Celathu Diajaraken nang Sekolah, Gelemtah?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Juni 2024 08:55 WIB)
- Opini



Tepak Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Dr. Umi Kulsum mbukak acara Revitalisasi Basa Jawa Dialek Using, iyane nyerempet bab mata ajar kanggo lalare.
   "Sayangnya celathu belum masuk" (ring daptar mata ajar hang diuwakaken nang lare-lare-red), jare Bu Umi.
   Makene lalare enom lebih dhemen nang basa dhaerah Badan Bahasa wis nemtoaken pitu mata ajar hang ditularaken teka maestro nyang guru master, ditularaken maning nang guru-guru liyane sampek nggadug nang murid-muride. Pitung mata ajare yaiku Maca lan Nulis, Ndongeng, Nulis Cerita Cendhek, Gurit, Pidhato, Nembang lan Ngewer.
   Bu Umi ya ngengetaken kadhung hing ana wigati hang cukup teka lalare enom, basa dhaerah bisa musna. "Basa Sanskerta, basa Latin malah basa Jawa kuna bisa ilang merga hing ana kekarepan teka lare-lare enome kanggo nguri-uri."
   Isun rada kemesud rungu pidhatone. Merga celathu bisa dadi mata ajar kanggo lalare sekolah?
   Sulung tah hing salah perungon tah kuping iki? Masiya celathu wis dadi bagiyan produk basa Using, taping celathu iku mung dadi residu hang sing perlu dibuwang naming ya aja sampek diajaraken nang lalare.
   Naming jare budayawan Abdullah Fauzi, celathu hang urip ring masarakat hing mesthi nduweni arti negatip. Paling using wis dijugeri lan digesahaken ring Hasnan Singodimayan, H.Andang CY, Mas Kakang Soeroso, H.Asmai Hadi, Bs. Noerdian lan anggota Badan Komunikasi Kesenian Kecamatan Banyuwangi (BK3B) ring kawitan taun 1990an.
   Panggonan musawarahe noring ruang camat Banyuwangi lan sering uga ring Studio 3 RKPD. Celathu iku uga kerep dienggo ring masarakat kanggo nguwel taping hang diuwel malah munyik-munyik.
   Ana pisan celathu hang isine nasihat lan ana pisan celathu hang ngewani solusi teka kedadeyan-kedadeyan hang ana.    
   Mangkane celathu dijumbulaken minangka istilah hang ngewani tandha sandhiwara Using hang wis dilakoni sakat taun 1970an ring RKPD. Kadhung ring Surabaya ana Ludruk, Medura ana Ajing, Jawa Tengah ana Ketoprak, ring Banyuwangi ana Celathu.
   Sun milu mikul tanggung jawab pekara cathetan iki merga iaun milu prosese, malah didadekaken kelompok percontohan celathu. Uwong-uwonge antarane yaiku Mas Kakang Soeroso, Kang Ujik, Hasnan Singodimayan, Ririn, Supinah, Mislatin lan mburi-burian ana Aden Syahlana, Akbar, Mak Lilik lan liyane. Merga iku ring kawitan taun 1990an dianakaken Festival Celathu sampek jamane Bupati Samsul Hadi.
    Gedigu tulisane Kang Ujik.
    Kayane Celathu hang diomongaken Kang Ujik ambi isun iki kewan hang beda. Isun mbukak kamuse Pak Hasan Ali, celathu artine: mengumpat utawa memarahi. Lan iki hang hun pahami sak suwene isun ngarteni basa Using.
   Dene celathu hang dimaksud Kang Ujik iku setemene drama hang isine ana wong celathu.
   Kadhung celathu hang nganggo pengertian ring kamus, hing pantes dadi mata ajar ring Program Revitalisasi Basa Using.
   Masiya kadhang isine nggawe wong munyik utawa ana solusi, celathu lebih kenthel aura negatip hang kudune hing kathik digawa nang njero kelas.
   Dene ring basa Using sedina-dina ring donyane wong dhewasa, celathu iku ana ya hing paran-paran. Lan pekara wong celathu tah sing iku pilihane wong hang wis bisa mbedakaken endi hang elek endi hang apik. Taping dienggo pelajaran ring sekolahan? Kayane hing ana wong tuwek hang gelem anake diajari celathu.
  Program Revitalisasi Basa Using iki wis melebu nang Program Merdeka Belajar episode 17 teka Kementrian Pendidikan, Riset lan Teknologi, yaiku Revitalisasi Bahasa Daerah. Engko arep ana diskusi lanjutane antarane Balai Bahasa ambi para maestro kanggo pembinaan lan pengembangan basa Using hang wis nduwe lemek peraturan dhaerah.
   Dadi, aja kathik nggawa celathu dadi mata ajar wis.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor