bosok sak godor mauka. Pincukane cilik butuhe sak sendhok munjung dhong pincukane cilik iku, aja lali nyelepaken lobok ijo wungkul sak durunge pincukan disemati. Sak pincukan butuhe siji bain lobok.

Kadhung wis dipincuki kabeh, pincukan aju dikukus. Carane ngelebokaken nong panci utawa nong dandang antenana dhung wis sumub utawa gemulak. Saiki kari nganteni matenge. Kadhung wis kira-kira setengah jam bothok simbukan tempe bosok wis mateng. Antenana adheme dhung arep madhang. Mayo dicacak bareng!

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Olahane Mbok Komah

Editor: Hasan Sentot