Cathetan Juri, Lomba Video Memengan Teradhisional 2025
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 28 Juli 2025 08:37 WIB)
- Opini
Lomba Video Tutorial dan Cara Memainkan Memengan Tradisional Tujuh Kebiasaan Anak Indonesia Hebat Jenjang SD dalam rangka Festival Memengan Tahun 2025 hang dianakaken Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi iki sakkelerepan katone dadi kegiyatan hang positif lan inovatif kanggone murid lan guru ring jenjang Sekolah Dasar.
Ana telung puluh siji video hang kudu dipendeliki juri kanggo milih sepuluh video hang apik lan sakteruse dipilih juwara 1, 2, 3 lan harapan 1, 2, lan 3. Naming sakmono akehe peserta magih akeh uga hang durung paham nyang ukuran dasar video yaiku video kudu format landscape lan nganggo kualitas video minimal 720 P utawa Video HD. Sing sithik magih peserta nganggo format portrait lan kualitas pideone nong ngisore 720 P. Muga-muga bain taun ngarep kadhung magih dianakaken lombane maning hang dhasar gediki iki sing dilanggar maning.
Peserta lomba hang perwakilan teka kecamatan-kecamatan ring Banyuwangi iki magih akeh hang sing ngarti nyang karepe lomba, umpamane video hang digawe kudu video hang edukatip lan menghibur. Dadi masiya video iki sipate tutorial cara nggawe memengan teradhisional lan cara mainaken memengan iku mau aja sampek ninggalaken menghibur iku mau. Kudu njaga kelendi carane bisa menghibur lan netepi pondhasi pembelajaran hang ndhemenaken.
Sakliyane iku magih ana kriteria hang sing kalah pentinge yaiku ana ring kreatipitas video hang kelebu ring antarane teknik shooting lan editing. Kelendi nggawe gambar hang sing flare utawa over light lan gambar hang alus sing bureng.
Take video kudu variatif makne tampilan video sing nggawe hang nonton iku bosen merga gambare mung madhep mengarep bain. Sudut pengambilan gambar iku mau penting merga video iki video pembelajaran hang sipate tutorial. Nggawe gambar hang jelas bisa nganggo Teknik zoom ini utawa close up makene gamblang lan jelas.
Teknik editing kayadene teknik rekam suwara ring njabane rekam video makene suwara iku rijik lan sing noise iku uga dadi pertimbangane juri kanggo namtokaken sapa hang pantes dadi juwara.
Hang mesthi iki lomba kawitan hang dianakaken Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi hang bisa kanggo sinau anggone guru-guru lan murid ring lomba taun ngarep. Paran maning Basa Using bisa diwajibaken dadi pengantar ring pideone, masiya taun iki durung dadi pengantar wajib, saksinge bisa nambah jejege Basa Using ring Banyuwangi iki. Taun ngarep lombane bisa ditingkataken maning paran maning dikawiti ambi workshop nggawe video tutorial anggone guru-guru SD sak Kabupaten Banyuwangi gena bisa tambah apik lan tambah bener anggone gawe video tutorial.
Lomba Video Memengan Teradhisional iki bisa diarani repon positif dunia Pendidikan ring jaman donya digital iki. Bisa diarani sekolah-sekolah SD hang ana ring Banyuwangi iki saiki wis melek digital lan bisa nganggo sarana digital mau dadi media pembelajaran hang apik lan nyenengaken anggone murid hang belajar ring sekolah.
Hang dadi juwara ana ring Lomba Video Memengan Tradisional iki antarane bain, yaiku: Juara 1, Kapal-kapalan pelepah pisang Kecamatan Kabat; Juwara 2, Kapal-kapalan pelepah pisang Kecamatan Licin; Juwara 3, Jaranan Kardus Kecamatan Tegalsari; Juwara Harapan 1, Kapal-kapalan serabut kelapa Kecamatan Sempu; Juwara Harapan 2, Dakon Kecamatan Kalipuro; Juwara Harapan 3, Dakon Kecamatan Glenmore
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf