Cafe Kepompong, Panggonan Mangan Hang Instagramable

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Agustus 2021 14:29 WIB)
- Kuliner



Kadhung lalare enom mangan nong njaba, hang digoleti itungane hing mung panganane enak tah sing, regane melebu ring kanthong tah sing, taping hang uga penting, panggonane enak tah sing dienggo poto-potoan? Istilahe instagramable tah sing.
   Yaiku hang dadi salah siji kekuwatane Kepompong Corner hang lair wis jamane pageblug tanggal 1 Januari 2021.
   Cafe outdoor iki ana ring perumahan Jati Kayangan ring Giri, Banyuwangi. Kawitane merga pageblug pisan. Anake pasangan Agus Kaffi wong Srono lan Astari wong teka Negara, Bali (tau dadi Guests Relation Manager Four Seasons Bali) hang aran Gallang Ameido mula nduwe pendidikan Food and Beverage (F&B) management teka Sekolah Tinggi Pariwisata Nusa Dua. Aju tau megawe pisan nong Ayana Resort (ex Ritz Carlton Bali). Tepak ana pageblug digi, turis hing ana, donya kelenceran ring Bali padha sesehan seru. Pungkasane iyane mikir kelendi bisane tetep produktip. Ambi kanca-kancane, iyane sepakat nggawe cafe kelawan menu hang nduwe kualitas dhuwur, has kaya hang ana ring hotel, taping regane magih bisa keukur ring kanthong. Dadi cafe-ne dikawiti nggawe nong umahe ring Jati Kahyangan kono, kadhung teka lawang korine perumahan katon umah pojokan paling parek teka dalan. Prei mbayar sewa panggonan dadi ngurangi investasi kawitan.
"Merga lokasine rada adoh teka ramene kutha, dadi kahanane nyaman, asri, nganggo konsep cafe terbuka. Hawane seger, ambi lungguh nong beanbag bisa nyawang langit," jare Agus Kaffi.
Beanbag iku arupa bantal hang dienggo lungguh dadi kaya kursi ring suket-suketan.
   Apuwa milih aran Kepompong (basa Usinge Enthung)? "Ring mangsa pageblug digi akeh wong hang keneng cipratan hing enak teka pandemi. Taping kadhung kene gelem tetep usaha, tetep disiplin lan sabar miloni prosese, bisa percis kaya kepompong, kapan-kapan bisa dadi kupu hang endah," lanjut kang Agus.
  Hang disuguhaken ring kono akeh-akehe menu panganan Indonesia, naming ana pisan panganan barat lan kabeh disuguhaken kelawan cara hotel, dadi hing mung enak ring ilat taping uga apik dipandeng mata.
   Umpamane ana Ayam Goreng Sambel Pecak, Bebek Goreng sambel Ijo, Mie lan Sega Goreng, Ayam Geprek,  Seafood Sambel Sereh, Spaghetti Bolognese, Chicken Drum, Fish & Chips, Banana Fritter, Pancake, Fruit Salad lan liya-liyane.
   Merga panggonane hang apik, akeh wong-wong hang mesen panggonane kanggo acara keluwarga, reuni sekolah, ulang tahun, arisan, malah nggawe video klip paran iku.
   Panggonane lumayan wera bisa nampung wong 105, kelebu beanbag 36, lan sofa 7.
   Kanggone pelanggan hang dhemen panganan pedhes, jare pedhese pas.
   Dadi seperene sak suwene mangsa pageblug, kelendi kondhisine? "Sak suwene pageblug, ya apik bain mula laire ya ring mangsa pageblug. Taping tepak PPKM iku hang kerasa temenan mudhune," jare Agus.
   Merga wong mangan iku hing mung arep mbungkus, taping setemene kepingin lungguh-lungguhan santai ambi keluwarga ring panggonan hang nyaman lan aman. Hing umpel-umpelan, paran maning ring panggonan hang ketutup.
   "Seperene mula pasar utamane lalare enom hang kepingin nongkrong ambi kanca-kancane. Lalare iki seru aktipe ring medsos, dadi hing nyeja dadi wadhah promosi pisan, gratis," jare kang Agus.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor