Casting lan Akting ring Pilcaleg lan Pelem
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 Mei 2023 09:03 WIB)
- Opini

Ater-ater:
Ruwahe Wak Hasnan Singodimayan tau nulis artikel nganggo basa Indonesia hang dikirim nong redhaksi bab kahanan ring negara iki kadhung tepak ngarepaken pemilu.
Casting lan Acting ring Pilcaleg lan Pelem
Ditulis ring Hasnan Singodimayan
Casting lan Acting karo-karone dijuwut teka basa Inggris naming arti empirike ana ring sakjerone pelem cerita, sara apan dialihbasa ring basa sedina-dina merga wis kelebu istilah teknis sineas.
Umpamane nong pelem, wong sampek ngomong tokoh Napoleon kaya (diperanaken) aktor Marlon Brando, aju Cleopatra kaya Liz Taylor lan Raja Nero kaya Peter Ustinov. Wong hang kritis mesthi takon: "Hing kuwalik tah, Brando iku hang kaya Napoleon, Liz Taylor kaya Cleopatra lan Peter Ustinov kaya Raja Nero?"
Dudu masalah kuwalik lan kesiluran peran taping ring masalah Casting lan Acting "milih tokoh kudu hang tepak ambi kekarepan". Hing kaya ring pelem lan sinetron Indonesia. Milih tokohe mesthi luput, paran maning acting-e. Mung sepisan hang pilihan casting-e rada cocog yaiku Cut Nyak Dien hang diperanaken Christine Hakim. Sakmareke iku hing ana maning aktor hang bisa dadi andhelan tokoh Indonesia.
Cuma sak kelerepan tokoh Kiyai Ahmad Dahlan lan Kiyai Wahid Hasyim, taping tokoh Bung Karno ring pelem Revolt in Paradise kurang ngewani kesan. Milih tokoh kanggo pelem cerita sing kaya milih tokoh ring pemilu.
Gambar lan baliho dhirik ring pinggir dalan ambi aktinge hang kampungan lan dijangkepi ambi tulisan hang biyasahe akeh ngapusine lan nggawe budhuh. Merga engko dadine kaya pelem sinetron "hing padha ambi kekarepan."
Wong-wong iku hing kaya Cut Nyak Dien, hing kaya Ahmad Dahlan lan hing kaya Wahid Hasyim, paran maning Bung Karno. Wong-wong iku mung kaya selebriti hang njumbul ring sinetron. Dadi paran bain wis sukur bisa njumbul lan sukur ulih picis. Dene masalah mutune apik tah sing, hing perlu direken.
Para selebriti iku hing nduwe nurani lan cita-cita. Kelendi engko dadine Republik iki? Hing ngereken. Dijajah maning ring materi. Hing ngereken negara arep disigar telulas. Pancasila mung dadi Panci sela, wadhahe watu lan rakyat mangan watu. Hing perdhuli.
Merga hang ana ring endhase mung picis lan kulit dadi ya hing perlu casting lan acting. Para caleg iku mung aktor lan aktris hang hing nduwe bakat. Casting lan acting-e mung ngapusi lan nggawe budhuh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasnan Singodimayan
Editor: Antariksawan Jusuf