Camcao, Ombenan Seger Nyegah Kangker

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Mei 2020 09:06 WIB)
- Kuliner



Sakdawane ulan Puwasa gediki iki rasane gorokan kudu ngelak bain. Paran maning kadhung wayah tepak serngenge ana ring embun-embunan. Awak milu munggah panase. Weteng rasane kaya anget kemerucuk merga elom lan ngelake sing mari-mari.

Jare wong tuwek-tuwek bengen iki arane panas njero. Amerga hang ana ring weteng panganan arupa lenga-lengaan lan pedhes-pedhesan bain. Paceke kadhung wayah buka mula sing keneng ditahan kepingine mangan hang adhem-adhem kayadene es setrup hang seger. Ditambah maning ambi santen-santenan kayadene kolek lan jangan santenan iku kabeh arane nafsu hang ana ring njero ati. Jare wong tuwek bengen nemok-nemokaken, merga sedina sing mangan lan sing ngombe. Wayah buka kaya nak sembarang dipangan. Pungkasane weteng sing kuwat dadine panas njero iku mau.

Mula iku ring kene rika kabeh sun ajak nggawe ombenan seger wayah buka puwasa naming bisa nggawe enak ana ring weteng. Rasane adhem lan ngilangaken panas njero. Ombenan iku arane camcao. Wong kulonan kana ngarani cincau hijau.

1. Godhong Cao

Tanduran iki wis sakat jaman kuna-makuna diweruhi ambi wong Banyuwangi. Wujud tandurane merambat kaya wite simbukan. Godhonge tipis lan lemes serat godhong katon jelas kewela-wela. Ring Bali tanduran iki arane daluman, aran latine tanduran iki yaiku Cyclea barbata miers.

2. Carane nggawe gudir

Godhong camcao iki bisa digawe gudir. Kadhung godhonge diwejeki lan dicampur ambi banyu aju digenengaken, banyu peresan mau suwen-suwene dadi gudir utawa dadi gelatin.

Kadhung jaman bengen magih durung ana blender (juicer) godhong camcao hang akehe kira-kira rong kethem diwejeki ana ring irig ambi dicampuri banyu anget hang akehe rong gelas gedhe. Godhong camcao diwejeki kaya wong mejeki santen sampek metu kabeh wuruhe. Kadhung godhonge mau wis ajur lan gudire metu kecampur banyune aju disaring nganggo saringan teh utawa saringan santen. Mari disaring banyu gudir mau aju digenengaken ana ring wadhah sampek kenthel-kenthel dhewek. Kadhung wis kira-kira rong jam camcao wis keneng dienggo ombenan.

Kadhung hing gelem ngewejek, nerga majune jaman, bisa bain dibelender. Godhong camcao hang akehe kira-kira rong kethem mau dilebokaken ambi banyu hang akehe rong gelas gedhe. Mari gediku aju dibelender sampek godhonge ajur. Kadhung wis ajur aju disaring nganggo saringan teh utawa saringan santen. Mari disaring banyu gudir mau digenengaken ana ring wadhah sampek kenthel-kenthel dhewek.

Camcao hang wis kenthel digawe ombenan hang seger kanggo buka. Carane gampang seru. Cepakena santen rong gelas gedhe ditambah ambi gula jawa hang wis diejur nganggo banyu wedang kira-kira sak cingkir cilik. Sakteruse camcao hang wis kenthel mau diirisi kothak-kothak utawa dipasrah aju dilebokaken ana ring campuran santen lan gula jawa mau. Sakteruse bisa diendoni es wungkul sithik makene adhem. Kadhung rika sing doyan ambi santen, santene keneng diganti ambi susu kenthel.

Wis saiki ombenan dienggo buka puwasa wis semandhing. Rasane seger lan enak ana ring weteng bisa ngilangaken panas njero lan ngenakaken buwang hajat. Tur maning ombenan iki anti oksidane dhuwur bisa nyegah penyakit kangker. Hang mesti weteng adhem lan gorokan sing pati mesasaten. Mayo nyacak nggawe dhewek.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : olahane Mbok Komah

Editor: Antariksawan Jusuf