Breg-Bregan Utawa Pal-Palan (Sengidanan)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Juni 2023 08:51 WIB)
- Opini



Breg-bregan utawa sengidan-sengidanan yaiku menganane lalare cilik biyasahe dilakoni wayah dalu. Aran breg-bregan dijuwut teka ucak tepak nyekel panggonane hang dadi (pal). Menganan iki carane mung pinter-pinteran sengidan uga kelendi carane bisa ngebregaken nong panggonane hang dadi.

Memengan iki biyasahe bisa dimainaken ambi lare lanang utawa wadon, keneng bebarengan. Dhung arep mangkat, mesthi humpimpah sulung kanggo nemokaken sapa hang dadi. Dhung wis kari keloron misale, dipungkasi ambi esut. Hang kalah ya iku hang dadi. Lare hang dadi mauka matane ditutup uga madhep nong panggonane dadi. Bisa nong eris, sadheng, utawa panggonan liyane. Sak mareke iku, kabeh hang sing milu dadi padha sengidan nong panggonan hang dirasa sing gampang ketemon. Hang wanenan masiya sengidan magih ngintepi hang dadi. Dhonge hang dadi ngadoh teka papan hang dijaga mauka, bisa langsung dibregaken. Taping hang getap, mung sengidan rapet kerana wedi dadi kadhung ketemon.

Hang dadi, biyasahe ngitung sulung hang jumlahe bisa teka perjanjian sakat kawitane arep dadi ambi kanca-kanca liyane. Embuh diitung sampek 10, 20, 50, paran maning itungane bisa ditemtokaken. Bisa cepet tah edheng hang sekirane bisa diterima ambi hang sengidan.

Hang sengidan kadhang ana hang mung meneng nong panggonan, ana hang mula niyate kepingin lare hang dadi mauka terus dadi kerana hing bisa njaga panggonan dadine sampek keneng breg. Antere melayu, kadhang bisa dadi andhelan dhung tepak ngebregaken.

Mung ana, lare-lare hang niyate nggeredhoni hang dadi sampek nangis. Kerana hing bisa milu sengidan serang dadi terus.

Ana maning cara liyane dhung nemtokaken sapa hang dadi sak mareke hang kawitan. Yaiku arane “nomeran”. Carane hang dadi kudu bisa nemokaken kabeh hang sengidan. Dhung wis ketemu kabeh, hang dadi merem ambi madhep nong eris utawa tembok hang dienggo panggonane dadi mauka. Lare hang wis padha ketemu mauka baris ring mburine hang dadi. Mari digu, hang dadi aju nyebut angka pira nemtokaken hang dadi seteruse lare hang barise urutan angka hang disebutaken. Enake nomeran, hang ketemu kawitan hing kepikiran nak dadi. Kerana dhung sing nomeran, umume hang ketemu kawitan iku hang dadi ambi sarat hang liyane padha ketemu kabeh.

Taping ring kanca-kancanisun liyane ana hang nyebut arane breg-bregan iku nganggo celukan “pel-pelan”.

Ana maning aturan hang kadhang disepakati ambi hang milu memenganan, yaiku biyasahe ana ucapan “Ketemu 2” utawa “Ketemu 4”. Iku mauka maksude hang dadi hing perlu nemokaken hang sengidan kabeh, mung cukup nemokaken lare hang sengidan sesuai jumlah hang perlu ditemokaken ring perjanjian kawitan. Jenis hang iki, ngenakaken hang dadi, taping malah nggawe bingung hang sengidan. Kerana dhung hang sengidan hing tau ngintep utawa ngincengi hang dadi. Mesthi hing paham dhung mara-mara hang dadi wis ganti. Bingunge mauka hang nggarai seru utawa kemisinen kerana hang sak weruhe milu sengidan bareng mara-mara gok wis ulih bagiyan hang dadi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf