Cathetan Bab Lagu Anak ring Gendhing Using (Bagiyan 1 teka 2)
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Kamis, 14 Maret 2024 10:13 WIB)
- Opini
Ring taun 1976-an ana pirangane seniman seniyor Banyuwangi katon ngopi ring parek sasak kepatihan pareke Percetakan Menur, Banyuwangi.
"Tema paran hang durung tau diceritakaken ring gendhing Banyuwangi, kayane emeh kabeh tema wis ditulis?" Takone Mahawan hang menang Lomba Gurit RKPD Blambangan nyang kanca-kancane.
Pitakonan hang kerasa nantang iku nggarahi Machfud Hariyanto, BS. Noerdian lan Andang CY hang nepaki ngopi mengkerut bathuke. Pating saur manuk, aju njawab pitakonan ambi nyobak niteni lan nengeri. Sarta wis digesahaken rada suwe, teka pitakonan hang mula sing gampang ulihe ngewani jawaban iku, pungkasane jaktelon nyimpulaken pirangane penemune.
Kayadene hang wis diweruhi gok emeh kabeh tema wis tau diceritakaken ring gendhing-gendhing Banyuwangen. Mulai teka bab kahanan sosiyal budaya masarakat Banyuwangi sampek bab welas asih hang ngambahi maneka rasa hang didileng teka bucu-bucu penyawangan hang beda-beda mula wis kabeh diceritakaken ring gendhing-gendhing Using. Pungkasane kabeh nduwe penemu gok tema hang durung tau digawe lagu utawa gendhing yaiku tema donyane lalare cilik lan bab maritim.
Gendhing hang temane ngenani jayane donya maritim minangka salah siji sumber kekuwatan pengasilan lan asset kaendahan alam hang diduweni masarakat Banyuwangi pungkasane dijawab ring pirangane lagu kayata; “Nyebar Jala” (Machfud Hariyanto/Mahawan), “Mancing” (BS. Noerdian), “Segara” (Catur Arum) lan “Telung Segara” (Yons DD/Catur Arum) uga ana “Nyeser Nener”.
Teka ring donya maritim, para seniman uga nyacak njawab tantangan bab melarate gendhing Banyuwangi hang nganggo tema anak. Aju njumbul gendhing-gndhing hang nyeritakaken bab maneka maceme memengan/menganan lalare cilik kala iku. Lair gendhing-gendhing kayata; ‘Ula-ula Rase” (BS. Noerdian/Andang CY), “Inthing-inthing Es” (BS. Noerdian/Mahawan), “Tim-timbul” (BS Noerdian/Mahawan), lan seteruse minangka jawaban teka pitakonan lan tantangan mauka.
Sing kelalen pisan, arsiran tema lagu bab welas asih nyang anak nyebabaken melecire gendhing-gendhing kayata; "Lela-lela”, “Petek-petek Suku”(Machfud Hariyanto/Andang CY), “Tetak-tetak”, "Mandolin" (Dipopuleraken OM. Gavillas), “Deg-deg Lirang”, “Mbales Budi” (BS Noerdian) lan seteruse.
Gendhing hang jumbul biyasahe nyeritakaken proses gedhe lan dewasane anak. Ana pengarepan gedhi hang disandaraken wong tuwek utawa anang-adon nyang anak putu keturunane, supaya lebih siyap ngadhepi urip lan penguripan makene lebih apik lan lebih sukses teka pengarepane embah buyute.
Ring cathetanisun, rekaman gendhing hang tujuwane nyasar lalare cilik kawitane teka seni angklung. Ana album hang nduweni label “anak” diwani judhul “Angklung Anak-anak-Sri Tanjung-Ngarak Penganten” direkam nyang Indra Recording Cabang Kalibaru, Banyuwangi ring taun 1976 kaya hang ketulis idin produksine nomer 138/ADK/1976, ana jebeng telu yaiku; Sumiati, Suciati lan Laila Yusuf nggandhangaken 11 gendhing Using kelawan iringan angklung. Gendhing-gendhing hang dinyanyiaken yaiku; Sri Tanjung, Ngarak Penganten, "Melodi", "Tik-tik Uwil" lan seteruse. Sakuwise iku njumbul maning rekaman album lagu anak hang jenis musike beda yaiku gandrung kelawan judhul “Gandrung Anak-anak – Soemiyati – Panas-panasan” hang isine ana 10 gendhing Using kayata; “Kepingkel-pingkel”, “Panas-panasan”, “Suko-suko”, lan liya-liyane. Keloron album iku minangka dadi cagak kawitan rekaman gendhing anak-anak. Masiya nyeja dipeleciraken kanggone ngewani pilihan nyang suguhan tema ring kesenian gendhing Banyuwangi, taping katone rong album iki mung dadi kaya suguhan kanggone wong dewasa hang digandhangaken lalare cilik hang seja dikuwataken kelawan banderol album anak-anak.
Ana sambungane.
Ditulis ring Elvin Hendratha
Anggota Dewan Kesenian Blambangan; Pembina Sanggar Seni Joyo Karyo; Pengamat/Penulis Seni dan Budaya Banyuwangi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.